Selasa, 22 November 2011

Bazar Pasar Rakyat Hima Jawa 2011

Sumangga enggal-enggal dhateng wonten ngajeng Gedung Kuliah I FBS, UNY. Wonten menapa? Ing mriku wonten pasar rakyat Hima Jawa UNY. Pasar rakyat Hima Jawa menika proker saking Hima Jawa UNY kangge mangeti datengipun akhir taun ingkang ugi akhir kepengurusan kangge pengurus Hima Jawa periode 2011. Pasar rakyat menika dipun-wontenaken saben taun, kangge taun menika dipun-wontenaken wonten ngajeng Gedung Kuliah I FBS, UNY. Pasar rakyat Hima Jawa taun menika sampun wonten wiwit dinten senin, 21 Nopember 2011. Wonten pasar rakyat Hima Jawa dipun-sade maneka warni barang sadenan, kadosta kerajinan-kerajinan tangan saking Kabupaten Gunungkidul, wonten ugi bazar buku-buku murah, menawi badhe njajan wonten mriku ugi wonten sadenan jajanan kadosta snack-snack alit, ingkang sepesial wonten jajanan maneka warni jamur, saking jamur goreng, kripik jamur, lsp. Menawi wonten ingkang badhe tumbas motor, wonten mriku ugi wonten pameran motor saking Honda, wonten stand Honda panjenengan saged nyuwun pirsa regi-reginipun motor Honda, utawi menawi badhe nyuwun pirsa babagan motor-motor enggal saking Honda menika menapa mawon.
Pasar rakyat Hima Jawa menika dipun-wontenaken nganthos dinten Kamis, 24 Nopember 2011, sumangga ingkang dereng mriksani utawi ingkang sampun mriksani ananging dereng tumbas, enggal-enggal dhateng ngajeng Gedung Kuliah I FBS, UNY, sampun nganthos kesupen lan ketilaran. Sampun kathah ingkang tertarik nganthos tumbas khususipun kerajinan. Kerajinan wonten mriku sanes kerajinan biyasa, wonten kerajinan topeng cendrawasih, kerajinan boneka cangik, wonten ugi wayang golek. Kangge ibu-ibu wonten tatakan gelas saking kayu, wonten ugi nampan saking kayu. Kangge mahasiswi-mahasiswi ingkang gaul, wonten mriku dipun-sade ugi sendal-sendal ayu ingkang dipun-damel saking kayu ingkang dipun-batik, sae sanget. Rugi menawi boten mriksani, langkung-langkung boten tumbas. Sumangga enggal-enggal wonten Pasar Rakyat Hima Jawa UNY ingkang panggenanipun wonten ngajeng Gedung Kuliah I FBS, UNY. Sampun nganthos kesupen lan ketilaran nggih, namung nganthos dinten Kamis, 24 Nopember 2011. (Amin '09)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar