Jumat, 08 Agustus 2014

Dresscode lan Penugasan Ospek PBD FBS UNY 2014


Dresscode Maba 
1.      PUTRA
a.       Iket batik segi 4
b.      Surjan Lurik
c.       Clana cemeng ( non jeans )
d.      Stagen cemeng
e.       Jarik parang Yogyakarta
f.       Pantofel cemeng
g.      Kaos kaki pethak
h.      Sabuk kasatriyan






2.      PUTRI BERJILBAB 
a.       Jilbab cemeng polos
b.      Kebaya lurik
c.       Stagen cemeng
d.      Jarik parang Yogyakarta
e.       Clana cemeng ( non jeans )
f.       Pantofel cemeng
g.      Kaos kaki pethak
h.      Sabuk kasatriyan
i.        Iket kasatriyan
j.        Cundhuk






3.      PUTRI NON JILBAB 
a.       Rambut dipun sanggul cepol
b.      Kebaya lurik
c.       Stagen cemeng
d.      Jarik parang Yogyakarta
e.       Clana cemeng ( non jeans )
f.       Pantofel cemeng
g.      Kaos kaki pethak
h.      Sabuk kasatriyan
i.        Iket kasatriyan
j.        Cundhuk





Penugasan Maba
1.      Individu
a.       Piranti ibadhah
b.      Obat pribadhi
c.       Buku tulis, 1 buah  isi 58 lembar
d.      Buku wacan
·         Kalawarti basa Jawa
·         Wacan bocah/dongeng
e.       Air minum 550 ml merk OSPEK PBD 2014
f.       Makanan (nasi) seharga Rp 5.500,00
g.      Menulis deskripsi tentang tokoh wayang (bebas) disertai gambar wayang (warna) disertai sumber referensi.
h.      Co card kanthi paugeranipun inggih menika.
Ukuran 15 cm x 20cm, kanthi isi :
·         Pas foto 4x6
·         Nama Lengkap
·         NIM
·         Nama Gugus
·         Motto
2.      Gugus
a.       Snack ringan 2 macam
b.      Cocard gugus
c.       Yel-yel
d.      Baoesastra Djawa (Purwadarminta)
e.       Kamus Jawi Kina – Indonesia
f.       Kamus Jawa-Indonesia
g.      Kamus  Sansekerta




Utawi sedaya file ing inggil punika saged dipun-unduh saking link ing ngandhap punika
Download Drescode lan Penugasan PBD FBS UNY 2014.pdf
Waos SalajengipunDresscode lan Penugasan Ospek PBD FBS UNY 2014

Selasa, 24 Juni 2014

Juara Lomba Kepenulisan HIMA PBD FBS UNY


Luwih Budi Pawening B 2011
AJINING DHIRI AJINING RAGA

Tlatah Jawi punika kalebet tlatah ingkang ngremenaken. Sugih tradhisi saha kabudayan. Prasasat padintenanipun dipunwernani kaliyan tradhisi saha kabudayan. Upaminipun mawon rikala wicantenan. Biasanipun kita kedah ningali sinten ingkang dipunajak gineman. Posisinipun langkung inggil sinten, langkung enem utawi langkung sepuh. Menawi langkung sepuh saha langkung inggil stratanipun kedah ngginakaken basa krama inggil. Ancasipun supados ketingal bilih kita ngurmati dhateng tiyang ingkang dipunajak gineman kalawau. Kejawi punika rikala wicantenan ugi kedah ngginakaken patrap ingkang sae, sareh saha boten waton. Bab punika amrih boten nglarani ati. Tradhisi punika sejatosipun minangka asiling olah pikir tiyang jawi ingkang sae. Prayoginipun kedah dipunuri-uri saha dipun krembakakaken. Punapa malih wonten idiom ajining raga saking busana, ajining dhiri saking lathi.
Emanipun, jaman sapunika kadosipun sampun kathah ingkang boten nggatosaken bab kalawau. Punika ketingal saking tindak-tanduk ingkang ketingal tebih saking tradhisi tiyang jawi. Kamangka tradhisi kalawau temtu migunani sanget menawi saged anggenipun ngecakaken. Kita minangka generasi penerus, prayoginipun tansah nggatosaken bab tradhisi ingkang sampun dados kabudayan punika. Menawi prelu saenipun dipunkrembakakaken miturut perkembengan jaman. Kanthi makaten pramila saged dipunsebut bilih para mudha punika dados pucuking lampah, pejah gesanging tradisi ingkang ngemot kabudayan adiluhung kalawau.
Kita minangka pucuking lampah, milai sapunika kedah prihatos. Ngupaya amrih tradhisi kalawau tansah mlampah saha boten kalindhes jaman. Kita boten sisah isin dipunanggep ketinggalan jaman, boten gaul saha ndesit. Kita kedah ngicali panganggep punika. Kita kedah mbuktikaken bilih kanthi nguri-uri tradhisi saha ngrembakakaken kabudayan jawi punika boten kina. Upaya punika sejatosipun upaya ingkang ageng saha gaul sanget. Panci leres kita kedah ndhereki lampahipun jaman. Ewa mekaten kita ampun ngantos kecalan jati dhiri. Jati dhiri kalawau kagambar lumantar tradhisi-tradhisi saha kabudayan ingkang wonten ing tlatah jawi. Kanthi makaten, pramila kita saged gaul sinambi nepangaken tradhisi saha kabudayan jawi. Kajawi mekaten kita ugi ndherek nguri-uri tradhisi saha ngrembakakaken kabudayan jawi, palah menawi bejaning awak, kita saged mbekta tradhisi saha kabudayan punika dados go international.
Lajeng kados pundi anggenipun nguri-uri?. Cara ingkang gampil nggih milai saking dhiri pribadhi. Kita kedah meksa piyambak, awak kita supados ngremeni tradhisi saha kabudayan jawi. Kita kedah sadar bilih tradhisi saha kabudayan punika minangka bandha warisan ingkang ageng sanget mupangatipun. Kebak piwulang. Menawi boten kita piyambak lajeng sinten malih?. Umpaminipun ing padintenan kita kedah ngangge basa krama menawi wicantenan. Kanthi boten sadar, sejatosipun basa krama punika basa ingkang endah saha sakeca dipunraosaken. Menawi kita tansah ngginakaken baa krama mesthi gesang kita badhe sumringah. Bab punika amargi antawisipun ingkang gineman tansah ngurmati saha ngayomi. Saengga kanthi boten langsung saged nyegah padudon, ngraketaken pasedherekan, saha nentremaken batos. Menawi ati tentrem, mesthi gesangipun badhe remen saha tansah greget, saengga insya Allah saged manjangaken yuswa. Kajawi punika kita ugi saged ngreksa dhiri saking asoring drajad, amargi kita tansah njagi lathi kanthi wicantenan ngangge basa ingkang endah. Kanthi alon-alon sejatosipun kita ugi nembe ngrembakakaken idiom ajining dhiri saking lathi. Pramila prayogi sanget menawi wicantenan ngginakaken basa krama punika dipungiataken malih.
Cara sanes ingkang gayut kaliyan raga inggih punika kanthi ngagem busana. Ajining raga saking busana. Nggih panci leres unen-unen punika. Nalaripun, raga kita badhe dipunregani utawi dipunurmati menawi kita ngagem busana. Busana punika ugi nedahaken kita waras punapa owah. Tiyang waras temtu badhe ngginakaken busana kangge nutupi raganipun, dene tiyang owah badhe mblejit, boten ngagem busana. Kanthi makaten pramila unen-unen ing inggil trep.
Ing tanah jawi piyambak, bab busana punika dipunanggep penting sanget, malah saged dipunsebat sugih busana. Tuladha gampilipun inggih punika batik. Saben batik punika gadhah nama saha corak benten-benten jumbuh kaliyan makna ingkang kaemot wonten lebetipun. Menawi wonten ingkang nganggep bilih busana tiyang jawi punika kina, boten model ‘nyetil’, temtu anggepan punika salah kaprah. Cobi dipuntingali menawi tiyang ingkang ngagem busana jawi, sae jaler punapa setri, temtu badhe katon nengsemaken. Modelipun ugi sae, boten ketinggalan jaman. Malah saged dipunsebut bilih busana jawi punika kathah paring inspirasi dhateng busana sanesipun. Mliginipun wonten ing busana temanten ingkang tansah ngrembaka modelipun. Kula kinten menawi tiyang ngangge busana komplit badhe ketingal gagah. Badanipun ugi saged sehat amargi busana kalawau saged njagi raga saking hawa adhem, panas, kaliyan lemut. Ing bab agama, busana punika ugi sanget dipunanjuraken amargi saged njagi auratipun. Dipuntingali saking segi esteika, kanthi ngagem busana kaendahaning pribadhi saged medal. Ingkang jaler katon bagus, ingkang setri katon ayu.
Kita minangka para mudha kedah nepangaken busana kita kanthi ngagem busana punika ing padintenan. Menawi radi isin nggih saged seminggu sepisan. Menawi instansi pemerintahan ugi saged nguri-uri lan ngrembakaken bab busana kalawau kanthi ngginakaen busana jawi komplit saben sewulan sepisan. Oh inggih, adicara kartinian saha dhimas-dhiajeng punika sejatosipun ugi saged alternatif strategis kangge nguri-uri tradhisi saha kabudayan jawi. Kepara palah saged ngrembakaken jumbuh kaliyan kreativitasipun piyambak-piyambak. Kejawi nguri-uri, adicara kalawau sejatosipun ugi saged dados sarana kangge nepangaken busana kita dhumaten negari manca, punapa malih menawi wonten ing adicara Miss Universe punika dipunwontenaken ngagem busana jawi komplit. Temtu kemawon panjangka go internatioanal badhe kasembadan. Sinambi ngagem busana, kita tansah saged nyetil, boten ketinggalan jaman, sarta ugi saged njagi idiom jawi ajining raga saka busana.
Saking andharan ing inggil, pramila kita minangka generasi penerus, pewaris tradhisi kedah saged njagi amrih tradhisi saha kabudayan tansah lestari. Anggenipun nguri-uri saged dipuntrepaken kaliyan lingkunganipun, menapa malih ugi saged lumantar pakaryanipun. Lingkungan pemerintahan saged lumantar adicara batik and krama day. Kangge para mahasiswa saged lumantar diskusi, seminar, sarta workshop. Panjangkah angsal nyundhul langit,mugi tradhisi saha kabudayan jawi saged go international. Sumangga sareng-sareng dipunreksa saha dipuntlateni amrih kasembadan. Mugi Gusti paring kasembadan. Alhamdulillahirabbil ‘alamin.

_________________________________________________________________________________


Retno Dwi Hapsari A 2012
Budaya Jawi Jaman Sakmenika


Ing jaman sakmenika khathah budaya Jawa ingkang dipuntilaraken dening kawula muda amargi panggalihipun para kawula mudha menika budaya Jawa kuno, sampun ketinggalan jaman, mboten eksis, mboten keren. Saking panggalih menika wau wonten wosing ing budaya Jawi ingkang saged kapundhut mapinten-pinten nilai-nilai, kados nilai pendidikan, nilai ekonomi, nilai politik, nilai budaya,saha nilai sosial. Perkawis-perkawis ingkang saged dipuntingali ing jaman sakmenika ingkang sampun sudo budayanipun kadosta dolanan tradisional, rasukan ingkang tumut-tumut budaya barat, basa ingkang sampun owah, sopan-santun kaliyan tiyang sepuh, pendidikan Basa Jawi ing sekolah ingkang mboten efektif, lan sapanunggalanipun. Ing jaman sakmenika kathah sanget lare-lare utawi kawula mudha ingkang nilaraken budaya Jawi kados nilaraken dolanan tradisional Jawi ing jaman rumiyin, kamangka permainan jaman rumiyin menika paring pelajaran ingkang wigati sanget kados saged mupuk raos gotong-royong, sareng-sareng, susah seneng sareng, mboten kados sakmenika ingkang lare-lare sakmenika mbetanipun gadget ingkang wonten game-game ingkang modern satemah nelasaken wekdal-wekdal kangge main game utawi online kemawon. Ingkang jaman sakmenika kathah ingkang sampun dipuntilaraken saksanesipun dolanan tradisional, kados rasukan ingkang sakmenika kathah ingkang tumut-tumut budaya barat. Jaman ingkang langkung modern menika damel kawula mudha menika gampil sanget tumut-tumut budaya barat ingkang mlebet medal gampil ing Indonesia mliginipun Jawi. Kabudayan jaman rumiyin ingkang nedahaken tiyang setri menika rasukanipun kedah ngangge kebaya utawi rasukan ingkang sopan, rok kedah sakngandhapipun dengkul ingkang jaman sakmenika sampun sudo ingkang kados menika amargi sampun dipunpengaruhi budaya barat ingkang sakmenika rasukanipun ketat, lengkuk badanipun ketingal, celana jeans ingkang ketat ugi, saha rasukan-rasukan sanes ingkang sampun ical budaya timuripun mliginipun Jawi. Basa ingkang dados ciri khas budaya Jawi menika ugi sampun kirang amargi pendidikan dini ingkang sampun nedahaken basa ing putra-putrinipun menika basa Indonesia, sejatosipun mboten klentu anggenipun mucalaken marang putra-putrinipun, ananging langkung sae malih mliginipun kita menika tiyang Jawi ingkang dados pewaris budaya menika ngangge basa ingkang baku saha trep supados langkung sae ing tembe saklajengipun. Kanthi menika putra-putrinipun saged basa dhateng tiyang sepuh. Perkawis ingkang saged dipuntingali malih inggih menika sopan-santun kaliyan tiyang langkung sepuh, para kawula mudha sakmenika sampun cuek dhateng tiyang sepuh, menawi wonten ing transportasi umum menika wonten tiyang sepuh ingkang betahaken kursi kangge lenggah ananging ingkang mudha menika cuek mboten respect menawi wonten tiyang sepuh, langkung nggatosaken piyambakipun. Wonten malih menawi jaman rumiyin menawi panggih kaliyan tangga teparo ingkang sepuh menika srawung, ananging sakmenika cuek ethok-ethok mboten mangertos, lare-lare sekolah menika ugi sami menawi wonten gurunipun utawi tiyang sepuh ing ngajengipun menika mlampah kemawon, kamangka ing jaman rumiyin menika lare-lare mbungkuk saha matur “nyuwun sewu bu, pak”. Lan ugi kathah malih perkawis  ingkang sesambetanipun kaliyan sopan santun kaliyan tiyang sepuh. Wonten ing SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK/STM menika ugi mboten efektif pendidikan Basa Jawinipun amargi sakmenika sampun dipunkirangi jam pelajaranipun kanthi acuan kurikulum 2013. Jam pelajaran ingkang dipunkirangi menika gadhah pengaruh kangge lare-lare, amargi saged mucalaken kabudayan-kabudayan Jawi ingkang wigati, menawi sampun dipunkirangi menika lare-lare males anggenipun sinau wonten ing griya. Sarana saha prasana ingkang mboten lengkap kangge mucalaken menika ugi kirang dados pelajaran menika ugi mboten efektif saha guru mucalaken ing buku kemawon. Sejatosipun perkawis-perkawis menika wau saged dipunkirangi kanthi pendidikan dini, pendidikan karakter wonten ing sekolah, saha nedahaken budaya-budaya Jawi kanthi sarana prasarana ingkang kreatif. Menawi pendidikan dini menika, saking keluarga mucalaken babagan-babagan ingkang sae mboten saenipun, bener luputipun, menawi alitipun dipunwucalaken babagan basa, sopan santun kaliyan tiyang sepuh menika dadosaken lare menika paham ing tembe saklajengipun. Menawi pendidikan wonten ing sekolah menika, dipunwucalaken kanthi media pembelajaran ingkang gampil dipunmangertosi kangge lare-lare, lare-lare menika wau supados praktek wonten ing madyaning masyarakat, kados pundi caranipun sopan santun marang tiyang sepuh, kados pundi matur ingkang sae marang tiyang sepuh, lan sapanunggalanipun. Menawi nepangaken budaya-budaya Jawi ingkang kreatif menika saking pelajaran ing sekolah menika dipuntepangaken budaya utawi pelajaran ingkang sesambetanipun kaliyan budaya Jawi kanthi damel video utawi paraga ing kelas ingkang nggambaraken pelajaran menika wau. Utawi kita damel game utawi aplikasi ingkang sesambetanipun budaya Jawi, kados game ingkang gambaripun wayang, aplikasi ingkang basa Jawinipun ingkang saged dipunakses marang lare-lare menawi jaman sakmenika sampun jamanipun gadget. Kanthi cara-cara menika wau Insyaallah lare-lare saha kawula mudha langkung gampil mangertosi budaya Jawi ing Jaman sampun modern menika.

_________________________________________________________________________________


Amanahtillah Nurwigati B 2012

WAYANG WONG

Indonesia inggih punika bangsa ingkang sugih budaya. Budayaning salah satunggaling bangsa mujudaken pagesangan masarakatipun. Mekaten ugi budaya Jawa minangka salah satunggaling budaya daerah ing Indonesia mujudaken kadospundi pagesanganing masarakat Jawa. Budaya Jawa punika kathah sanget lan nggadhahi nilai-nilai luhur ingkang dados ajaran kangge pagesangan masarakat Jawa.
Sapunika budaya Jawa sampun kathah ingkang ewah amargi wonten globalisasi. Utaminipun para mudha ingkang sapunika kathah ingkang nganggep bilih budaya Jawa punika sampun kuna. Satemah kita kedah ngupiya supados budaya Jawa saged langkung ngrembaka. Utaminipun wonten ing samadyaning para mudha. Ajaran luhur kangge nglampahi pagesangan wonten ing budaya Jawa salah satunggalipun saged katindakaken mawi seni drama. Seni drama wonten ing budaya Jawa asring dipun sebut Wayang Wong.
Wayang Wong inggih punika salah satunggaling kesenian ingkang kaanggit dening Sultan Hamangkurat I nalika taun 1731. Wayang Wong punika arupi wujuding cariyos pewayangan ingkang katindakaken dening manungsa miturut karakter wayang. Pakem cariyos Wayang Wong punika ugi sami kaliyan wayang kulit, ananging bedanipun sedaya karakter wayang katindakaken dening manungsa. Manungsa ingkang nindakaken karakter wayang kasebut ugi migunakaken ageman lan riasan-riasan kados dene ingkang dipun ginakaken wayang kulit. Wujuding pasuryanipun ugi dipun damel utawi dipun rias supados jumbuh kaliyan karakter wayang ingkang katindakaken.
Kathah ingkang mastani Wayang Wong punika Kethoprak, ananging sejatosipun sanes. Sejatosipun Wayang Wong kaliyan Kethoprak punika beda. Bedanipun wonten ing cariyosipun, Wayang Wong nyariyosaken lakon pewayangan Mahabarata lan Ramayana dene Kethoprak nyariyosaken bab cariyos rakyat. Sapunika Kethoprak ugi langkung kathah ingkang nyariyosaken bab geguyonan.
Sapunika langkung kirang masarakat Indonesia utaminipun masarakat Jawa ingkang taksih ngupiyakaken pangrembakaning kabudayan asli Indonesia punika. Ingkang taksih remen biyasanipun namung para tiyang sepuh, dene para mudha kangge ningali kemawon boten remen menapa malih  kangge tumut ngrembakakaken.
Pancen leres menawi jaman sapunika kathah ingkang nyebut jaman edan. Jaman ingkang sampun uwal saking jati dhirinipun. Para mudha ingkang sejatosipun dados pangajab-ajabing para sesepuh kangge ngrembakakkaen budaya Jawa malah boten remen kaliyan budayaning piyambak. Para mudha langkung remen kaliyan budayaning sanes.
Menawi dipun dhawuhi milih antawisipun ningali Wayang Wong kaliyan ningali filem manca, langkung kathah para mudha ingkang milih ningali filem manca.  Ananing sapunika boten namung para mudha, lare-lare ingkang sejatosipun kedah langkung enggal dipun wucali pendhidhikan karakter ugi langkung remen ningali sinetron tinimbang Wayang Wong. Sejatosipun Wayang Wong punika langkung sae tinimbang sinetron ingkang kathah-kathahipun namung nuwuhaken sifat ala. Saenipun menawi kita ningali Wayang Wong kita saged ngrembakakaken kabudayan Jawa. Langkung sae malih menawi kita purun nyinau lan mentasaken kesenian Wayang Wong. Kajawi saking punika, Wayang Wong ugi nggadhahi nilai-nilai luhur lan budi pakerti ingkang sae kangge para putra-putri ingkang samangke badhe dados panrusing bangsa.
Awit saking punika, kita kedah langkung mangertosi budaya Jawa lan mangrembakakaken budaya Jawa. Saenipun nyinau budaya Jawa ugi kangge kita piyambak, amargi wonten ing salebeting budaya Jawa tamtu nggadhahi nilai-nilai luhur ingkang saged katindakaken wonten ing gesang bebrayan kangge nggayuh gesang ingkang ayom, ayem, tentrem, begja mulya, gemah ripah loh jinawi. Pramila kita minangka tiyang Jawi kedah mucali menapa dene ngajak para mudha menapa dene lare-lare supados remen kaliyan budaya Jawa.
Waos SalajengipunJuara Lomba Kepenulisan HIMA PBD FBS UNY

Minggu, 01 Juni 2014

Open Reqruitment Kepanitiaan OSPEK 2014 PBD FBS UNY



Sumangga Formulir Panitia Ospek-Makrab PBD FBS UNY 2014 saged dipununduh wonten link ing ngandhap menika.

Waos SalajengipunOpen Reqruitment Kepanitiaan OSPEK 2014 PBD FBS UNY