Minggu, 23 September 2018

Selasa, 18 September 2018

Rabu, 12 September 2018

Formulir Pendaftaran Panitia PAK 2018/2019


OPEN RECRUITMENT‼
Panitia Pentas Akhir Kepengurusan (PAK) HIMA PBD FBS UNY Periode 2017/2018
Kangge mahasiswa/mahasiswi aktif PBD angkatan 2017 saha 2018
Sie. ingkang dipunbetahaken inggih menika:
Sie. Acara
Sie. Humaship
Sie. PDD
Sie. Perkap
Sie. Konsumsi
Sie. Keamanan
Sie. P3K

Wawanrembag:
🗓18-20 September 2018
⏱13.00 -17.00 WIB
🏣 Sekre Hima Jawa, PKM Lantai 3

Ingkang kedah dipunsamektakaken nalika wawanrembag:
1. Formulir pendaftaran
2. Pas foto 4x6 (2 lembar)

Formulir badhe dipunwedharaken wonten saben kelas,ugi saged dipundownload wonten blog HIJAW : himajawafbsuny.blogspot.com

Sumangga badhe dipunsengkuyung sareng-sareng. Matur nuwun 🙏🏻

Link download formulir:
 Klik di sini
Waos SalajengipunFormulir Pendaftaran Panitia PAK 2018/2019

Kamis, 30 Agustus 2018

Selasa, 26 Juni 2018

Kamis, 31 Mei 2018

Cerkak Edisi HUT 2018



Waos SalajengipunCerkak Edisi HUT 2018

Juara III Lomba Kepenulisan Hima Jawa

Pawiyatan Jawa Kagem Nguri-Uri Basa Jawa Ing Generasi Mudha


Basa jawa inggih menika salah satunggaling basa komunikasi ingkang dipunginakaken saupakara khusus wonten lingkungan etnis Jawa. Basa jawa yaiku basa ibu ingkang dados basa sadinten-dinten masyarakat Jawa. Basa jawa uga ngrupikaken klintu setunggal pusaka budaya Indonesia ingkang kumedah-kedah dipunlestantunaken kaliyan dipunreksa, amargi menawi mboten basa jawa saged ical saking Pulau Jawa. Basa jawa kagungan hak ingkang jumbuh kaliyan basa indonesia. Miturut Alwi (2000), bahasa (daerah) Jawa akan dihormati dan dipelihara oleh Negara, termasuk pemerintah pusat ataupun  pemerintah daerah. Dening amargi punika, generasi mudha suku Jawa sampun saprayoginipun  nglestantunaken basa jawa kagem kelajengan kaliyan tetep reksanipun basa jawa wonten Pulau Jawa. Punapa maneh, basa jawa ngrupikaken basa penggalih ingkang nyirataken penggalih pekerti luhur kaliyan tata karma berbahasa nunjukaken penggalih pekerti pangagemipun.
Wonten kagemipun, basa jawa kagungan aksara kiyambak, yaiku aksara Jawa, dialek ingkang sanes saking saben daerah, mawi unggah-ungguh basa ingkang sanes. Basa jawa kaperang dados 3 indhakan basa, yaiku ngoko, madya, ugi karma. Wonten indhakan basa menika, kagemipun sanes-sanes sami kaliyan menggah ingkang dipunajak ngendika. Sadinten-dinten, ngoko dipunginakaken kagem ngendika kaliyan rencang utawa ingkang langkung anem, madya dipunginakaken kagem ngendika kaliyan tiyang ingkang cekap resmi, ugi karma dipunginakaken kagem ngendika kaliyan tiyang ingkang langkung yuswa. Dening amergi punika basa jawa kagungan etika basa ingkang sae kagem dipunginakaken ugi maningalaken karakteristik budaya Indonesia dados bangsa wetan.
Basa jawa ingkang rumiyin ngrupikaken basa ingkang ageng kaliyan minggahipun wekdal, kagemipun tambah kirang. Ananging ing sakmenika, para generasi mudha wonten Pulau Jawa, khususipun ingkang taksih wonten yuswa sekolah, kathah ingkang mboten saged ngginakaken basa jawa kanthi leres lan sae. Sakmenika dipunamargikaken dening mlebetipun budaya asing ugi arus informasi ingkang lebet saking sarana televisi uga internet. Kathah uga ingkang ngendika menawi basa jawa inggih menika basa priyantun-priyantun dhusun, priyantun udik, priyantun-priyantun pinggiran, utawi priyantun-priyantun jaman rumiyin. Piyambakipun sedaya ngaken lingsem ugi gengsi menawa ngginakaken basa jawa ugi milih ngginakaken basa indonesia utawi basa asing (gaul). Kathah generasi para mudha ingkang mboten saged ngendika ngginakaken basa jawa, ananging mangertos menawi dipunajak ngendika ngginakaken basa jawa. Punika dipunmargikaken piyambakipun sedaya awit alit sampun dipunbiyasakaken ngendika ngagem Basa Indonesia utawi bahasa bentenipun dening keluarganipun. Saleresipun wonten basa jawa peningalan wontenipun norma-norma susial, tata krami, ngaosi ingkang langkung anem kaliyan ngabektos ingkang langkung yuswa. Kathah tiyang ingkang asring ngginakaken basa jawa kagem komunikasi sadinten-dinten kaliyan tiyang sanes, ananging tansah asring kesupen marang ngginakaken basa jawa wonten indhak ngendika ingkang dipunyektos unggah-ungguh basa. Kathah remaja utawi para generasi mudha ingkang mboten pirsa sopan santun dhateng piyambakipun sedaya ingkang langkung yuswa utawi ingkang sakumedahipun dipunbektosi.
Lunturipun basa jawa ngonjuk kualitas penggalih pekerti kaliyan tata krami para generasi mudha ing tlatah Pulau Jawa sakmenika. Amargi kathah ingkang mboten saged ngginakaken basa jawa kanthi leres lan sae, piyambakipun sedaya langkung ngginakaken basa indonesia amargi kaanggep langkung gampil. Amargi punika, pamucalan basa jawa ingkang leres lan sae kedah dipuntanemaken wiwit alit supados basa jawa tetep reksa kalestantunipun kaliyan karakteristikipun masyarakat suku Jawa ingkang dipunyektos gadhah penggalih pekerti luhur kaliyan kagungan tata krama ingkang sae tetep reksa. Lunturipun basa jawa sakmestinipun gadhah kathah alesan ingkang yektos sanget. Sedaya wau saged katingal ugi karaosaken menawi perkembangan jaman ugi perkembangan basa jawa ingkang kala punika sampun ngandhap kanthi drastis sanget. Kathah para generasi mudha ingkang mboten saged ngginakaken basa jawa kanthi sae, kathah ingkang mboten remen ngginakaken basa jawa amargi basa jawa inggih menika basanipun tiyang udik. Ananging sedaya wau sanes naming kalepatan para pemudha, keluarga kalebet faktor ingkang paling berpengaruh, amargi keluarga ngrupikaken lingkungan sosial ingkang kaping saatunggal dipuntepang dening lare. Basa jawa saged dilestantunaken kaliyan pawiyatan jawa, inggih menika nguri-uri kabudayan jawi, kayata, macapatan, dholanan tradisional, aksara jawa , adat jawa, kalebet ngginakaken basa jawa kanthi leres lan sae, unggah-ungguhipun basa inggih kedah dipunprenahaken marang lare. Menawi wonten pawiyatan jawa menika kita saged sinau basa jawa  uga kabudayan jawa. Tuladhanipun wonten ing dusun Tamanan Tamanmartani Kalasan sampun dipunwontenaken kagiyatan pawiyatan jawa kagem para lare, anem, nganti ingkang langkung yuswa. Wonten pawiyatan jawi kita sedaya sinau pangginan basa jawa ingkang leres, pripun anggenipun matur marang tiyang ingkang tirah anem, pripun anggenipun ngendika marang tiyang ingkang sampun yuswa. Sedaya menika kedah dipun mangertosi tumrap kula lan panjenengan sami, supados penggalih pekerti luhur kaliyan kagungan tata krama ingkang sae tetep reksa.
Saking pawiyatan jawa wau, lare ingkang waunipun mboten saged basa jawa kanthi sae lan leres, sairing lumampahipun wekdal lare wau saged ngginakaken basa jawa kanthi sae, langkung sae saking sakderengipun. Sedaya menika, dipunamargikaken kawontenan lingkungan sajejere ingkang saged ngandikan ngagem basa jawa kanthi sae uga leres. Pawiyatan jawa menika sae sanget kagem dipunwontenaken, wonten pawiyatan jawa kita saged mangertosi kabudayan-kabudayan jawa ingkang badhe luntur kados basa jawa wau. Awit sakmenika kula lan panjenengan sami sakumedah-kedahipun nglestantunaken budaya berbasa jawa. Sinten malih ingkang badhe nglajengaken budaya pusaka nenek moyang menawi sanes masyarakat jawa punika kiyambak. Ampun ngantos saksampune budaya sampun ical utawi dipunyektosaken kagungan negari benten sawega masyarakat pradunten kaliyan rumaos kagungan budaya wau. Kagem punika ngreksa saking samangke sangeta permana murih mboten lajeng kuciwa.

Nama : Nadya Athifa Widyaningrum
Sekolah Asal : SMA N 1 Prambanan

Waos SalajengipunJuara III Lomba Kepenulisan Hima Jawa

Juara II Lomba Kepenulisan Hima Jawa

SINAU BASA, NEKUK ILAT

Basa Jawi inggih menika basa ingkang dipunginakaken kangge wicantenan saben dinten wonten ing tlatah Jawi, mliginipun Jawi Tengah (Hermadi, 2010). Basa Jawi dipunperang dados tiga inggih menika Basa Jawi Kuna, Basa Jawi Pertengahan, lan Basa Jawi Modern. Basa Jawi Kuna inggih menika Basa Jawi ingkang dipunginakaken nalika jaman kerajaan kuna. Basa Jawi Pertengahan diginakaken wiwit jaman Kerajaan Mataram Kuna, lan Basa Jawi Moderen dipunginakaken wiwit ambrukipun Kerajaan Mataram ngantos dumugi wekdal sakmenika. Pangrembakanipun basa jawi samenika sampun dumugi daerah – daerah ing njawi tlatah Jawa. Kathah tiyang sanes ingkang saking njawi kados ta Palembang, Banten, mliginipun Serang, Cilegon, lan Tangerang kaliyan Jawa Barat mliginipun Karawang, Subang, Indramayu, Cirebon, lan sanesipun migunakaken basa Jawi kangge wicantenan saben dinten. Perkawis menika dipunjalari saking program transmigrasi tiyang Jawi ingkang sami nyambut damel wonten ing mrika. Tansaya dangu tiyang jawi lajeng mbangun griya mapan ing saperangan tlatah menika.
Basa Jawi enggal, mliginipun ragam ngoko samenika kawastanan ngrembaka panganggenipun saha sampun nemahi ewah-ewahan. Perkawis menika saged dipunpanggihaken wonten ing padintenan saking lelagon ingkang nembe kondhang ing setengahing masarakat, kados ta: tembang Sayang Via Valen saha tembang Bojo Galak. Lare alit ingkang saben dintenipun ngginakaken basa Indonesia, gadhah raos remen nyekar menika awit saking kondhangipun tembang kekalih menika. Sinaosa mekaten, wonten ing cak-cakanipun Basa Jawi ragam krama sekedhik mbaka sekedhik sampun dipuntilaraken dening lare mudha. Awit wonten pamanggih bilih basa Jawi krama menika awrat sanget. Pramila, perkawis menika njalari tuwuhipun raos ajrih tumrap para mudha kangge  ngginakaken basa krama. 
Ing kulawarga, kathah bapak ibu ingkang ngginakaken basa Indonesia, alesanipun inggih menika menawi nyaosi tuladha kangge lare nalika matur dhateng tiyang sanes, langkung gampil ngginakaken basa Indonesia. Wonten ugi ingkang gadhah pamanggih bilih basa Jawi menika sampun mboten njamani, awit ingkang langkung dipunbektahaken saha dipunajeni menika basa Inggris. Ananging sinaosa mekaten, nalika sesrawungan wonten ing sekolah saha ing masarakat, taksih kathah ingkang ngginakaken basa Jawi, sinaosa namung basa Jawi ragam ngoko. Pramila,  tantangan kangge para mudha samenika inggih kados pundi saged nglestantunaken saha ngrukti basa Jawi wonten ing masarakat, mliginipun ragam krama.
Ing wekdal samenika, kathah kabudayan saking njawi ingkang mlebet kanthi bebas lan caos pengaruh tumrap para mudha. Nguri-uri Basa Jawi langkung prayogi dipuntindakaken wiwit taksih alit, para bapak ibu ing ndalem kedah nyaosi tuladha kados pundi matur ngginakaken basa Jawi krama ingkang leres nalika sesambetan utawi wicantenan dhateng tiyang sanes ing pasrawungan. Bapak lan ibu kedah nggatosaken kados pundi unggah-ungguh, tata krama lan pitutur lare dhateng tiyang sanes. Nalika wonten ing sekolah, piwulangan Basa Jawi ugi kedah dipunwucalaken kanthi saestu lan para siswa kedah nggatosaken nalika piwulangan Basa Jawi. Sinau basa Jawi menika ugi kedah sinau budaya Jawi, awit wonten ing budaya Jawi watak adiluhung saha unggah-ungguh menika langkung dipuntengenaken. Basa Jawi sakmenika sampun mrihatosaken sanget panganggenipun dening generasi mudha, pramila generasi mudha kedah ngupiyakaken nguri – nguri Basa Jawi ing kulawarga, sekolah, lan masyarakat.
Upiya ingkang saged dipuntindakaken wonten ing sekolah amrih basa Jawi saged lestari inggih menika gladhen matur basa Jawi ingkang sae, caos pendidikan karakter mawi lomba seni kethoprak, lomba geguritan, lomba sesorah Basa Jawi. Nalika wonten ing masyarakat, nguri-uri Basa Jawa saged dipuncakaken nalika sesrawungan dhateng sedherek  lan kanca-kanca. Kedah saged mbedakaken pundi basa ingkang trep saha leres nalika matur dhateng kanca utawi tiyang ingkang langkung sepuh. Tata krama ngendika ing kulawarga, sekolah, lan masyarakat menika dados salah satunggaling upiya kangge  nguri-uri  basa Jawi. 
Basa Jawi menika wigatos sanget, mboten namung minangka identitas bangsa saha warisan budaya, ananging ugi ngemot piwulang adiluhung ingkang saged nyengkuyung mbentuk karakter bangsa ingkang luhur. Panganggening Basa Jawi saged nambah nilai-nilai karakter tumrap generasi mudha ing wekdal globalisasi menika. Para mudha samenika kedah saged nekuk ilat utawi saged ngginakaken basa krama dhateng tiyang sanes. Para mudha kedah mangertosi wekdal kapan ngginakaken basa ngoko lan kapan kedah ngginakaken basa krama. Tuladhanipun nalika matur dhateng simbah utawi bapak ibu, basa ingkang leres dipunginakaken inggih menika basa krama amargi simbah utawi bapak ibu menika tiyang ingkang langkung sepuh. Nalika sesrawungan lan matur dhateng kanca–kanca, basa ingkang dipunginakaken saged basa ngoko saha krama. Ingkang baken, kita sedaya kedah saged empan papan, tegesipun kedah saged mapanaken sedaya perkawis kanthi papan ingkang trep. Wonten ing sekolah menapa dene ing masarakat, nguri-nguri basa Jawi saged diterapaken nalika wicantenan saha sesrawungan dhateng warga sekolah kaliyan tangga tepalih ing sakiwa tengenipun. Kados paribasan, witing tresna jalaran saka kulina, sok sintena ingkang kulina gladhen, mboten mokal menawi mbenjang saged lanyah anggenipun micara ngangge basa Jawi, langkung-langkung ragam krama. 











Nami Kula Mas’udin Nur Hidayat, saged dipuntimbali Masud utawi Masudin. Kula miyos ing Sleman, 26 November 2000. Umur kula sampun 17 taun. Griya Kula ing Balerante Sempu, RT 007 RW 007, Wonokerto, Turi, Sleman, Yogyakarta. Kula sekolah ing SMK N 2 Depok Sleman utawi STM Pembangunan Yogyakarta

Waos SalajengipunJuara II Lomba Kepenulisan Hima Jawa

Juara 1 Lomba Kepenulisan Hima Jawa

NGUPIYA KIDS JAMAN NOW INGKANG NJAWANI

Basa Jawi inggih menika basa ingkang dipunangge wonten ing tlatah Jawi, mliginipun tiyang Jawi piyambak ingkang kagungan dalem utawi masyarakat ingkang gesangipun wonten ing Jogja mangetan. Bilih dipunpirsani mawi kacamata umum, estunipun basa Jawi menika sami kemawon kaliyan basa-basa sanesipun. Ananging bilih dipunsinauni kanthi langkung prayogi, basa Jawi menika minangka basa ingkang adiluhung. Boten namung saking subasitanipun ingkang kenthel saha ingkang inggil, ananging endahipun basa Jawi menika ingkang kaetang jempolan boten wonten ingkang saged nyaingi. Menika boten amargi raos saha patrap ingkang ala, ananging menika wujud raos bombong birawaning manah kaliyan basa Jawi ingkang edi peni. Bilih dipunpirsani saking subasitanipun ingkang inggil, saged kabuktekaken bilih basa Jawi menika mbedakaken tumrap tiyang sepuh menapa tumrap tiyang enem. Bilih tiyang sepuh menika anggenipun ngendikan mawi basa Jawi ngoko, bilih tiyang enem anggenipun ngendikan kaliyan tiyang sepuh ngginakaken basa Jawi krama inggil. Menika minangka kodrat bilih tiyang enem menika limrahipun ngurmati kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh. Pramila wonten ing basa jawi menika anggenipun ngendikan saben tataran menika dipunbedakaken supados boten ngirangi raos kurmat dhumateng tiyang sanes, langkung-langkung dhumateng tiyang sepuh. 
Basa Jawi minangka basa ingkang adiluhung, samenika unen-unen punika namung kangge masyarakat Jawi minoritas. Mayoritas tiyang Jawi sampun boten mangertosi babagan basanipun piyambak. Sinaosa tasih kathah ingkang saged basa Jawi, ananging kathah ugi ingkang sasar-susur anggenipun sami ngendikan.  Kids jaman now minangka generasi mudha langkung mrihatinaken, samenika sampun sami boten saged basa kanthi sae, langkung-langkung ngendikan ngginakake basa Jawi. Generasi mudha menika sami gadhah pamanggih bilih basa Jawi sampun katilar jaman, sampun boten saged dados tren, langkung-langkung malah nglingsemaken manah. Ingkang langkung dipununggul-unggulaken basa-basa saking njawi, inggih menika basa saking mancanegara. Basa menika kadosta basa internasional, basa Inggris ingkang samenika saweg kawentar wonten ing masyarakat. Basa menika kados kabetahan, amargi wonten ing jaman globalisasi menika, sedayanipun boten saged tebih saking basa Inggris. Pramila basa Inggris saged dados basa ingkang wonten sanginggilipun basa Jawi, basa ingkang langkung pokok wonten ing gesang bebrayanipun manungsa. Boten namung sewates basa Inggris kemawon, ingkang celak inggih menika basa Indonesia. Tiyang sepuh jaman now, kagungan pamanggih bilih putranipun langkung sae saha langkung gaul bilih anggenipun ngendikan mawi basa Indonesia. Menika keraos langkung mbombongaken manah ugi keraos langkung nginggilaken pangkatipun tiyang sepuh. 
Pamanggih tiyang sepuh kados wonten ing nginggil menika estunipun boten leres. Amargi basa Jawi menika ugi wujud peranganing budaya Jawi ingkang kedah dipunjagi saha dipunuri-uri supados saged lestantun dugi samangkeh. Ananging wonten ing praktekipun boten sami kaliyan ing teorinipun. Sedayanipun boten sinkron, tiyang sepuh malah ugi derek lingsem kaliyan basa Jawi. Kedahipun tiyang sepuh menika dados tonggak awal ingkang njagi saha nglestantunaken basa Jawi. Cara ingkang gampil menika kanthi nggulawenthah putranipun wiwit alit ngginakaken basa Jawi. Anggenipun sami ngendikan dipunkulintenaken ngginakaken basa Jawi ingkang sae ugi leres. Kanthi cara menika samangkeh putra saged ngendikan mawi basa Jawi ingkang sae ugi leres saha samangkih boten wonten raos lingsem wonten ing manah. Menika cara ingkang efektif supados putra menika samangkih boten ical ugi boten tebih saking budaya Jawi. 
Basa Jawi minangka basa lokal, basa kagunganipun tiyang Jawi piyambak, basa kang endah, edi peni, basa ingkang adiluhung ingkang kedah dipunuri-uri saha dipunlestantunaken supados boten ical. Pramila sumangga kula panjenengan sedaya minangka tiyang Jawi, minangka para mudha ingkang kagungan tanggel jawab kados pundi supados basa Jawi menika saged lestantun dugi samangkih. Wiwit samenika langkung saged menggalih malih bilih basa Jawi menika sanget wigatos. Basa ingkang adiluhung ingkang boten wonten tandinganipun. Basa Jawi menika boten namung wujud basa kemawon, ananging ugi saged dados wadah kula saha panjengan sedaya anggenipun sinau babagan karakter. Kanthi spontan bilih panjenengan wasis babagan basa Jawi, estunipun karakter panjenengan saged langkung sae. Kenging menapa saged kados menika? Amargi bilih panjenengan kulinten ngginakaken basa Jawi ingkang sae pramila panjenengan ugi kulinten ngginakaken subasita ingkang sae ugi. Mawi teges bilih karakter sae menika sampun tercetak saha melekat wonten panjenengan piyambak. Dados wonten ing gesang bebrayan saben dinten sampun kulinten ugi ngginakakaken subasita ingkang sae ugi. 
Awit saking menika sumangga sesareng sami jawil jinawil, sami dipunsangga sesarengan kados pundi caranipun nglestantunaken basa Jawi ingkang adiluhung menika. Ampun ngantos samangkih kebacut ical, nembe getun saha nandang sungkawa amargi sampun boten saged nguri-uri saha sampun boten saged nduweni malih. Langkung-langkung malah dipunpendet kaliyan tiyang-tiyang saking mancanegara. Menika budaya kula panjenengan minangka tiyang Jawi, pramila tanggel jawab lestantunipun basa Jawi ugi wonten ing tiyang Jawi piyambak. Sumangga sami dipunwiwiti saderengipun tiyang saking mancanegara ancang-ancang miwiti. 




Nama : Umu Arifatul Syifa
Kelas : X
Sekolah Asal : SMK N 1 Kalasan
Email : umuarifatuls@gmail.com
TTL : Sleman, 01 Oktober 2002
Alamat : jl. Kaliurang km 12,5 klembon RT 003/ RW 029
  Sukoharjo Ngaglik Sleman Yogyakarta 55581

Waos SalajengipunJuara 1 Lomba Kepenulisan Hima Jawa

Sabtu, 13 Januari 2018

❗❗ *OPEN RECRUITMENT* ❗❗
   *Pengurus Hima Jawa 2018/2019*
       *Fakultas Bahasa dan Seni*
  *Universitas Negeri Yogyakarta*

*Ingkang dipunbetahaken :*
👤 Sekretaris
👤 Bendahara
👥 Divisi Kesra
👥 Divisi Pena
👥 Divisi Bakmi
👥 Divisi Humas
👥 Divisi Kerohanian

*Syaratipun:*
✔ Mahasiswa aktif PBD angkatan 2016&2017
✔ Ngisi Formulir
✔ Pas foto 4x6 (2 lembar)

*Wawanrembag:*
📆 15-19 Januari 2018
🏢 PKM Lt.3 Sekre Hima Jawa
🕐 10.00-15.00 WIB


Formulir saged dipununduh wonten himajawafbsuny.blogspot.com

*CP :*
👨 Danang (081331467945)
👩 Ucik (081392836608)


~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~
Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~


Formulir dapat di unduh disini
Waos Salajengipun