Anjangsana menika salah satunggaling proker saking divisi PENA Hima Jawa UNY. Proker menika ancasipun kangge ngeraketake antaraning Hima Jawa UNY kaliyan Hima-Hima sanesipun. Taun kepungkur Hima Jawa UNY anjangsana wonten Hima PKNH FIP UNY. Kangge taun samenika, Hima Jawa UNY anjangsana dhateng Kamasutra UGM. Kamasutra UGM menika Himpunan mahasiswa saking jurusan Sastra Nusantara UGM. Ancasipun anjangsana taun menika wonten Kamasutra UGM inggih menika, ngraketaken paseduluran kaliyan mahasiswa utawi himpunan mahasiswa ingkang sami-sami ngelmu babagan bahasa, sastra, lan budaya daerah khususipun daerah Jawa.
Adicara menika kalampahan dinten Jumat, 28 Oktober 2011. Rombongan saking Hima Jawa UNY dhateng dumugi Kamasutra UGM kirang langkung pukul 15.30. wonten mriku, rombongan dipun-sambut kanthi sae.
Adicara menika dipun-pranatacarani dening salah satunggaling pengurus Kamasutra UGM. Sasampunipun dipun-buka kanthi waosan basmalah, adicara dipun-lajengaken atur pambagya saking kalih-kalihipun Himpunan Mahasiswa. Saking Kamasutra UGM dipun-wakili dening sederek Pipit ingkang ugi minangka ketua Kamasutra UGM taun 2011-2012. Menawi saking Hima Jawa UNY, atur pambagya dipun-andharaken dening sederek Juang Jatmiko minangka ketua Hima Jawa UNY.
Salajengipun adicara kalampahan kanthi sae. Wonten mriku dipun-andharaken program kerja saking kalih-kalihipun himpunan mahasiswa. Program kerja Kamasutra sae-sae, ananging wonten setunggal ingkang miturut Sumaryoto saking Hima Jawa UNY sae sanget. “Wonten proker sinau bareng Bahasa Sansekerta lan Bahasa Jawa Kuna, sae sanget,” maturipun Sumaryoto.
Kamasutra UGM pancen gadhah proker sinau bareng Bahasa Sansekerta lan Bahasa Jawa Kuna. Program menika dipun-wontenaken amargi mata kuliah Bahasa Sansekerta lan Bahasa Jawa Kuna menika dipun-anggep mata kuliah ingkang angel, sahengga perlu sinau ingkang tenanan. Program menika dipun-pimpin kaliyan mahasiswa Jurusan Sastra Nusantara angkatan nginggil ingkang biji mata kuliah kalih menika sae. “Menawi saged dipun-wontenaken wonten Hima Jawa UNY sae sanget,” kandhanipun Juang.
Anjangsana wonten Kamasutra UGM dipun-pungkasi kaliyan adicara jelajah kampus Fakultas Ilmu Budaya UGM.wonten mriku rombongan saking Hima Jawa UNY dipun-terangaken babagan ruangan pundi kemawon ingkang dipun ginakaken kangge kuliah jurusan Sastra Nusantara UGM.
Saking anjangsana menika, wonten kekarepan, antaraning mahasiswa ingkang ngrembag ilmu babagan bahasa, sastra, lan budaya daerah khususipun daerah Jawa saged sami kenal lan guyup rukun. Kanthi adicara anjangsana menika ugi, mugi-mugi antaraning Hima Jawa UNY kaliyan Kamasutra UGM saged sareng sinau lan kerja sama ingkang gegayutanipun babagan bahasa, sastra, lan budaya daerah khususipun daerah Jawa. (Amin'09)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar