TAMU
Surup wis ngganteni wayah sore nalika srengenge nlusup
menyang pasanggrahane ing kulon kana. Sakdawaning dalan, mung krungu swara
adzan maghrib kang teka ilang kagawa angin lan swara jangkring krak krik kang nambah ati sansaya
ndluyup.
Sedela maneh
tekan...
Sakjane mung siji kuwi sing wektu iku ana ing pikiranku
lan kanca-kancaku. Soroting lampu motor kang ora bisa nembus kabut, anggawe ati
sansaya mangkel. Dalan kang munggah mudun krasa ora ana pungkasane. Aspal kang
jembare punjul saka limang meter dadi sansaya ciut.
Sedela maneh
tekan...
Ukara kuwi kayata mantra sing ora ana ajine. Dalan tetep
krasa sansaya dawa, sansaya adoh, sansaya gawe mrinding. Kabut kang sansaya
ngglabut nambahi mrinding ing ati. Ananging... saka kadohan katon kelop lampu
saka sawijining omah. Atiku lega nalika sansaya cerak weruh bapak lan bu dukuh
wis ngenteni ing ngarep daleme. Ngarep-arep aku sakanca kang kudune tabuh lima
mau wis tekan daleme.
“Wonten menapa to, Mbak, Mas, kok nembe dugi?” Pitakone
Bu Dhukuh.
“Ngapunten, kala wau merginipun lunyu. Boten wantun
banter-banter.” Wangsulane ketua kelompok KKN-ku.
“Ohalah, yowis nek ngono. Gek ndang do wijik terus
dhahar mawon, Mas, Mbak!” Ature Pak Dhukuh.
“Nggih, Pak.”
Akubsakanca banjur menyang mburi wisuh, reresik, jamaah maghrib,
banjur padha maem. Sakwise kuwi padha ngrembug apa kang bakal dadi programe
kelompok dina ngarep.
Ora krasa wis ana seminggunan aku sakanca manggon ing
omahe Pak Dhukuh. Dina kuwi Rebo, aku sakanca kaya biyasane padha ngrembug
babagan program kelompok. Ananging, ing rapat iku malah padha ngrembug
kaganjilan sing wis sawetara wektu iki padha dirasakake.
Ora mung siji loro kancaku kang wis ngrasakake
kaganjilan ing omah iki. Aku lan kanca-kancaku banjur padha crita-crita apa
kang wis padha dirasakake saksuwene manggon ing kene.
***
Ing salah sawijining wengi, sakwise ngrembug program
kelompok, aku sakanca banjur turu. Dumadakan... salah sawijining kancaku
nglindur, nangis lan ngomong ora pati cetha.
“O oo apa kuwi, ireng-ireng gedhe banget. Awas, marani
aku, awas!!” Kancaku njerit banjur nangis. Bocah-bocah liyane padha bingung,
amarga kancaku kuwi ora gelem nanduki pitakone kanca liyane. Dheweke terus
nduding-ndudingi lawang, lan mundur-mundur keweden kaya ana sing bakal nekani.
Sakwise nangis sakwetara dheweke sadar, banjur
lunga wudhu lan mapan turu maneh.
Kadadeyan kuwi ora mung pisan pindho. Wengi sakbubare,
kancaku nglindur kaya ngono maneh. Kaya ana wujud ireng gedhe sing bakal
ngeblegi dheweke. Aku sakanca dadi wedi lan bingung. Ana apa neng omah iki? Apa
ana salah sawijine saka aku kang tumindak ora becik lan ganggu liyan?
Saka kadadeyan
iku, aku sakanca sadar, yen omah iki dudu mung
omah kang biyene kosong kaya sing wis dadi crita. Aku sakanca ing kene mung
dadi tamu. Wis sakmesthine aku lan kanca-kancaku kudu ngajeni marang kang
kagungan dalem. Marang kang wis mapirang-pirang taun mbahu reksa omah iki. Lan
siji maneh, ora sakmesthine aku sakanca wedi marang kahanan kaya kang wis
kadadeyan, amarga jagad iki pancen kanggo uripe kabeh titahe Gusti. Jagad iki
dudu mung jagading manungsa lan sapanunggalane, nanging uga jagading liya kang
aran lelembut.
Nama : Iffah Santi Fahmawati
NIM : 17205241041
Tidak ada komentar:
Posting Komentar