Selasa, 22 November 2011

Voli Minangka Keraketan

Wiwit dinten Jumat 11 Nopember 2011, rerangkening adicara Akhir Taun Hima Jawa kawiwitan. Adicara akhir taun Hima Jawa kawiwitan kaliyan kagiyatan Lomba Voli. Lomba Voli dipun-wontenaken antaraning sedaya kelas wonten jurusan Pendidikan Bahasa Jawa saking angkatan 2009 dumugi angkatan 2011. Adicara menika pancen boten wonten gegayutanipun kaliyan ngelmu ingkang dipunrembag wonten kuliah inggih menika ngelmu babagan Jawa, ananging saking lomba voli menika Hima Jawa gadhah ancas sedaya warga khususipun mahasiswa Pendidikan Bahasa Jawa saking sedaya angkatan saged tepang langkung malih saged reket anggenipun kekancan.

Lomba voli dipunwiwiti wiwit dinten jumat 11 Nopember 2011. Lomba voli boten namung kangge mahasiswa kakung, ananging ugi kangge mahasiswa putri.
Sanajan sakmenika saweg musim rendheng, ananging puji syukur sanget dhumatheng Gusti Allah, dinten jumat nganthos minggu ingkang dingge kangge jadwal voli langit padhang jingglang, matahari gagah ngatonaken rupane.
Awit wontenipun lomba voli menika, puji syukur sedaya kelas nderek nyengkuyung lan ngramekaken lomba voli menika, sanajan wonten satunggal kalih kelas ingkang boten nderek. Saking lomba menika, kelas H angkatan 2010 pikanthuk jawara satunggal saking kategori voli kakung. Menawi saking kategori putri, lomba voli dipun-menangi dening kelas A angkatan 2011. Nderek bingah kangge kelas H angkatan 2010 lan kelas A angkatan 2011. (Amin '09 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar