Sabtu, 09 Desember 2017

JUARA 1 LOMBA KEPENULISAN ESSAY PAK 2017



PANGUDI MAHASISWA KAGEM BANGUN BANGSA
KANTHI BUDAYA KANG LESTARI
Dening:Ari Suryanto

A.    Tegesipun pangudi mahasiswa
            Mahasiswa inggih menika priyantun siswa ingkang sampun mangertosi menapa menika sejatosipun ngudi ilmu,ugi siswa ingkang sampun saget srawung sinawungan wonten bebrayan masrakat.Mahasiswa menika kedah langkung sae kairing owah gingsiripun zaman sakmenika.peran mahasiswa ugi penting sanget.Amargi mahasiswa ingkang badhe nerasaken sedaya budaya sosial masarakat ingkang dados ciri khas bangsa Indonesia.
Boten namung segi intelektual kemawon ananging saking segi religi kaliyan sikap para mahasiswa ingkang saget dipun pitados sanget penting kagem bangun bangsa,supados bangsa menika tansah lumampah kanthi sae mujudaken cita cita bangsa miturut tata tumindhak lan tata laksana saking tujuan ipun pancasila.
Peran mahasiswa ingkang dipun utamakaken inggih menika peran mahasiswa kagem mrantasi kabodhoan,saget dados tokoh pelajar,mbiyantu ugi nyengkuyung pembangunan lan sanesipun.Dene faktor ingkang penting sanget inggih menika mahasiswa dados tokoh pelajar.Kawontenanipun tokoh pelajar menika saget ndamel sawijining bangsa saget langkung sae.Amargi mahasiswa inggih menika tokoh perjuangan ingkang badhe bangun bangsa wonten mangsa ingkang badhe kalampah.Tokoh pelajar menika anggadahi pemikiran ingkang langkung kritis ugi saget jumbuh kaliyan pembangunan bangsa.Boten malah nindhakaken tindhakan ingkang anarkis lan mboten gemah raharja tumrap nagara.
Sakmenika kathah sanget mahasiswa ingkang dados priyantun terpelajar amargi kathahipun ilmu ingkang dipun sinaoni.Ilmu menika boten namung saking dalem kemawon ingkang dipun sinaoni ananging ilmu saking jawi ugi saget beta dampak ingkang langkung ageng kagem bangun bangsa menika.Ugi ilmu punika saget dipun paringaken dhateng bocah-bocah ingkang kirang mampu kagem ngubah pandhelengan ingkang langkung sae wonten mangsa saklajengipun.
Mahasiswa ugi kedah nggadahi jiwa nasionalis ingkang inggil supados boten owah wonten proses kagem bangun bangsa menika.Kathah ingkang nggadahi pamanggih bilih priyantun anem menika gampil owah,lan wekdal kados mekaten punika temtu kemawon dipun ginakaken kaliyan pihak-pihak tinamtu supados upaya kagem bangun bangsa menika wonten gangguan utawi malah mandheg ing tengahing proses.Ananging menawi para mahasiswa menika anggadhahi jiwa nasionalis ingkang sae,upaya saking pihak-pihak kalawau boten saget ngowahi kapribaden nasionalis para tokoh terpelajar menika.
Kathah para tokoh terpelajar ingkang kasil saking jawi ugi dalem negeri saget mangertos bilih bangsa menika bdahe wonten perubahan ingkang ageng.babagan ingkang dipun tenanaken umpaminipun wonten bidang budaya.Budaya wonten Indonesia menika boten saget dipun etang ngaggem jariji.Kathah sanget budaya ing Indonesia ingkang wonten ing
wilayah wilayah nusantara menika.Ananging sakmenika kathah budaya saking jawi ingkang urip wonten Indonesia menika.
Budaya Indonesia wonten era globalisasi menika malah tansaya luntur kairing owah gingsiripun zaman.Kayata wonten ing  film-film,sinetron,lan media sanesipun.sedaya menika kasil saking budaya era golbalisasi.Wonten arus globalisasi menika boten among ngendhika babagan bangsa Indonesia kemawon ananging cobi dipunpirsani wonten bangsa bangsa sanes.kabudayan wonten  bangsa maju,berkembang ugi sanes-sanesipun  ugi sampun sami luntur budaya luhur ingkang baken.Kayata ingkang dipun andharaken Ngugi Wa Thong Kenya,ngandharaken bilih “perilaku dunia barat,khususnya Amerika,sedemikian rupa sehingga mereka seolah-olah sedang melemparkan bom budaya terhadap rakyat dunia.”.miturut pamanggih punika ,bangsa-bangsa punika  nggadhahi ancas supados budaya-budaya ingkang baken saget luntur ugi saget ilang.dados bangsa-bangsa punika bingung kados pundi caranipun madosi budaya budaya ingkang asli saking bangsa kasebut.
Globalisasi menika anggadhahi makna ingkang kathah saking pinten-pinten titik perkawis.manungsa kathah ingkang nggadhahi pamanggih bilih globalisasi inggih menika sawijining proses ngilangaken donya,utawi donya menika namung dipun anggep saawijning kutha cilik kemawon.Ananging ugi wonten ingkang anggadhahi pamanggih bilih globalisasi inggih menika upaya kagem ngumpulaken,ngraketaken masarakat donya saking babagan gesang,orientasi,kaliyan budaya.
B.     Dampakipun globalisasi kagem Seni  lan Budaya
Ingkang baken,proses globalisasi menika kedah selaras lan nyata alamiah kayata ing dalem Al-Qur’an, inggih menika “Allah nyiptakaken manungsa menika ing mapinten-pinten golongan utawi suku,Supados panjenegan sedaya sami tepang maring sesama”.Ananging globalisasi malah mujudaken satunggaling budaya  kedah dipun trapaken  wonten bangsa-bangsa ingkang boten sami,kanthi mekaten nggadhahi teges bilih bangsa pribumi (Indonesia),ugi bangsa –bangsa sanes saget kasingkir lan boten anggadhahi ruang kagem nerapaken budaya ingkang baken.
Proses globalisasi ingkang selaras kaliyan tatanan pagesangan manungsa lan sakrowanipun sejarah gesang manusia,pancen wonten upaya manungsa kagem ngrketaken pasederekan supados sami pikantuk bedanipun ugi pikantuk ilmu ilmu kagem ngraketaken bangsa menika.Ananging akhir-akhur puniki bangsa barat nggadahi usaha meksa masarakat donya menika supados saget nampi tatanan kabudayan barat kanthi lewat globlisasi menika.Kadadosan punika temtu damel masarakat dunya menika boten manguri-uri budaya luhur ingkang baken ananging budaya ingkang sampun dipun gantos inggih menika budaya barat ingkang nggadahi kesan radikalis.
Globalisasi saget nekakakaken musibah kagem seni ugi budaya kita,amargi globalisasi menika dipun ibarataken angina ingkang ageng ingkang saget nyabut akaripun budaya menika.Ananging wonten segi sanes,globalisasi saget nuwuhaken kasempatan kagem bangsa-bangsa sanes ingkang kathah budayanipun.Seni bangsa kita menika saget kondhang kawentar wonten bangsa-bangsa sanesipun lan damel pengaruh ingkang ageng wonten ing donya menika.Kanthi punika ,bangsa Indonesia percados dening budaya bangsa Indonesia menika kiat lan boten saget ewah miturut ewah gingsiripun zaman globalisasi.

C.    Pangudi Mahasiswa Kagem Pananggulan Kabudayan Wonten Era Globalisasi
Mahasiswa menika ingkang dados “ agen social of change” anggadhahi tanggel jawab kapribaden ingkang wonten  ing dalem bangsanipun. Mahasiswa ngemban tanggel jawab menika kagem nanggul kabijakan-kabijakan pemerintah ingkang boten selaras kaliyan limrahipun pagesangan masarakat.Mahasiswa menika dados oanyabung pamanggih saking masarakat kaliyan pemerintah.Mahasiswa boten namung ngandharaken akademis kemawon ananging ugi sosial masarakat . Ugi wonten babagan ngembangaken budaya-budaya ingkang sampun dados identitas bangsa Indonesia menika.Kayata seni batik,beksan-beksan saking daerah daerah,tembang daerah lan sanesipun.
Kabudayan menika sedayanipun tata cara wonten masarakat,ingkang ngemot tata cara pagesangan,ilmu pengetahuan,kapitadosan seni,undang-undang,moral,ugi adat istiadat wonten masarakat.Menika nggadhahi teges bilih sawijining masarakat utawi bangsa anggadhahi kabudayan ingkang boten sami lan menika dados ciri khas ipun sawijining bangsa menika ingkang kedah dipun jagi.Saking mekaten manungsa mboten remen bilih wonten penjajahan kabudayan amargi sedoyo mangertosi bilih kabudayan ingkang dipun gadhahi sawijining bangsa ngemot lahiriyah kaliyan batiniah ingkang kedah dipun jagi amargi boten wucal saking elemen ingkang baken inggih menika gagasan utawi ide, alasan kaliyan pocapan.
Pangudi mahasiswa kagem pananggulan kabudayan Indonesia inggih menika :
1.)    Mahasiswa dados priyantun akademis kedah anggadhahi pangudi kados pundi nyaring kabudayan-kabudayan asing ingkang mlebet wonten masarakat Indonesia khususipun priyantun anem.
2.)    Nyuwun dhumateng pemerintah supados langkung kooperatif dhateng budayawan-budayawan ingkang kraket kaliyan perkawis punika.
Sedaya punika  kedah dipun laksanakaken supados budaya ingkang wonten ing bangsa Indonesia menika saget dipun kembangaken lan saget dipun uri-uri supados boten luntur lan tetep dipun jagi ugi dipun lestarikaken kanthi dipun kembangaken supados identitas  bangsa menika taksih wonten ing dalem masarakat ugi wonten bangsa Indonesia menika. Menawi boten mahasiswa ingkang jagi lajeng sinten?. Mangka saking mekaten kita kedah ngemban tanggel jawab menika kagem jagi “harta ” menika kanthi nguri-uri ugi ngembangaken budaya menika.




Referensi:
Poespawardojo, Soerjanto. 1993. Strategi Kebudayaan; Suatu Pendekatan Filosofis. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama.
Karim, Abdul,Sukandi. 1999. Sang Pujangga; 70 Tahun Polemik KebudayaanMenyongsongSatu Abad S. Takdir Alisyahbana. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Berger, Asa, Artur. 2000. Tanda-Tanda Dalam Kebudayaan Kontempore. Yogyakarta: Tiara Wacana.

Waos SalajengipunJUARA 1 LOMBA KEPENULISAN ESSAY PAK 2017

Kamis, 07 Desember 2017

JUARA 3 LOMBA KEPENULISAN ESSAY PAK 2017



MAHASISWA MINANGKA KIDS JAMAN NOW 

Mahasiswa inggih menika salah satunggaling agen ingkang dipun dapuk minangka pinerus bangsa. Sanes babagan bela negara kemawon, ananging wonten babagan menika mahasiswa ugi ndherek minangka pelopor lajeng ngrembakaaken kabudayan lan njagi kabudayan saking pengaruh globalisasi wonten ing masyarakat saha andadosaken tuladha khususipun kangge tiyang-tiyang ingkang pawiyatanipun taksih wonten ing jenjang ingkang langkung andhap tinimbang mahasiswa kala wau. Dados mahasiswa tegesipun kita dipun tuntut kangge jumeneng piyambak kaliyan mlampah piyambak kanthi sedaya wujud kapiyambakan. Sampun mboten wancinipun kangge kathah ngeluh kaliyan karekaosan ingkang wonten, ananging menika saktemene wanci ingkang leres kangge mbuktekaken saha saged kangge mutusaken sedaya perkawis igkang wonten kanthi rapi ugi sae.
Status mahasiswa menapa badhe dados status kemawon ? lajeng kangge menapa status kala wau ? menapa ingkang dipun banggakaken minangka dados mahasiswa ? Menika kala wau ingkang dados pitakenan wonten ing manah kula, menapa ingkang saged kula banggakaken saking awak kula ingkang dados mahasiswa menika. Menapa namung sewates jas almamater ingkang rumaket ing awak kula ? kula kinten mboten. Amargi wonten ing kiwa tengen kula menawi wonten kampus, sedaya ugi ngangge jas almamater menika. Ananging nggih, almamater menika ingkang ndadosaken satunggaling tiyang supados ngasilaken satunggaling karya lan lajeng majeng kangge integritas kampus lan ugi kangge surungan dhumateng mahasiswa supados ngasilaken prestasi saha kukuh marang kewajiban ingkang dipun pikul sawetawis ngangge jas almamater ing satunggaling universitas menika.
Dados mahasiswa menika pancen anggadahi biji ingkang langkung. Saksanesipun status sosial ingkang langkung inggil, lulus kuliah lan nyandhang gelar sarjana ugi taksih dados impen kangge bocah jaman menika. Saengga saged dipun andharaken bilih dados sarjana menika kanthi ancas ingkang “termainstream” tiyang kangge nempuh pawiyatan ingkang inggil. Lajeng menapa ingkang saged kita tindakaken nalika dados mahasiswa lan sesampunipun dados sarjana ? nggih, mahasiswa inggih menika agen ingkang nyaluraken aspirasi saha panggalih rakyat saengga purun menapa mboten ing perkawis menika kita minangka mahasiswa ugi calon sarjana kedah saged ngowahi pola pikir saking ingkang taksih remen royal lan dolan-dolan  ngantos dumugi mahasiswa ingkang cendekia , takwa , lan tanggung jawab.
Tebih sakderengipun ancas-ancas ingkang sanes, pawiyatan inggil ing hakekatipun awit kangge ngowahi pola pikir mahasiswa. Salah satunggaling tiyang dipun tampi dados mahasiswa enggal ing satunggaling pawiyatan inggil lajeng menika badhe dipun panggihaken kaliyan sedaya perkawis ing kampus. Umumipun satunggaling tiyang ingkang kala wingi dipun sebat siswa menika lajeng ngleresaken lan njumbuhaken piyambakipun. Gesang wonten ing kampus menika beda sanget kaliyan gesang wonten SMA, kampus menika langkung meksa mahasiswa supados nggadahi sipat aktif kaliyan gesit. Umpaminipun panjenengan nelasaken wekdal kangge bab bab ingkang mboten perlu , lajeng panjenengan katilar langkung. Lajeng kanthi mboten langsung sedaya kabetahan lan tuntutan kampus kangge mahasiswa saged ngowahi pikiranipun satunggaling tiyang supados ngeraosaken mboten cekap kaliyan kemampuan saking piyambakipun. Satunggaling tiyang saged maos perkawis menapa menika lajeng saged ngukir piyambakipun nyobi madosi sumber daya wonten ing njawi ingkang piyambakipun gadhahi lan usaha kangge nggayuh ancasipun kanthi efektif. Menika kala wau ingkang dados pambeda antawis tiyang ingkang kuliah kaliyan mboten kuliah.
Menawi dipun onceki sekedhik mbaka sekedhik, sejatinipun mboten namung mahasiswa ingkang dados satriya kangge nengahi perkawis ingkang wonten, ananging tiyang-tiyang sanes kayata masyarakat umum menika ugi nggadhahi jejibahan ingkang sami kaliyan mahasiswa , masio mboten sak wiyar kaliyan kewajibanipun mahasiswa. Masyarakat ugi dados alat realisasi ancasipun mahasiswa menawi badhe nindhakaken satunggaling kagiyatan. Mahasiswa kayata sopir ingkang nyetiri masyarakat ingkang kadhapuk minangka agen realisasi satunggaling perkawis menika. Menawi mahasiwa mboten nyengkuyung babagan perkawis kala wau, mboten wurung menawi perkawis menika mboten gampil kepanggih kaliyan margi medal. Mahasiswa kanthi agen ingkang anggadhahi pendidikan ingkang langkung kaliyan masyarakat umum ingkang mboten kuliah wonten ing satunggaling pawiyatan, pamikiranipun langsung maju saha asipat akademik.
Sampun kita mangertosi sedaya lan ugi sampun dados satunggaling babagan ingkang gamblang, bilih babagan kabudayan khususipun kabudayan daerah menika sekedhik mbaka sekedhik sampun sansaya luntur kageser kaliyan kabudayan kabudayan enggal langkungipun saking budaya manca. Tuladhanipun kabudayan anggenipun ngginakaken rasukan. Ing jaman rumiyin, kathah tiyang ingkang taksih remen ngginakaken rasukan adat . Sansaya dangu, karemenan migunakaken rasukan adat menika katon luntur kageser kaliyan trend rasukan jaman menika, lan sakmenika malah kathah tiyang alit ingkang remen migunakaken rasukan ingkang ngepres ancasipun supados dipun sebat Kids Zaman Now . Saking mriki , mahasiswa saget mangertosi bilih perkawis kasebat mboten perkawis ingkang alit, amargi menika sampun dados kabudayan enggal. Wonten mriki kita minangka mahasiswa kedhah saget milah , pundi ingkang sae lan ugi pundi ingkang ala. Mahasiswa ugi kedah saget dados tuladha khususipun anggenipun ngginakanen rasukan. Amargi saking paningalan kula, bilih mahasiswa menika sarana tuladha trend kagem tiyang-tiyang alit.
Perkawis perkawis ing inggil menika sejatosipun tuladha dampakipun era globalisasi. Sakmenika era globalisasi sampun mlebet wonten ing sedaya sektor pagesangan Bangsa Indonesia, ingkang wonten pungkasanipun saget nggadahi dampak dhumateng cara pikir masyarakat Indonesia. Sakmenika pola pikir masyarakat indonesia ingkang langkung condong (mboten sedaya) ngarah dhumateng budaya-budaya manca ingkang notabane langkung hanuladha kaliyan solah bawa ingkang negatif. Budaya kasebat saget dipun mangertosi kanthi andadosaken budaya manca minangka satunggaling patron saking kamajenganipun peradaban mikir manungsa. Kathah ing wekdal menika tiyang enem ingkang niru pola pagesangan tiyang manca. Kanthi sedaya gaya ingkang solah bawa ingkang langkung negatif inf pagesangan saben dinten.utawi menawi sakmenika asring dipun sebat Kids Jaman Now kados ingkang sampun kasebat ing inggil kala wau.
Era globalisasi pancen mboten saged Justification kerep mbeta dampak ingkang negatif kagem kita sedaya, ananging wonten ing babagan menika miturut pamanggih kula, dampak saking globalisasi kasebat langkung dominan tumuju arah negatif. Mekaten kala wau, kita lajeng kedhah ngambali mbangun pola pikir kita, minangka mahasiswa ingkang dados pengemban tugas ingkang awratpinerus cita-cita bangsa ingkang adabipun saget sami kaliyan solah bawa kita minangka tiyang Indonesia.Jangkahan kaping pisan miturut kula inggih menika cobi kita manggihi rumiyin potensi-potensi ingkang wonten ing piyambakipun kita . Taksih kathah potensi ing piyambakipun kita , ingkang sejatosipun babagan kasebat saget nggadahi pengaruh marang piyambakipun supados katetepna rumeksa ugi nglestantunaken eksistensi kultur sosial lan kabudayan bangsa Indonesia. Ampun andadosaken kabudayan manca (ingkang saget mlebet liwat jalur globalisasi) minangka patron pola pikir, amargi saking pola pikir kala wau benjing solah bawa kita ing pagesangan saben dinten kanthi mboten langsung saged kenging pengaruh kabudayan manca ingkang bebas.Pitudhuhaken menawi kita  minangka bangsa ingkang ageng saged saingan kaliyan budaya manca kanthi netepaken pola pikir kritis.
                                    
Nama   : Mar’atus Shaleha Nur Candra Dewi Ma’arif

NIM    : 17205241032
Kelas   : PBD B 2017

Waos SalajengipunJUARA 3 LOMBA KEPENULISAN ESSAY PAK 2017

JUARA 2 LOMBA KEPENULISAN ESSAY PAK 2017


Budaya Jawi VS Globalisasi


Budaya jawi inggih menika budaya ingkang adiluhung, budaya ingkang ngemot mawerni-werni paugeran kangge gesang manungsa ingkang ugi nggadahi ancas langkung sae supados manungsa wonten ing gesangipun saged wilujeng rahayu nir ing sambikala. Manungsa menika wujud saking kersaning Gusti ingkang ugi dipun paringi hawa nepsu. Hawa nepsu menika ingkang dadosaken manungsa nindakaken gesang kanthi kemendel saha kementhus, kesupen bilih gesang menika kagunganipun Gusti Allah, sedayanipun samangkih ugi wangsul malih wonten ngarsa dalem Gusti ingkang Murbeng Dumadi.
Wosing saking budaya jawi menika estunipun ngemot piwucalan kados pundi gesang manungsa ingkang samangkih saged dadosaken wilujeng saha saged pinanggih kabegjan wonten ing donya ugi wonten ing akhirat. Budaya jawi menika saged dipun ngendikakaken kompleks kanthi teges boten namung wujud paugeran ingkang gegayutanipun kaliyan gesang wonten ing donya, ananging ugi ngemot paugeran ingkang gegayutanipun kaliyan ingkang kagungan gesang menika.
Sinten kemawon ingkang kersa nyinauni budaya jawi menika, wonten ing gesangipun saged pinanggih kabegjan. Ugi sinten kemawon ingkang sampun nate nyinauni budaya menika rumaos eman, rikuh, pekewuh saha penggalihipun susah bilih tebih saha nilaraken menapa ingkang wonten ing salebetipun budaya jawi. Amargi bilih dipun pirsani malih menapa ingkang wonten ing salebetipun budaya jawi boten wonten ing budaya sanesipun. Menika ingkang dadosaken budaya jawi langkung istimewa saking budaya sanesipun. Langkung-langkung, kathahipun tiyang jaman rumiyin anggenipun ngetrepaken saha nyinauni budaya jawi menika mawi ngelmi titen, menika ingkang ugi dadosaken budaya jawi menika unik.
Raos bombong wonten ing manah  kaliyan budaya jawi sampun boten saged dipun raosaken malih, amargi wonten ing jaman sakmenika kahanan budaya jawi sanget mrihatinaken. Tiyang jawi sakmenika sampun boten kathah ingkang kersa nglestantunaken budaya jawi. Langkung-langkung tiyang enem jaman sakmenika ingkang nembe kontap dipun wastani kids jaman now sampun asring kesupen kaliyan budayanipun piyambak. Kadosipun tiyang jaman sakmenika ngraosaken lingsem bilih nindakaken ingkang wonten gegayutanipun kaliyan budaya jawi, langkung-langkung ingkang saged bombongaken manah inggih menika budaya saking kilenan. Tiyang enem nderek ilining jaman inggih menika nderek ilining globalisasi. Kanthi boten dipun penggalih malih bilih globalisasi menika mbeta kathah perkawis ingkang boten sae. Ananging ingkang dadosaken cuwa inggih menika tiyang jaman sakmenika langkung remen kaliyan budaya kilenan ingkang cetha wonten ing ngajeng netra mbeta sedya perkawis ingkang boten sae. Bilih boten ngatos-atos, tiyang sakmenika saged risak amargi boten saged selektif anggenipun nglampahi gesang, ingkang ugi ndadosaken bibit, bebet saha bobot tiyang jawi tebih saking tembung sae utawi mentes. Kedahipun bilih sampun kathah perkawis ingkang paring tuladha bilih budaya kilenan menika boten sae, tiyang jawi saged menggalih malih bilih saenipun budaya kilenan dipun tilaraken utawi saged dipun pendet ingkang sae-sae kemawon lajeng wangsul malih kaliyan budaya jawi. Miwiti ngopeni, ngupakara saha nglestantunaken malih budaya jawi. Ananging sedaya kala wau menika boten namung kados unen-unen “kaya gampanging ngedepke mata“, kedah wonten kesadaran saking diri pridadi tiyang jawi piyambak. Boten namung menika, tiyang sepuh ugi kagungan jejibahan supados nggulawenthah putranipun wiwit tasih alit gayut kaliyan budaya jawi. Amargi bilih tiyang sepuh menika sampun nepangaken budaya jawi kaliyan putranipun wiwit tasih alit, lare menika dados sampun biasa bilih ngglampahi gesang kanthi ngginakaken budaya jawi. Sakestu samangkih boten wonten raos lingsem wonten ing salebetipun manah. Ananging ingkang dadosaken manah menika langkung nandang sungkawa inggih menika tiyang sepuh jaman sakmenika boten wonten bedanipun kaliyan tiyang enem jaman sakmenika, kekalihipun sami anggenipun ngunggulaken budaya tiyang sanes inggih menika budaya kilenan. Menika dados perkawis ingkang awrat, para pakar budaya jawi pikantuk tantangan ingkang sanget awrat. Kados pundi saged dadosaken kahanan menika langkung sae boten mrihatinaken kados sakmenika.
Wonten salahsatunggaling negari ingkang saged dados tuladha sae kagem tiyang jawi, inggih menika negari Jepang. Tiyang Jepang menika sanget bombong kaliyan budayaipun piyambak. Tiyang Jepang ugi remen kaliyan basanipun piyambak, kanthi tuladha bilih tiyang Jepang punika boten remen bilih buku-buku Jepang menika dipun translate wonten basa sanesipun. Langkung-langkung tiyang Jepang menika remen bilih buku ingkang ngginakaken basa sanes Jepang dipun translate wonten ing basa Jepang utawi ingkang asring dipun sebat kanji. Kedahipun tiyang jawi ugi mekaten saged bombong ugi tresna kaliyan budayanipun piyambak.
Sakestu leres bilih mayoritas kathah ingkang sampun nilaraken budaya jawi, ananging bilih dipun pirsani malih kanthi minoritas, tasih wonten ingkang kersa ugi remen nyinauni budaya jawi. Tiyang minoritas menika kathi manah ingkang lila legawa nglestantunaken budaya jawi. Kadosta kathah paguyuban-paguyuban ingkang tasih nyinauni budaya jawi. Boten namung menika, instansi pendidikan ugi tasih kathah ingkang ngupayakaken lestantunipun budaya jawi. Kadosta pemerintah ngedahaken basa jawi menika dados muatan lokal woten ing SD, SMP saha SMA. Kejawi punika ugi tasih wonten universitas ingkang jurusanipun basa jawi. Inggih menika universitas ingkang khususipun wonten ing tlatah jawi utawi Ngayogyakarta. Menika sae sanget dados tonggak awal lestantunipun budaya jawi. Kadosta mahasiswa pendidikan bahasa daerah UNY ingkang saged dados tuladha tonggak awal ingkang nglestantunaken budaya jawi. Mahasiswa pendidikan bahasa daerah UNY menika tuladha mahasiswa ingkang saestu pinanggih kabegjan saged kanthi gamblang nyinauni budaya jawi ingkang adiluhung. Kanthi nyinauni saha ngupayakaken lestantunipun budaya jawi wonten ing jaman globalisasi menika temtunipun boten gampil, kathah alangan ingkang dipun raosaken. Ananging kanthi alangan menika boten dadosaken mahasiswa pendidikan bahasa daerah UNY cilik atine, sedaya mahasiswa sami gotong royong ngupayakaken lestantunipun budaya jawi kanthi bombonging manah saha kanthi lila legawa.
Budaya jawi menika saged dados warisan kangge putra wayah wonten ing tembe ngajeng. Warisan ingkang temtunipun boten saged kaukur kaliyan kathahing banda, warisan ingkang wujud budaya menika langkung aji kaliyan banda ingkang wujud menapa kemawon. Pramila wonten ing jaman globalisasi menika sumangga sesarengan sami jawil jinawil, jurit laga ngupayakaken budaya jawi menika. Ampun ngantos dados tiyang jawi ingkang ical jawinipun. Bilih kula panjenenengan sedaya boten preduli kaliyan budaya jawi, sinten malih ingkang kersa nglestantunaken. Saru dipun raosaken bilih samangkih wonten tiyang saking budaya sanes jawi ingkang kersa nglestantunaken budaya menika sanes tiyang jawi piyambak. Pramila sakderengipun sedaya sampun saestu kebacut ical, sumangga sami nyepakaken jiwa raga ingkang dipun sarengi manah ingkang lila legawa ngupayakaken lestantunipun budaya jawi. Sakalitipun wujud saking
Dwi Agusningtyas
Pbd C 2016
16205244018
 
tumindak menika sampun sae sanget kangge lestantunipun budaya jawi.

Waos SalajengipunJUARA 2 LOMBA KEPENULISAN ESSAY PAK 2017

Rabu, 20 September 2017

FORMULIR OPREK PANITIA PENTAS AKHIR KEPENGURUSAN PBD FBS UNY 2017

‼‼OPEN RECRUITMENT‼‼
Panitia Pentas Akhir Kepengurusan (PAK) HIMA PBD FBS UNY periode 2016/2017

👬Kangge mahasiswa/mahasiswi aktif PBD angkatan 2016 & 2017👭
Sie. ingkang dipunbetahaken :
🗓 Sie. Acara
⚒ Sie. Perkap
📸 Sie. PDD
💉 Sie. P3K
🍽 Sie. Konsumsi
👫 Sie. Humaship
👮🏻 Sie. Keamanan

Wawancara :
📆 25-27 September 2017
⌚ 13.00-17.00

Ingkang kedah dipunsamektakaken nalika wawancara
1. Formulir pendaftaran
2. Pas foto 4x6 (2 lembar)

Formulir badhe dipunwedharaken wonten saben kelas, ugi saged dipundownload wonten blog HIJAW : himajawafbsuny.blogspot.com
Sumangga sami dipunsengkuyung 😇 Matur nuwun..

NB: Papan menyusul

📲 CP
Arum: 082242137905 (WA,SMS)
Ucik: 081392836608 (WA)

Formulir download disini
Waos SalajengipunFORMULIR OPREK PANITIA PENTAS AKHIR KEPENGURUSAN PBD FBS UNY 2017

Rabu, 06 September 2017

PENUGASAN PKKMB "JAGADING LELEMBUT"

SEPARO RAGANE ANAKKU LELEMBUT TELAGA BENING

Wanci jam 09.00 wengi kae Dusun Ringinsari ngadani latihan jathilan kanggo acara taunan ing Dusun Ringinsari. Saben taun dusun iki ngadani pesta kanggo ngucap syukur marang Gusti amarga asil bumi kang akeh.
Tak tumplak tung tak tung dung…
Tak tumplak tung tak tung dung… (kendhange wis wiwit ditabuh)
Ning nang ning glong…
Ning nang ning glong… (… wis mlaku)
Ora krasa, Sindi sing lagi wae turu ra ana udan ra ana gludhug tangane obah-obah ngetuti iramaning gamelan. Kaya wong nglindur Sindi banjur ngadeg kanthi mata merem lan njoget kayata penari. Saya suwe swarane gamelan tambah banter, Sindi melu tambah ndadi anggone njoget nganti piranti neng kamare padha tiba kesampar.
Klonthang.. klonthang.. (swara saka kamare Sindi).
Ibune Sindi     : “Sin, ngapa kowe neng njero? Apa sing pecah pating klonthang kuwi, Sin?” Sindi banjur ora banjur nyauri, malah sansaya dadi.
“Sin.. Sin..?” Gandheng Sindi ora ndang nyauri ibune Sindi banjur mbuka lawang kamare Sindi nganggo kunci cadangan.
“Gusti.. Nok, kowe kena apa, Ngger? Sadar, eling, nyebut, Sin!!”
Karo gragapan Sindi sadar.
Sindi               : “Wonten menapa, Bu? Kok Ibu nangis?” Takone Sindi karo rada bingung.
Ibune Sindi     : “Kowe mau ki ngapa, Nduk? Kok diceluki Ibu ora semaur? Malah pating klonthang kamarmu. Ibu wedi kowe kenapa-napa, Ndhuk.”
Sindi               : “Lha ngapa inggih, Bu? Lah kula lak wonten ndhuwur kasur napa, Bu?” Sindi bingung karo kahanan awake dewe.
Ibune Sindi     : “Wis, Ndhuk. Wis ra usah dipikirke. Sesuk ayo nyang daleme simbah, simbah mesthi pirsa kudu piye.” Ibune Sindi mbatin yen iki mesthi gawan seka Mbah Suta, mbahe Sindi.
Esuke Sindi lan ibune langsung siap-siap mangkat sowan neng nggone simbahe, Mbah Suta. Daleme Mbah Suta pancen rada adoh lan plosok desa. Kira-kira wanci dzuhur, Sindi lan ibune tekan daleme Mbah Suta.
Sindi               :“Assalamu’alaikum, Mbah.. Menika Sindi. Kados pundi kabaripun, Mbah? Sae to?”
Mbah Suta      :“Wa’alaikumussalam.. Gusti putuku.. Piye kabarmu karo ibumu, Ndhuk? Simbah sehat wae. Wis gedhe putuku…”
Ibune Sindi     : “Alhamdulillah, kula ugi sae, Pak.” Saurane Ibune Sindi.
Mbah Suta      : “Ana apa, Ndhuk? Kok rene ora ngabari sik. Ayo ayo gek ndang dha mlebu. Gek leren sik ya.”
Ibune Sindi     : “Inggih, Pak.”
Sawise padha leren, Sindi ngewaske menyang njaba ana gamelan kendhang neng ngarep omahe Mbah Suta, banjur diceraki.
Sindi               : “Iki kendhang apa? Kok neng kene? Iki duweke sapa?” Sindi bingung dhewe.
Merga ditinggal Sindi ndelok-ndelok kahanan, Ibune Sindi banjur matur neng Mbah Suta, babagan kedadean mau bengi.
Ibune Sindi     : “Pak, Sindi wau ndalu kelebon, Pak. Kula ajrih mangke Sindi kenging napa-napa. Kados pundi menika, Pak?”
Mbah Suta       : “Ooo..ngono,dadi saiki wis pancen wektune. Yo sakdurunge aku njaluk ngapuramu yo nduk, iki kabeh pancen salahku. Aku mbiyen duwe sepakat karo sespuh desa iki. Kowe kelingan to nalika kowe biyen arep babaran Sindi. Jaman kae, bidan wis ora sangup, dukun yo ora sanggup. Banjur aku ki mbatin, kowe ki wis ditinggal Bardi apa kuat nek kudu kelangan anakmu uga. Senajan Bardi wis ra ana, dek e yo pengin anak e slamet. Aku banjur kelingan ana wong omong yen padha duwe kekarepan padha menyang tlaga Bening karo gawa kembang pitung werna, gedang emas, menyan lan kopi ireng. Tlaga Bening iku sok kangge upacara puja puja, nganggo gamelanlan sing njoget iku prawan. Merga aku  pengin banget duwe putu, banjur aku njajal wae njejaluk marang sesepuh tlaga Bening supaya kowe lan bayimu bisa slamet kabeh. Nanging ana syarat e, separo saka awake anakmu iku roh tlaga Bening. Yen anakmu kui engko slamet mbesok yen wis prawan, saben anakmu krungu swara gamelan, sesepuh tlaga Bening bakal marani anakmu lan ngrasuki awake anakmu. Yen anakmu mengko ditresnani wong lanang, wong lanang mau bakal mati dadi tumbal sesepuh tlaga Bening, yen ana jaka kang mati dina Jumat Kliwon Sindi sing bakal dijaluk kanggo ngganti tumbale. Aku njaluk ngapuramu yo nduk. Becike aku ora ngono kui jaman semono kae.”
Karo tratapan ibune Sindi iseh setengah ora percaya yen anake iku setengah jin sesepuh tlaga Bening.
Ibune Sindi     :”Pak, menika sanes guyonan to Pak, menika leres to Pak?”
Mbah Suta       :”Ho’o nduk, ngspuramu nduk iki kabeh salahe Bapak.”
Ibune Sindi     :”Astaghfirullahaladzim.. Duh Gusti, punapa menika pacobanMu? Punapa kedah Sindi Gusti, kula mawon, kula ikhlas yen badhe dipun pundhut, kula kersa Ya Allah.” Ujare Ibune Sindi karo dleweran nangis
Mbah Suta       :”Uwis Nduk, aja ngomong sing aneh aneh. Nek aku duwe penjaluk, yo mung iso njaluk supaya nyawaku dipundhut nggo ganti nyawane anakmu. Pancen iku kabeh salahku. Uwis Nduk, sabar. Ngapura yo Nduk!”
Ibune Sindi     :”Nggih sampun Pak, boten sah nyuwun ngapura kaliyan kula. Menika sampun kebacut kedadean. Mugi mugi kula tansah dipun paringi kiyat lan sabar ngadepi pacoban menika.” Karo iseh sesenggukan
Mbah Suta       :” Mula sak wetara wektu kowe karo Sindi anan ning desa wae. Mengko nek ana apa apa kan iseh ana aku.”
Ibune Sindi     :” Inggih Pak.”
Ora sengaja Sindi ngrungoke kabeh sing dikandake Mbah Suta, padha karo ibune Sindi uga ora percaya marang kasunyatan iku. Pra suwe banjur krungu ana wong jerit jerit ning kulon omahe Mbah Suta.
“Tuluuung... tuluuuung.... Gusti tulung.. tulung Mbah..!”
Krungu Budhe Semi bengak bengok, Mbah Suta Ibune Sindi lan Sindi mlayu menyang omah e Budhe Semi
Mbah Suta       :” Ana apa Mi, kok pating jlerit ki?”
Budhe Semi    :” Mbah tulung mbah, Widi Mbah, Widi”
Mbah Suta       :” Iyo, Widi kena apa Mi?”
Budhe Semi    :” Widi Mbah, Widi, Widi wis ra ono ambekanne. Tulung endangono Mbah!”
Mbah Suta lan Ibune Sindi banjur mlebu menyang kamar e Widi,
Ibune Sindi     :” Innanillahi wa innaillaihi roji’un. Pak, Widi sampun boten wonten”
Mbah Suta       :” Sabar yo Mi, iki wis kersame Gusti. Kowe kudu ikhlas!”
Budhe Semi    :”Widi... kowe kena apa Le, tega temen kowe ninggakke mbokmu iki Le. Kowe iseh jaka, dalanmu iseh dawa.”
Ibune Sindi     :”Sabar Yu, ikhlas mawon. Mugi mugi Widi dipun paringi dalan kang padhang.”
Sorene sakbubare Widi dikubur, Senthot tanggane Mbah Suta mlayu keponthal ponthal saka kidul.
Sentot              “ Mbah. Mbah Suta, Sindi Mbah, Sindi, putune njenengan”
Ibune Sindi     :” Sindi kenging menapa Mas?”
Sentot              :” Sindi... Sindi anu,, anu...”
Mbah Suta       :”Ona anu, enek apa to?”
Sentot              :” Sindi mlampah menyang tlaga Bening piyambakan, kula jeluki boten ninguk Mbah.”
Ibune Sindi     :” Pak, awi nusul Sindi Pak!”
Mbah Suta       :” Ayo Nduk, ayo”
Ibune Sindi     :” Sin, Sindi eling nok, eling. Kowe arep lunga ngandi nok?”
Mbah Suta       :” Duh para sesepuh Tlaga ingkang Agung, putu kula ampun dipun pendhet. Kula saguh menapa kemawon, ananging ampun mendhet putu kula!”
Sesepuh Tlaga :” Ora iso Suta. Aku lan kowe wis duwe sepakat, janjimu tak tagih saiki. Putumu iseh prawan, dadi tak jaluk lan ora iso mbok jukuk meneh.”
Ibune Sindi     :” Sesepuh ingkang Agung, ampun mendhet anak kula. Sindi menika anak kula siji sijine. Kula nyuwun tulung!”
Sindi                :” Ibu tulung Sindi Bu, Sindi boten purun wonten mriki, Sindi pengin kalih Ibu mawon. Ibu....”
Ibune Sindi     :” Sindi...... Anakku...”
Sindi mingslep ing Tlaga Bening kaya ora ana tilas e

Waos SalajengipunPENUGASAN PKKMB "JAGADING LELEMBUT"

Senin, 04 September 2017

PENUGASAN PKKMB MABA "JAGADING LELEMBUT" 2017


TAMU


Surup wis ngganteni wayah sore nalika srengenge nlusup menyang pasanggrahane ing kulon kana. Sakdawaning dalan, mung krungu swara adzan maghrib kang teka ilang kagawa angin lan swara jangkring krak krik kang nambah ati sansaya ndluyup.
Sedela maneh tekan...
Sakjane mung siji kuwi sing wektu iku ana ing pikiranku lan kanca-kancaku. Soroting lampu motor kang ora bisa nembus kabut, anggawe ati sansaya mangkel. Dalan kang munggah mudun krasa ora ana pungkasane. Aspal kang jembare punjul saka limang meter dadi sansaya ciut.
Sedela maneh tekan...
Ukara kuwi kayata mantra sing ora ana ajine. Dalan tetep krasa sansaya dawa, sansaya adoh, sansaya gawe mrinding. Kabut kang sansaya ngglabut nambahi mrinding ing ati. Ananging... saka kadohan katon kelop lampu saka sawijining omah. Atiku lega nalika sansaya cerak weruh bapak lan bu dukuh wis ngenteni ing ngarep daleme. Ngarep-arep aku sakanca kang kudune tabuh lima mau wis tekan daleme.
“Wonten menapa to, Mbak, Mas, kok nembe dugi?” Pitakone Bu Dhukuh.
“Ngapunten, kala wau merginipun lunyu. Boten wantun banter-banter.” Wangsulane ketua kelompok KKN-ku.
“Ohalah, yowis nek ngono. Gek ndang do wijik terus dhahar mawon, Mas, Mbak!” Ature Pak Dhukuh.
“Nggih, Pak.”
Akubsakanca banjur menyang mburi wisuh, reresik, jamaah maghrib, banjur padha maem. Sakwise kuwi padha ngrembug apa kang bakal dadi programe kelompok dina ngarep.
Ora krasa wis ana seminggunan aku sakanca manggon ing omahe Pak Dhukuh. Dina kuwi Rebo, aku sakanca kaya biyasane padha ngrembug babagan program kelompok. Ananging, ing rapat iku malah padha ngrembug kaganjilan sing wis sawetara wektu iki padha dirasakake.
Ora mung siji loro kancaku kang wis ngrasakake kaganjilan ing omah iki. Aku lan kanca-kancaku banjur padha crita-crita apa kang wis padha dirasakake saksuwene manggon ing kene.
***
Ing salah sawijining wengi, sakwise ngrembug program kelompok, aku sakanca banjur turu. Dumadakan... salah sawijining kancaku nglindur, nangis lan ngomong ora pati cetha.
“O oo apa kuwi, ireng-ireng gedhe banget. Awas, marani aku, awas!!” Kancaku njerit banjur nangis. Bocah-bocah liyane padha bingung, amarga kancaku kuwi ora gelem nanduki pitakone kanca liyane. Dheweke terus nduding-ndudingi lawang, lan mundur-mundur keweden kaya ana sing bakal nekani. Sakwise nangis sakwetara dheweke sadar, banjur lunga wudhu lan mapan turu maneh.
Kadadeyan kuwi ora mung pisan pindho. Wengi sakbubare, kancaku nglindur kaya ngono maneh. Kaya ana wujud ireng gedhe sing bakal ngeblegi dheweke. Aku sakanca dadi wedi lan bingung. Ana apa neng omah iki? Apa ana salah sawijine saka aku kang tumindak ora becik lan ganggu liyan?
 Saka kadadeyan iku, aku sakanca sadar, yen omah iki dudu mung omah kang biyene kosong kaya sing wis dadi crita. Aku sakanca ing kene mung dadi tamu. Wis sakmesthine aku lan kanca-kancaku kudu ngajeni marang kang kagungan dalem. Marang kang wis mapirang-pirang taun mbahu reksa omah iki. Lan siji maneh, ora sakmesthine aku sakanca wedi marang kahanan kaya kang wis kadadeyan, amarga jagad iki pancen kanggo uripe kabeh titahe Gusti. Jagad iki dudu mung jagading manungsa lan sapanunggalane, nanging uga jagading liya kang aran lelembut.

Nama  : Iffah Santi Fahmawati
NIM    : 17205241041




Waos SalajengipunPENUGASAN PKKMB MABA "JAGADING LELEMBUT" 2017

Kamis, 22 Juni 2017

JUARA LOMBA COVER DAN GAMBAR COREK



Dening : Khori Fadzilah (PBD C 2015)


Dening : Yogyant Wijayanti (PBD C 2015
Waos SalajengipunJUARA LOMBA COVER DAN GAMBAR COREK

Minggu, 11 Juni 2017

FORMULIR OPREK PANITIA OSPEK PBD FBS UNY 2017



‼‼OPEN RECRUITMENT‼‼
Panitia Ospek PBD FBS UNY 2017

👬Kangge mahasiswa/mahasiswi PBD angkatan 2015 & 2016👭
Sie. ingkang dipun betahaken :
🗓 Sie. Acara
⚒ Sie. Perkap
📸 Sie. PDD
💉 Sie. P3K
🍽 Sie. Konsumsi
👫 Sie. Pemandu
🕴 Sie. SPK

Wawancara :
📆 12-15 Juni 2017
⌚ 15.00-17.00
🏢 Sekre Hima Jawa PKM lt. 3


Formulir dapat diunduh disini

Waos SalajengipunFORMULIR OPREK PANITIA OSPEK PBD FBS UNY 2017

Senin, 27 Februari 2017

OPREK KEPANITIAAN HUT HIMA JAWA 2017



Dipunwontenaken Open Recruitment panitia HUT HIMA Pendidikan Bahasa Daerah ke-26.
Sie ingkang dipunbetahaken :
  1. Acara
  2. Perlengkapan
  3. PDD
  4. Humas & Sponsorship
  5. P3K
  6. Konsumsi
  7. Keamanan
Kangge sedaya angkatan 2015-2016. 

Silahkan download formulir di LINK
Waos SalajengipunOPREK KEPANITIAAN HUT HIMA JAWA 2017