Kamis, 08 Desember 2011

Mading Hima Jawa UNY


Mading Hima Jawa UNY sampun terbit. Manggenipun wonten papan sisih wetan gedung C 13 FBS UNY. Mading minangka proker saking divisi PENA Hima Jawa UNY menika ngemot babagan maneka warni.  Ingkang dados headline wonten mading samenika inggih menika pawartos-pawartos babagan proker-proker Hima Jawa ingkang nembe mawon sampun kalampahan kadosta PAK Hima Jawa UNY ingkang pungkasaning adicara inggih menika wayangan ingkang dalangipun Mas Rendy saking mahasiswa Pendidikan Bahasa Jawa angkatan 2008. Pawartos babagan PAK Hima Jawa menika ugi dipun-jangkepi kaliyan foto-foto dokumentasi adicara PAK menika.
Waos SalajengipunMading Hima Jawa UNY