Kamis, 08 Desember 2011

Mading Hima Jawa UNY


Mading Hima Jawa UNY sampun terbit. Manggenipun wonten papan sisih wetan gedung C 13 FBS UNY. Mading minangka proker saking divisi PENA Hima Jawa UNY menika ngemot babagan maneka warni.  Ingkang dados headline wonten mading samenika inggih menika pawartos-pawartos babagan proker-proker Hima Jawa ingkang nembe mawon sampun kalampahan kadosta PAK Hima Jawa UNY ingkang pungkasaning adicara inggih menika wayangan ingkang dalangipun Mas Rendy saking mahasiswa Pendidikan Bahasa Jawa angkatan 2008. Pawartos babagan PAK Hima Jawa menika ugi dipun-jangkepi kaliyan foto-foto dokumentasi adicara PAK menika. Boten namung pawartos babagan PAK, mading samenika ugi ngemot pawartos babagan proker-proker sanesipun ingkang sampun kalampahan, kadosta Baksos utawi Bakti Sosial Hima Jawa UNY. Baksos sampun kalampahan rikala dinten sabtu, 29 Oktober 2011. Baksos taun samenika dipun-wontenaken wonten panti asuhan Darul Yatama wonten daerah Blotan Wedomartani Ngemplak Sleman, Yogyakarta. Saking adicara baksos menika kula lan panjenengan saged nyinaoni ilmu sosial inggih menika peduli kaliyan tiyang sanes, bilih taksih kathah tiyang wonten njawi menika ingkang dereng sebeja kados kula lan penjenengan sedaya saged kuliah, ugi seged urip tentrem raharja kaliyan tiyang sepuh piyambak-piyambak.
Ingkang boten remen maos pawartos, wonten mading ugi wonten setunggal geguritan ingkang sae. Lan taksih kathah malih isinipun mading sanesipun. Sumangga enggal-nggal rawuh wonten papan mading wonten gedung C 13 FBS UNY. (Amin ’09)
                                                                                     

3 komentar:

  1. keren, mungkin bsuk klw kantornya sudah jadi pindah dan permanen menetap, madingnya bisa dilombain...dan dibuat patren seperti mading-mading di seekolah

    BalasHapus
  2. Sipppppppppp dah!!! HIMA JAWA tansaya maju!! Hohohoho...
    (^_^)!!

    BalasHapus
  3. admin ngaturaken matur nuwun awit pamrayogi saha panyaruwehipun

    BalasHapus