SEPARO RAGANE ANAKKU LELEMBUT TELAGA BENING
Wanci jam 09.00 wengi kae Dusun Ringinsari ngadani latihan jathilan
kanggo acara taunan ing Dusun Ringinsari. Saben taun dusun iki ngadani pesta
kanggo ngucap syukur marang Gusti amarga asil bumi kang akeh.
Tak
tumplak tung tak tung dung…
Tak
tumplak tung tak tung dung… (kendhange
wis wiwit ditabuh)
Ning
nang ning glong…
Ning
nang ning glong… (… wis mlaku)
Ora krasa, Sindi sing lagi wae turu ra ana udan ra ana gludhug
tangane obah-obah ngetuti iramaning gamelan. Kaya wong nglindur Sindi banjur
ngadeg kanthi mata merem lan njoget kayata penari. Saya suwe swarane gamelan
tambah banter, Sindi melu tambah ndadi anggone njoget nganti piranti neng
kamare padha tiba kesampar.
Klonthang.. klonthang.. (swara saka kamare Sindi).
Ibune Sindi :
“Sin, ngapa kowe neng njero? Apa sing pecah pating klonthang kuwi, Sin?” Sindi
banjur ora banjur nyauri, malah sansaya dadi.
“Sin.. Sin..?” Gandheng Sindi ora ndang nyauri ibune Sindi banjur
mbuka lawang kamare Sindi nganggo kunci cadangan.
“Gusti.. Nok, kowe kena apa, Ngger? Sadar,
eling, nyebut, Sin!!”
Karo gragapan Sindi sadar.
Sindi :
“Wonten menapa, Bu? Kok Ibu nangis?” Takone Sindi karo rada bingung.
Ibune Sindi :
“Kowe mau ki ngapa, Nduk? Kok diceluki Ibu ora semaur? Malah pating klonthang
kamarmu. Ibu wedi kowe kenapa-napa, Ndhuk.”
Sindi :
“Lha ngapa inggih, Bu? Lah kula lak wonten ndhuwur kasur napa, Bu?” Sindi
bingung karo kahanan awake dewe.
Ibune Sindi :
“Wis, Ndhuk. Wis ra usah dipikirke. Sesuk ayo nyang daleme simbah, simbah
mesthi pirsa kudu piye.” Ibune Sindi mbatin yen iki mesthi gawan seka Mbah
Suta, mbahe Sindi.
Esuke Sindi lan ibune langsung siap-siap mangkat sowan neng nggone
simbahe, Mbah Suta. Daleme Mbah Suta pancen rada adoh lan plosok desa.
Kira-kira wanci dzuhur, Sindi lan ibune tekan daleme Mbah Suta.
Sindi :“Assalamu’alaikum,
Mbah.. Menika Sindi. Kados pundi kabaripun, Mbah? Sae to?”
Mbah Suta :“Wa’alaikumussalam..
Gusti putuku.. Piye kabarmu karo ibumu, Ndhuk? Simbah sehat wae. Wis gedhe
putuku…”
Ibune Sindi :
“Alhamdulillah, kula ugi sae, Pak.” Saurane Ibune Sindi.
Mbah Suta :
“Ana apa, Ndhuk? Kok rene ora ngabari sik. Ayo ayo gek ndang dha mlebu. Gek
leren sik ya.”
Ibune Sindi :
“Inggih, Pak.”
Sawise padha leren, Sindi ngewaske menyang njaba ana gamelan kendhang
neng ngarep omahe Mbah Suta, banjur diceraki.
Sindi :
“Iki kendhang apa? Kok neng kene? Iki duweke sapa?” Sindi bingung dhewe.
Merga ditinggal Sindi ndelok-ndelok
kahanan, Ibune Sindi banjur matur neng Mbah Suta, babagan kedadean mau bengi.
Ibune Sindi :
“Pak, Sindi wau ndalu kelebon, Pak. Kula ajrih mangke Sindi kenging napa-napa.
Kados pundi menika, Pak?”
Mbah
Suta : “Ooo..ngono,dadi saiki wis
pancen wektune. Yo sakdurunge aku njaluk ngapuramu yo nduk, iki kabeh pancen
salahku. Aku mbiyen duwe sepakat karo sespuh desa iki. Kowe kelingan to nalika
kowe biyen arep babaran Sindi. Jaman kae, bidan wis ora sangup, dukun yo ora
sanggup. Banjur aku ki mbatin, kowe ki wis ditinggal Bardi apa kuat nek kudu
kelangan anakmu uga. Senajan Bardi wis ra ana, dek e yo pengin anak e slamet.
Aku banjur kelingan ana wong omong yen padha duwe kekarepan padha menyang tlaga
Bening karo gawa kembang pitung werna, gedang emas, menyan lan kopi ireng.
Tlaga Bening iku sok kangge upacara puja puja, nganggo gamelanlan sing njoget
iku prawan. Merga aku pengin banget duwe
putu, banjur aku njajal wae njejaluk marang sesepuh tlaga Bening supaya kowe
lan bayimu bisa slamet kabeh. Nanging ana syarat e, separo saka awake anakmu
iku roh tlaga Bening. Yen anakmu kui engko slamet mbesok yen wis prawan, saben
anakmu krungu swara gamelan, sesepuh tlaga Bening bakal marani anakmu lan
ngrasuki awake anakmu. Yen anakmu mengko ditresnani wong lanang, wong lanang
mau bakal mati dadi tumbal sesepuh tlaga Bening, yen ana jaka kang mati dina Jumat
Kliwon Sindi sing bakal dijaluk kanggo ngganti tumbale. Aku njaluk ngapuramu yo
nduk. Becike aku ora ngono kui jaman semono kae.”
Karo tratapan ibune
Sindi iseh setengah ora percaya yen anake iku setengah jin sesepuh tlaga
Bening.
Ibune Sindi :”Pak, menika sanes guyonan to Pak, menika
leres to Pak?”
Mbah Suta :”Ho’o nduk, ngspuramu nduk iki kabeh
salahe Bapak.”
Ibune
Sindi :”Astaghfirullahaladzim.. Duh
Gusti, punapa menika pacobanMu? Punapa kedah Sindi Gusti, kula mawon, kula
ikhlas yen badhe dipun pundhut, kula kersa Ya Allah.” Ujare Ibune Sindi karo
dleweran nangis
Mbah
Suta :”Uwis Nduk, aja ngomong sing
aneh aneh. Nek aku duwe penjaluk, yo mung iso njaluk supaya nyawaku dipundhut
nggo ganti nyawane anakmu. Pancen iku kabeh salahku. Uwis Nduk, sabar. Ngapura
yo Nduk!”
Ibune
Sindi :”Nggih sampun Pak, boten sah
nyuwun ngapura kaliyan kula. Menika sampun kebacut kedadean. Mugi mugi kula
tansah dipun paringi kiyat lan sabar ngadepi pacoban menika.” Karo iseh
sesenggukan
Mbah
Suta :” Mula sak wetara wektu kowe
karo Sindi anan ning desa wae. Mengko nek ana apa apa kan iseh ana aku.”
Ibune
Sindi :” Inggih Pak.”
Ora sengaja Sindi
ngrungoke kabeh sing dikandake Mbah Suta, padha karo ibune Sindi uga ora
percaya marang kasunyatan iku. Pra suwe banjur krungu ana wong jerit jerit ning
kulon omahe Mbah Suta.
“Tuluuung...
tuluuuung.... Gusti tulung.. tulung Mbah..!”
Krungu Budhe Semi
bengak bengok, Mbah Suta Ibune Sindi lan Sindi mlayu menyang omah e Budhe Semi
Mbah Suta :” Ana apa Mi, kok pating jlerit ki?”
Budhe Semi :” Mbah tulung mbah, Widi Mbah, Widi”
Mbah Suta :” Iyo, Widi kena apa Mi?”
Budhe
Semi :” Widi Mbah, Widi, Widi wis ra
ono ambekanne. Tulung endangono Mbah!”
Mbah
Suta lan Ibune Sindi banjur mlebu menyang kamar e Widi,
Ibune
Sindi :” Innanillahi wa innaillaihi
roji’un. Pak, Widi sampun boten wonten”
Mbah
Suta :” Sabar yo Mi, iki wis kersame
Gusti. Kowe kudu ikhlas!”
Budhe
Semi :”Widi... kowe kena apa Le, tega
temen kowe ninggakke mbokmu iki Le. Kowe iseh jaka, dalanmu iseh dawa.”
Ibune
Sindi :”Sabar Yu, ikhlas mawon. Mugi
mugi Widi dipun paringi dalan kang padhang.”
Sorene
sakbubare Widi dikubur, Senthot tanggane Mbah Suta mlayu keponthal ponthal saka
kidul.
Sentot
“ Mbah. Mbah Suta, Sindi
Mbah, Sindi, putune njenengan”
Ibune
Sindi :” Sindi kenging menapa Mas?”
Sentot :” Sindi... Sindi anu,, anu...”
Mbah
Suta :”Ona anu, enek apa to?”
Sentot
:” Sindi mlampah menyang
tlaga Bening piyambakan, kula jeluki boten ninguk Mbah.”
Ibune
Sindi :” Pak, awi nusul Sindi Pak!”
Mbah
Suta :” Ayo Nduk, ayo”
Ibune
Sindi :” Sin, Sindi eling nok, eling.
Kowe arep lunga ngandi nok?”
Mbah
Suta :” Duh para sesepuh Tlaga
ingkang Agung, putu kula ampun dipun pendhet. Kula saguh menapa kemawon,
ananging ampun mendhet putu kula!”
Sesepuh
Tlaga :” Ora iso Suta. Aku lan kowe wis
duwe sepakat, janjimu tak tagih saiki. Putumu iseh prawan, dadi tak jaluk lan
ora iso mbok jukuk meneh.”
Ibune
Sindi :” Sesepuh ingkang Agung, ampun
mendhet anak kula. Sindi menika anak kula siji sijine. Kula nyuwun tulung!”
Sindi
:” Ibu tulung Sindi Bu,
Sindi boten purun wonten mriki, Sindi pengin kalih Ibu mawon. Ibu....”
Ibune
Sindi :” Sindi...... Anakku...”
Sindi
mingslep ing Tlaga Bening kaya ora ana tilas e