Selasa, 15 Maret 2016

Klambi Kanggo Adi

Klambi Kanggo Adi
Dening Maratun Nabilah PBD B 2014
Kok kaya ngene abot sanggane
Yen lagi dadi wong ora nduwe
Tak rewangi bendina nyambut gawe rekasa
Nanging kayane ra sepira
Juminah miris krungu lagu sing lagi diputer ing sawijining kolt sing lagi ditumpangi dheweke, kayane lagu kuwi nyritakake marang wong akeh babagan lakuning uripe. Mas Surip, bojone sing maune nyambut gawe dadi kuli panggul ing pasar, wis telung taun kepungkur tinimbalan dening Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Dene dheweke, maune nduwe usaha bukak warung cilik-cilikan ing cedhak pasar ndilalah kersane Gusti, warung kuwi mau kobongan amarga listrik ing toko sisih tengene konslet, banjur geni mau mrembet ing warunge.
Juminah nyawang sakiwa tengen dalan sing diliwati, akeh wit-witan, lan sawah sing katon ijo, tansah gawe tentreme ati, pisan pindho karo ambegan jero.
“Mbok, mbesuk kula sampun sekolah SD Mbok. Kula kepengin nganggo klambi abang putih kados mas Hari, putrane pak lurah kae lho.”
“Iya Le. Yen simbok nduwe dhuwit, mengko daktumbasake klambi kaya mas Hari kae. Nanging kowe kudu sregep sinau ya Le.”
“Inggih Mbok. Siap. Kula lak kepengin ta Mbok dados lurah kados bapakne mas Hari menika, saben dinten ngagem ageman werna abu-abu, lajeng ngagem batik, katon gagah.”
“Iya Le. Iya. Simbok mung bisa ndedonga, muga apa wae sing dadi pepenginanmu bisa kasil. Wis gek ndang adus sik Le. Jare mau arep melu simbok ndheplok kacang kanggo nggawe sambel? Sida ora?”
“Inggih Mbok.”
“Simo Simo Simo. Terminal Simo.” Swarane sopir kolt mbuyarake lamunane Juminah. Wis teka terminal, ateges dheweke kudu mudhun saka kolt kuwi. Lakune Juminah sansaya cepet, panuju ing papan dheweke nyambut gawe dadi tukang ndheplok kacang kanggo nggawe sambel, senajan kasile namung bisa kanggo mangan saben dina. Kanggo mujudake karepe Adi, putrane sing ragil kuwi, Juminah kudu nglumpukake dhuwit mau, kudu hemat, ngati-ati anggone ngecakake dhuwit, supaya bisa nukokake Adi.
Srengenege suwe-suwe sansaya angslup. Katon ing langit sisih kulon, ana cahya oranye. Mundhak peteng, wis wayahe Juminah mulih. Dalan sing diliwati Juminah tumuju omahe kuwi mbulak, peteng, ora ana kendharaan sing bisa ditumpangi dheweke. Juminah mung bisa nasak petenging wengi. Watara sejam, Juminah lagi teka omah.
“Mbok, pripun? Klambi seragam kados gadhahanipun mas Hari sampun dipun tumbasaken? Kula kepengin nyobi Mbok. Pundi?”
“Ngapurana simbok ya Le. Simbok durung nduwe dhuwit. Simbok janji marang kowe, yen simbok wis nduwe dhuwit bakal daktukokake. Ya Le?”
Adi mrengut, mung bisa meneng, nangis ing jero ati. Nanging Adi ngerti kepiye kahanan uripe.
Srengenge esuk wis kumencar, sunare kuning emas aweh salam marang Adi, liwat gedhek, minangka tembok omahe. Swara jago kluruk nangekake bocah kuwi. Krungu swara kaya mangkono, Adi gumregah tangi, banjur nggoleki simbokne.
“Simbok Simbok Simbok, kula ndherek dhateng peken nggih? Ndherek simbok ndheplok kacang.”
“Woalah bocah. Tangi-tangi kok nggoleki mbokne. Hambok raup sik kana! Apa adus sisan kana lho Le cah bagus!”
“Nanging, kula ndherek Simbok dhateng peken nggih.”
“Iya Le, gek ndang mangkat adus sik kana!”
Ora watara suwe, Adi wis macak ngganteng lan wangi, nganggo klambi lungsuran saka kangmase sing saiki lagi dadi TKI ing Arab Saudi. Nanging wis suwe ora menehi kabar babar blas. Paling ya lagi repot, mangkono panemune Juminah lan Adi.
Sawise wong loro iku siap, banjur mangkat menyang pasar. Durung sida nutup lawang, pak lurah sowan, saperlu menehi klambi seragam kanggo Adi. Kaya apa senenge atine Adi, pepenginane bisa kaleksanan, senajan klambi kuwi mau dudu klambi anyar, nanging klambine mas Hari sing wis ora dinggo. Warna putih klambi iku wis malih warna krem, lan warna kathoke abang mbulak, nanging Adi tetep seneng. Saking senenge, klambi seragam kuwi mau digawa menyang pasar, ora diselehake ing omah.
Teka ratan gedhe, dalane sansaya rame. Simbok mlaku dhisik, Adi ing mburine, ananging Adi ora nggatekake sakiwa tengene, Adi langsung mlayu nyabrang nututi simbok.
“Bruakk.” Swara saka pinggir dalan sing rame mau. Adi ketabrak motor. Simbok mlayu marani Adi. Wong sing nabrak uga melu marani. Syukur, Adi ora apa-apa. Dheweke namung mbeset ing dhengkul lan tangan kiwane. Nanging, klambi seragam saka pak lurah mau suwek ing bagian lengen, lan kathoke uga wis ora kena dienggo amarga melu keseret tibane motor. Adi nangis gero-gero ora amarga tangan lan sikile sing lara, nanging amarga klambi seragame wis rusak, ora bisa dinggo.
“Wis, cup cup meneng ya Le. Bar iki, ayo tumbas klambi seragam.”
“Saestu nggih Mbok?”
“Nyuwun pangapunten Bu. Kula ingkang nabrak. Pripun? Menapa ingkang sakit?” Wong sing nabrak Adi nyedhak, marani.
“Adi boten menapa-menapa. Namung mbeset kados mekaten. Sampun Mas. Panejengan mbacutake lampah kemawon.”
“Nggih boten saged mekaten Bu. Kula tanggel jawab amargi sampun nabrak adhik menika. Kula kala wau kok mireng menawi dhik Adi badhe dipun tumbasaken seragam. Mangga, kula kemawon ingkang numbasaken. Ayo Dhik.”
“Menika saestu Mas? Wah. Matur nuwun sanget nggih.” Semaure Adi karo mesem, seneng nganti lali yen tangan lan sikile lagi lara.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar