Tampilkan postingan dengan label hima PBD FBS UNY. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label hima PBD FBS UNY. Tampilkan semua postingan

Jumat, 06 Januari 2012

Buletin UDYANA Taun Menika


Menika sedaya koleksi buletin UDYANA taun menika, saking edisi 1 ngantos dumugi edisi pungkasan taun menika, Sumangga ingkang dereng maos, lajeng badhe maos, saged langsung dipun-download kemawon :
1. udyana edisi 1.pdf
2. udyana edisi 2.pdf
3. udyana edisi 3.pdf.
Waos SalajengipunBuletin UDYANA Taun Menika

Selasa, 22 November 2011

Bazar Pasar Rakyat Hima Jawa 2011

Sumangga enggal-enggal dhateng wonten ngajeng Gedung Kuliah I FBS, UNY. Wonten menapa? Ing mriku wonten pasar rakyat Hima Jawa UNY. Pasar rakyat Hima Jawa menika proker saking Hima Jawa UNY kangge mangeti datengipun akhir taun ingkang ugi akhir kepengurusan kangge pengurus Hima Jawa periode 2011. Pasar rakyat menika dipun-wontenaken saben taun, kangge taun menika dipun-wontenaken wonten ngajeng Gedung Kuliah I FBS, UNY. Pasar rakyat Hima Jawa taun menika sampun wonten wiwit dinten senin, 21 Nopember 2011. Wonten pasar rakyat Hima Jawa dipun-sade maneka warni barang sadenan, kadosta kerajinan-kerajinan tangan saking Kabupaten Gunungkidul, wonten ugi bazar buku-buku murah, menawi badhe njajan wonten mriku ugi wonten sadenan jajanan kadosta snack-snack alit, ingkang sepesial wonten jajanan maneka warni jamur, saking jamur goreng, kripik jamur, lsp. Menawi wonten ingkang badhe tumbas motor, wonten mriku ugi wonten pameran motor saking Honda, wonten stand Honda panjenengan saged nyuwun pirsa regi-reginipun motor Honda, utawi menawi badhe nyuwun pirsa babagan motor-motor enggal saking Honda menika menapa mawon.
Waos SalajengipunBazar Pasar Rakyat Hima Jawa 2011

Sabtu, 12 November 2011

Anjangsana Wonten KAMASUTRA UGM


Anjangsana menika salah satunggaling proker saking divisi PENA Hima Jawa UNY. Proker menika ancasipun kangge ngeraketake antaraning Hima Jawa UNY kaliyan Hima-Hima sanesipun. Taun kepungkur Hima Jawa UNY anjangsana wonten Hima PKNH FIP UNY. Kangge taun samenika, Hima Jawa UNY anjangsana dhateng Kamasutra UGM. Kamasutra UGM menika Himpunan mahasiswa saking jurusan Sastra Nusantara UGM. Ancasipun anjangsana taun menika wonten Kamasutra UGM inggih menika, ngraketaken paseduluran kaliyan mahasiswa utawi himpunan mahasiswa ingkang sami-sami ngelmu babagan bahasa, sastra, lan budaya daerah khususipun daerah Jawa.
Adicara menika kalampahan dinten Jumat, 28 Oktober 2011. Rombongan saking Hima Jawa UNY dhateng dumugi Kamasutra UGM kirang langkung pukul 15.30. wonten mriku, rombongan dipun-sambut kanthi sae.
Waos SalajengipunAnjangsana Wonten KAMASUTRA UGM

Selasa, 28 September 2010

Sugeng Rawuh lan Sugeng Pitepangan

Tepangaken menika blog Hima PBD FBS UNY. Blog menika dipundamel ing pangangkah supados para kadang sutrisna jurusan Pendidikan Bahasa Daerah saged sami paring pirembagan, sami panyaruwe ing babagan basa lan budaya Jawa. Sasanesipun menika, blog jawa ugi minangka sarana informasi saking jurusan lan saking HIMA. Cekap semanten saking blog hima pbd, kritik lan saran saking panjenengan tansah kula antu-antu. Ing wasana mugi blog menika paring guna lan faedah dhumateng kula lan panjenengan sami. Hayu, rahayu sugeng pitepangan. Sampuuuuuuunnn... ^_^
Waos SalajengipunSugeng Rawuh lan Sugeng Pitepangan