Selasa, 01 Desember 2015

geguritan

Mudha Taruna kang Kuwat Drajad Dhuh, Bapa Biyung…, Mulat mobat mabiting rat Lampu disco gumebyar aneng pratiwi Sinawung pramudha ngalasake negara Hana jalu nda juwita agawe geger Keh tanaya tanpa yayah Duk nala ing dur wus aglar Ahrang susila ing gesang Samsaya ingak-ingak pager arang Jejel riyel rebutan raja brana Tarup-tarup metani cacading lyan Mratah ngembrah sami padu Dhuh, Pramudha…, Jer jagat wus peteng lelimengan Tanana pepadhang kang sumambirat Karana dianggreg-anggregi nom jail, cethil,methakil Ywa, Aywa sira kadi kuwe Wataking yaksa singkirana Gya nuladha prasatria Yeku luhuring akrami adi sucipta Marta wit nandyang dhuhkita Dhemen tetulung mring lyan Runtuh atine yan upiksa anu sungkawa Tandange cukat kadya kilat, kasit kadya thathit Den ngati-ati nastiti tata titi tutug tatag Yitna yuwana mati lena Pragnya utamaning laku Sarwendah karma anteng jatmika lawan mandraguna Yan hyun pagawe wirang,sigra emut-emut Gusti Antrakusuma antuk swargaloka Iti araneki pramudha sayekti kang kuwat drajat Uninga lukita upakara prasatria Mrih bisa amerta paramita Jiwa mudha among praja Lumakweng gilig tekade prapta murud Kawangwang janaloka lir nirmala Dening : Puji Lestari Cahyaningsih PBD A 2014
Waos Salajengipungeguritan

Rabu, 09 September 2015

komik tema ospek 2015

Komik
Dening : Slamet Widodo
Waos Salajengipunkomik tema ospek 2015

Senin, 07 September 2015

Komik Tema Ospek

Komik kanthi tema ospek
Dening : Slamet Widodo
Waos SalajengipunKomik Tema Ospek

Selasa, 09 Juni 2015

Formulir Oprec Kepanitiaan OSPEK PBD FBS UNY 2015


Sumangga, kangge kanca-kanca Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah angkatan 2013/2014 ingkang ngersakaken dados panitia OSPEK lan Sikrab/Makrab 2015, saged ndherek Oprec menika. Formulir saged dipunundhuh ing link ing ngandhap menika :
Waos SalajengipunFormulir Oprec Kepanitiaan OSPEK PBD FBS UNY 2015

Selasa, 28 April 2015

Adicara Pambuka HUT HIMA Jawa kaping-24


Sumangga dipunpriksani adicara pambuka HUT HIMA Jawa kaping-24.
Tehijaw (Teater Hima Jawa) 
PENTAS KETHOPRAK LESUNG kanthi lakon "JAKA BOLENG"
Wekdalipun Selasa, 5 Mei 2015 
mapan ing Pendhapa Tejakusuma, FBS, UNY.
GRATIS !!!


Waos SalajengipunAdicara Pambuka HUT HIMA Jawa kaping-24

Rabu, 04 Maret 2015

Open Recruitment Kepanitiaan Ambal Warsa Hima Jawa kaping-24

Sumangga Formulir Kepanitiaan Ambal Warsa Hima Jawa kaping-24 saged dipun-unduh wonten link ing ngandhap menika.


Waos SalajengipunOpen Recruitment Kepanitiaan Ambal Warsa Hima Jawa kaping-24

Minggu, 04 Januari 2015

Formulir Pendaftaran Pengurus Hima PBD FBS UNY 2015

Sumangga kanca-kanca Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah FBS UNY angkatan 2013-2014 ingkang ngersakaken dados Pengurus Hima PBD FBS UNY 2015 saged ndaftar lan formulir saged dipun-undhuh ing ngandhap menika. Sampun ngantos kesupen formulir dipunbekta nalika wawanrembag ing papan ingkang sampun dipunsamektakaken.


Waos SalajengipunFormulir Pendaftaran Pengurus Hima PBD FBS UNY 2015