Budaya
Jawi VS Globalisasi
Budaya
jawi inggih menika budaya ingkang adiluhung, budaya ingkang ngemot
mawerni-werni paugeran kangge gesang manungsa ingkang ugi nggadahi ancas
langkung sae supados manungsa wonten ing gesangipun saged wilujeng rahayu nir ing
sambikala. Manungsa menika wujud saking kersaning Gusti ingkang ugi dipun
paringi hawa nepsu. Hawa nepsu menika ingkang dadosaken manungsa nindakaken
gesang kanthi kemendel saha kementhus, kesupen bilih gesang menika kagunganipun
Gusti Allah, sedayanipun samangkih ugi wangsul malih wonten ngarsa dalem Gusti
ingkang Murbeng Dumadi.
Wosing
saking budaya jawi menika estunipun ngemot piwucalan kados pundi gesang
manungsa ingkang samangkih saged dadosaken wilujeng saha saged pinanggih
kabegjan wonten ing donya ugi wonten ing akhirat. Budaya jawi menika saged
dipun ngendikakaken kompleks kanthi
teges boten namung wujud paugeran ingkang gegayutanipun kaliyan gesang wonten
ing donya, ananging ugi ngemot paugeran ingkang gegayutanipun kaliyan ingkang
kagungan gesang menika.
Sinten
kemawon ingkang kersa nyinauni budaya jawi menika, wonten ing gesangipun saged
pinanggih kabegjan. Ugi sinten kemawon ingkang sampun nate nyinauni budaya
menika rumaos eman, rikuh, pekewuh saha penggalihipun susah bilih tebih saha
nilaraken menapa ingkang wonten ing salebetipun budaya jawi. Amargi bilih dipun
pirsani malih menapa ingkang wonten ing salebetipun budaya jawi boten wonten
ing budaya sanesipun. Menika ingkang dadosaken budaya jawi langkung istimewa saking budaya sanesipun.
Langkung-langkung, kathahipun tiyang jaman rumiyin anggenipun ngetrepaken saha
nyinauni budaya jawi menika mawi ngelmi titen, menika ingkang ugi dadosaken
budaya jawi menika unik.
Raos
bombong wonten ing manah kaliyan budaya
jawi sampun boten saged dipun raosaken malih, amargi wonten ing jaman sakmenika
kahanan budaya jawi sanget mrihatinaken. Tiyang jawi sakmenika sampun boten
kathah ingkang kersa nglestantunaken budaya jawi. Langkung-langkung tiyang enem
jaman sakmenika ingkang nembe kontap dipun wastani kids jaman now sampun asring kesupen kaliyan budayanipun piyambak.
Kadosipun tiyang jaman sakmenika ngraosaken lingsem bilih nindakaken ingkang
wonten gegayutanipun kaliyan budaya jawi, langkung-langkung ingkang saged
bombongaken manah inggih menika budaya saking kilenan. Tiyang enem nderek
ilining jaman inggih menika nderek ilining globalisasi.
Kanthi boten dipun penggalih malih bilih globalisasi
menika mbeta kathah perkawis ingkang boten sae. Ananging ingkang dadosaken cuwa
inggih menika tiyang jaman sakmenika langkung remen kaliyan budaya kilenan
ingkang cetha wonten ing ngajeng netra mbeta sedya perkawis ingkang boten sae.
Bilih boten ngatos-atos, tiyang sakmenika saged risak amargi boten saged selektif anggenipun nglampahi gesang,
ingkang ugi ndadosaken bibit, bebet saha bobot tiyang jawi tebih saking tembung
sae utawi mentes. Kedahipun bilih sampun kathah perkawis ingkang paring tuladha
bilih budaya kilenan menika boten sae, tiyang jawi saged menggalih malih bilih
saenipun budaya kilenan dipun tilaraken utawi saged dipun pendet ingkang
sae-sae kemawon lajeng wangsul malih kaliyan budaya jawi. Miwiti ngopeni,
ngupakara saha nglestantunaken malih budaya jawi. Ananging sedaya kala wau
menika boten namung kados unen-unen “kaya gampanging ngedepke mata“, kedah
wonten kesadaran saking diri pridadi tiyang jawi piyambak.
Boten namung menika, tiyang sepuh ugi kagungan jejibahan supados nggulawenthah
putranipun wiwit tasih alit gayut kaliyan budaya jawi. Amargi bilih tiyang
sepuh menika sampun nepangaken budaya jawi kaliyan putranipun wiwit tasih alit,
lare menika dados sampun biasa bilih ngglampahi gesang kanthi ngginakaken
budaya jawi. Sakestu samangkih boten wonten raos lingsem wonten ing salebetipun
manah. Ananging ingkang dadosaken manah menika langkung nandang sungkawa inggih
menika tiyang sepuh jaman sakmenika boten wonten bedanipun kaliyan tiyang enem
jaman sakmenika, kekalihipun sami anggenipun ngunggulaken budaya tiyang sanes
inggih menika budaya kilenan. Menika dados perkawis ingkang awrat, para pakar budaya
jawi pikantuk tantangan ingkang
sanget awrat. Kados pundi saged dadosaken kahanan menika langkung sae boten
mrihatinaken kados sakmenika.
Wonten
salahsatunggaling negari ingkang saged dados tuladha sae kagem tiyang jawi,
inggih menika negari Jepang. Tiyang Jepang menika sanget bombong kaliyan
budayaipun piyambak. Tiyang Jepang ugi remen kaliyan basanipun piyambak, kanthi
tuladha bilih tiyang Jepang punika boten remen bilih buku-buku Jepang menika
dipun translate wonten basa
sanesipun. Langkung-langkung tiyang Jepang menika remen bilih buku ingkang
ngginakaken basa sanes Jepang dipun translate
wonten ing basa Jepang utawi ingkang asring dipun sebat kanji. Kedahipun tiyang jawi ugi mekaten
saged bombong ugi tresna kaliyan budayanipun piyambak.
Sakestu
leres bilih mayoritas kathah ingkang
sampun nilaraken budaya jawi, ananging bilih dipun pirsani malih kanthi minoritas, tasih wonten ingkang kersa
ugi remen nyinauni budaya jawi. Tiyang minoritas
menika kathi manah ingkang lila legawa nglestantunaken budaya jawi. Kadosta
kathah paguyuban-paguyuban ingkang tasih nyinauni budaya jawi. Boten namung
menika, instansi pendidikan ugi tasih kathah ingkang ngupayakaken lestantunipun
budaya jawi. Kadosta pemerintah ngedahaken basa jawi menika dados muatan lokal
woten ing SD, SMP saha SMA. Kejawi punika ugi tasih wonten universitas ingkang
jurusanipun basa jawi. Inggih menika universitas ingkang khususipun wonten ing
tlatah jawi utawi Ngayogyakarta. Menika sae sanget dados tonggak awal lestantunipun budaya jawi. Kadosta mahasiswa
pendidikan bahasa daerah UNY ingkang saged dados tuladha tonggak awal ingkang nglestantunaken budaya jawi. Mahasiswa
pendidikan bahasa daerah UNY menika tuladha mahasiswa ingkang saestu pinanggih
kabegjan saged kanthi gamblang nyinauni budaya jawi ingkang adiluhung. Kanthi
nyinauni saha ngupayakaken lestantunipun budaya jawi wonten ing jaman globalisasi menika temtunipun boten
gampil, kathah alangan ingkang dipun raosaken. Ananging kanthi alangan menika
boten dadosaken mahasiswa pendidikan bahasa daerah UNY cilik atine, sedaya
mahasiswa sami gotong royong ngupayakaken lestantunipun budaya jawi kanthi
bombonging manah saha kanthi lila legawa.
Budaya
jawi menika saged dados warisan kangge putra wayah wonten ing tembe ngajeng.
Warisan ingkang temtunipun boten saged kaukur kaliyan kathahing banda, warisan
ingkang wujud budaya menika langkung aji kaliyan banda ingkang wujud menapa
kemawon. Pramila wonten ing jaman globalisasi
menika sumangga sesarengan sami jawil jinawil, jurit laga ngupayakaken budaya
jawi menika. Ampun ngantos dados tiyang jawi ingkang ical jawinipun. Bilih kula
panjenenengan sedaya boten preduli kaliyan budaya jawi, sinten malih ingkang
kersa nglestantunaken. Saru dipun raosaken bilih samangkih wonten tiyang saking
budaya sanes jawi ingkang kersa nglestantunaken budaya menika sanes tiyang jawi
piyambak. Pramila sakderengipun sedaya sampun saestu kebacut ical, sumangga
sami nyepakaken jiwa raga ingkang dipun sarengi manah ingkang lila legawa
ngupayakaken lestantunipun budaya jawi. Sakalitipun wujud saking
tumindak menika sampun sae sanget kangge lestantunipun
budaya jawi.
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar