Selasa, 08 Maret 2016

Cerkak : Tresna Ngarep Cendhela

Tresna Ngarep Cendhela
Dening : Galih Turut Wigati

Juna. Wong sing paling ayu ana ing desa Miri. Para pemudha ing desa iku wis pada nyandhang katresnan marang Juna, kembang desane. Ananging Juna namung bisa tresna marang salah sijining pemudha kang wis narik atine. Pemudha kuwi dudu sapa-sapa. Dudu wong sing bagus, tajir utawa saka kaluwarga sing mapan. Pemudha kuwi namung uwong biasa kang wis gawe atine Juna kang tansah bingung.
Pemudha kuwi jenenge Tirjo. Wong kang cungkring, ireng manis ananing wis gawe atine Juna luluh. Pemudha iki jan-jane biyen uwong sing rada duwe. Ananging gegara saka lemahe kang disade terus kangge biaya perawatan Almarhum bapake rikala sakit, saiki Tirjo wis dadi wong biasa. Pomahane cilik gedeg, omahe kang gedong biyen wis didol kanggo bayari utang-utange kaluwargane.
“Dhik, apa ya awakdhewe bakal kaya mangkene terus? Delik-delikan kaliyan tiyang sepuh?”, pitakone Tirjo marang Juna. Ditakoni bab kaya mangkana terus Juna saya bingung. Tiyang sepuhipun Juna bakalan ora setuju yen Juna duwe rasa marang Tirjo. Amarga tiyang sepuhipun taksih lara ati nalika jaman semana.
Jaman Juna isih cilik, kaluwargane Juna kuwi wong paling ora duwe ana ing desane. Tiyang sepuhe lan Juna gaweane namung diunek-unekake karo tangga teparo. Tiyang sepuhe Juna isih kelingan rikala arisan ibu-ibu PKK, ibune gawa Juna lan adhi-adhine. Nalika kuwi pancen anak-anake durung padha mangan sedina amarga bapakne nembe gerah, ora ana pemasukan kanggo nyukupi kaluwargane. Anake padha luwe banjur padha mangan nang arisan sakenane, kaya warok merga isih padha bocah, ya padha ora duwe rasa isin.
“Maeme alon-alon, Nduk. Engko keselak!”, kandhane ibune. Ananging Juna merga saking ngelihe ora nggubris. Dheweke ya isih cilik, durung sekolah, durung pati ngerti bab tata cara mangan.
“Ana cah wadon kok le mangan kaya kewan ra tau dipakani.”, unine Darsih salah sijining warga sing sengit tenan karo wong ora duwe. Ngrumangsani piyambake wong kang diajeni ana ing desa kana, piyambake nalika ngomong namung waton.
Krungu unine Darsih kala mau, Tum amung bisa nahan nagis lan ngajak anak-anake bali. Saka bab kuwi tekan saprene Tum isih kelingan temenan. Amarga saben arisan, ta’jilan utawa acara apa wae ana ing desa kana mesthi wae Darsih gawe sesengit marang Tum.
Kaya kena timbale balike, saiki Darsih dadi uwong sing ora duwe, uripe namung pas-pasan kanggo nguripi anake siji sing kuliah utang kana-kene. Donya kaya wis kuwalik kanggo Tum karo Darsih. Tum sing isih kelingan unine Darsih jane yo ra tega delok kahanane Darsih saiki. Ananging Darsih taksih gengsi marang Tum. Saiki sing dadi korban namung anake sakeloron. Anake wis padha nyandhang katresnan.
“Kepiye, Dhik? Aku wis kepingin ngenalke sampeyan kaliyan tiyang sepuh.”, tarine Tirjo marang Juna. Juna makjleb. Atine wis kaya kesamber petir. Ora bakal Juna ngomong karo Tirjo yen tiyang sepuhe sakeloron kuwi duwe masalah. Bab kuwi wis suwe banget. Tirjo ora tau diceritani kaliyan ibune, amarga Tirjo kuwi anak tunggal, apa-apa keturutan senajan ibune le golek dana direwangi jungkir walik.
“Mas, menapa boten kecepeten? Kula lan panjenengen menika lak taksih ngangsu kawruh. Dirampungke rumiyin mawon kuliahe banjur nembe tepang kaliyan tiyang sepuhe panjenengan.”, Juna golek alasan supayane ora gawe loro atine tiyang ingkang ditresnani iki.
Ana ing taman kota kuwi sakeloron namung padha ngelamun, lungguh adhep-adhepan. Tirjo mikirake apa sebabe Juna ora tau gelem diajak nang omahe. Beda karo Tirjo, Juna mikirake yen ibune ngerti dheweke karo Tirjo padha pepacangan mesthi ibune bakal ora ngolehake.
Ora let suwe anggone padha dolan ana ing taman, Ika wong sing seneng karo Tirjo weruh wong loro padha asik dolanan yun-yunan. Ika rasane mangkel, wong kang diidham-idhamake rikala jaman SMP jebul wis duwe pacar karo tanggane dhewe. Ngerti yen tiyang sepuhe sakeloron kuwi padha duwe masalah, Ika duwe rencana elek kanggo wong loro kuwi.
Tekane desane Ika langsung tumuju ana ing omahe Tirjo. “Kula nuwun, Bu Darsih?”, takone Ika karo dhodhok-dhodhok lawang ngarep omahe.
“Mangga, sinteh nggih?”, jawabe Bu Darsih saka jero omah.
“Kula bu. Ika.”
“Oalah..kowe ta Ika. Ana perlu apa mrene? Yen goleki Tirjo durung bali.”
Krungu kandhane Darsih yen Tirjo durung bali, Ika buka HPne lan didelokake fotone Juna lan Tirjo sing padha dolan ana ing taman kota. Atine Darsih panas, ora trima yen Tirjo seneng marang Juna anake Tum sing saiki wis dadi sugih.
Tanpa pamit marang tamune dhewe, Darsih lunga marang omahe Tum. Marani kaluwargane. Lakune banter, atine panas, sakabehe sing ana ing penggalihe pingin ditokake marang Tum. Roke dicicing supaya saya cepet tekan merga dalane munggah.
Omahe Tum kuwi kalebu puncake Gunung ana ing desane. Ing jaman biyen disebut Gunung Torogo, dadose sakmenika anggene masyarakat nyebut wilayahe ya Torogo sanajan jenenge desa Miri. Menawi omahe Darsih kang ana sisih ngandhap kuwi disebut Ngasem. Ngasem kuwi yo ana silsilahe dewe. Jaman biyen papan kuwi akeh tenan wit ngasem banjur karo para warga tekane saiki isih disebut Ngasem. Malah sing disebut Miri kuwi tlatah Miri paling kidul dewe.
Saktekane cerak karo omahe Tum, Darsih wis bengok-bengok. “Tum…. Tum… metua sampeyan Tum!”,unine Drasih karo tangane nuding-nudinge pomahane Tum.
Tum sing ora ngerti apa-apa, amung bisa meneng keweden. Ananging atine melu panas nalika krungu unen-unen Darsih kang wis kelewatan.
“Tum, sampeyan kuwi pancen pinter sakpinter-pintere ndhidhik anak!”, sentake Darsih karo isih nudingake tangan tengene. Tum sing ora ngerti apa-apa amung meneng wae, atine diayemne dhewe. Karo ngelus-elus dadane, Tum njawab tuture Darsih.
“Sampeyan menika pripun? Kula boten mangertos menapa-napa, menapa panjenengan nyentak-nyentak kula kaya mekaten? Sakniki ayemna atimu, omongo kang saknyatane.”
“Ora usah nganggo basa-basi sampeyan, Tum. Aku saiki wis ngerti karepmu. Anakmu mbok dhidhik remen karo anakku Tirjo supayane kowe bisa males kabeh karo kaluwargaku. Yen kuwi caramu, aku ra trima Tum. Aku ya aku, Tirjo ya Tirjo, beda urusane. Anakku ora ngerti urusane awakdhewe, anakku tak dhidhik supaya kekancan karo sapa wae!” sentake Darsih marang Tum. Krungu unene kaya mangkana, Tum melu nesu. Tum ora ngerti yen Juna kuwi seneng karo Tirjo.
“Ngertia Darsih, aku kuwi ya ora ngerti yen anakku lan anakmu padha duwe rasa tresna. Juna kuwi pancen anakku, aku ya wis ndhidhik anakku sakbisane aku. Mengko yen Juna bali, dakkandhanane supayane padha pisahan.” Unine Tum kanthi sabar.
Darsih banjur mulih ora pamit, atine taksih panas. Tekane ngomah jebul Tirjo wis nang kamare. Weruh pasuryane kang sedhih, nglungkruk ana ing kursi pojok kamare nggambarake yen atine lagi ora ketata.
“Kenging napa, Le?” takone Darsih marang anak tunggale.
“Bu, sakmenika Tirjo pingin taken. Rikala panjenengan pepacangan kaliyan Almarhum Bapak rumiyin menapa dalane ruwet, kathah perkawis?”
Atine Darsih makjleb. Tirjo bakalan ngerti yen dheweke duwe masalah karo kulawargane wong kang ditresnani anake. Darsih wis ora bisa ngomong apa-apa.
“Kenging menapa panjenengan boten njawab, Bu. Sakmenika Tirjo nembe nandhang katresnan marang wanita, ananging boten mangertos wonten punapa nembe kemawon kula ditelpon, piyambakipun ngajak ngaso anggone tepang kaliyan kula.”
“Le, ngertia. Wong kang padha pepacangan kuwi ora lancar kaya sing mbok pikirne. Kabeh wong urip kuwi mesti eneng wae perkarane. Kabeh kuwi kowe kudu nrima lan ikhlas. Saiki kowe sekolaha dipik, banjur yen kowe wis makarya lan nyenengake wong tuwa lagi goleka wanita kang trep kaliyan atimu.”
“Nggih, matur nuwun Bu.” Jawabe Tirjo taksih sedhih.
Telung tahun sabanjure perkara kuwi, Tirjo lan Juna wis padha ora tahu ketemu maneh. Sakelorone wis padha lulus anggone ngangsu kawruh, siki wis padha makarya.
Nalikane jam istirahat, Juna ana ing kantin piyambakan. Tirjo kang weruh lakune wong kang mirip kaliyan Juna kuwi, dheweke banjur meraki.
“Sugeng siang, Bu.”
Juna mengo apal swaraning wong kang nyelok kuwi, banjur menga nengen. Juna kaget. “Tirjo?” takone Juna marang wong sing gagah nang cerake.
“Lah, sampeyan Juna ta? kepriye kabare? Apik ta? Wis suwe ora ketemu maneh?” takone Tirjo akeh amarga saking senenge bisa ketemu Juna maneh. Saksuwene telung tahun kuwi Tirjo isih mendem tresna marang Juna. Tirjo durung bukak atine kanggo wanita liya. Kelorone padha guyon ana ing kantin nyeritakake jaman biyen pas padha pacaran biyen, Juna amung mesem-mesem.
Nalika jam istirahat wis rampung, Tirjo jaluk kontake Juna. Juna menehi kartu namane. Pas Juna menehi kartu nama kuwi, tangane Tirjo ora gelem ucul seko tangane Juna, nandhakake yen Tirjo kuwi isih duwe rasa tresna marang Juna.
Ing sawijining dina, Tirjo duwe mat arep nglamar Juna. Balik seko kantore, Tirjo nunggu Juna ana ing motore, kembang mawar lan cincin kang wis disiapake ana ing burine wis siap nyambut tekane. Juna mlaku marani motore kaliyan pria cilik dhuwur. Weruh babagan kaya mangkana atine Tirjo sedhih. Kembang mawar abrit lan cincin kala mau tiba ngglindhing ana ratan. Tirjo lemes, sikile ora bisa diangkat maneh. Ora bisa menyat saka motore Juna.
“Loh Mas Tirjo?” pitakone Juna sing weruh Tirjo ana motore. “Tepangaken mas, menika garwa kula Mas Dwi.”
“Oalah.. iki ta Mas Tirjo sing tok ceritakake kae. Kula Dwi, mas. Sugeng kepanggih kaliyan kula.” Dwi ngulurake tangane karo mesem marang Tirjo kang kerep diceritakake Juna. Tirjo ora ngulurake genten tangane. Awake isih padha lemes. Ngerti bab kaya mangkana Dwi ngerti yen Tirjo isih duwe rasa tresna marang Juna. Dwi banjur lunga menehi wektu kanggo Juna lan Tirjo padha omongan.
Nalikane lunga, Dwi ngombe ana ing warung cilik, nongkrong bareng wong kang ora bener.. Dheweke mabuk kelingan garwane sing isih durung bisa tresna marang dheweke. Juna lan Dwi nikah amarga dijodhokne karo tiyang sepuhipun. Ananging Dwi wis nyandhang tresna marang Juna nalika kuliah rumiyin.
Dwi ngombe sakakeh-akeh, ora ngelingi yen wis mabuk Dwi bali nyetir motor dhewe. Ana ing dalan, ana bis kang arep nyelip trek, merga wis wektu wengi lan Dwi ora ngurupake lampune motor, bis mau ora bisa weruh yen sangarepe ana motor kang nlalang anggone nyelip trek. Sopire kaget, uwis diklakson ping bola bali, Dwi meneng wae ora menggokake setange. Atine sing saya bubrah mau, motore malah ditabrakake marang bis mau.
DEEEEESSSS….. BREK…..
Swara tibaning motore Dwi. Ambulan lan polisi langsung padha nekani kacelakaan ana ing tlatah kuwi. Dalanan tengah wengi dadi rame. Dwi langsung diterake ana ing Rumah sakit paling cerak. Sadurunge tekan rumah sakit, nyawane Dwi wis ora ana meneh. Getihe kang mili terus kuwi wis marake Dwi kentekan getih ana ing dalan.
Juna sing lagi nunggu baline Dwi ana ing ruang tamu namung mondar-mandir. Atine khawatir. HP ana ing tangane ditilak-tiliki terus. Saksuwene nunggu, ana nomor asing sing telpon Juna.
“Sugeng Dalu. Menapa leres menika Bu Juna garwanipun Pak Dwi?” pitakone wanita ana ing telpon kuwi.
“Inggih, leres Mbak. Kula Juna garwanipun Pak Dwi. Kenging menapa nggih?”, krungu swaraning wanita ana ing telpon kuwi Juna saya kuwatir.
“Kula saking Rumah Sakit Mitra Sehat, kala wau Pak Dwi kecelakaan ana ing Ngrandu. Sakmenika panjenenganipun sampun seda. Mekaten ingkang saged kula andharaken. Mugi-mugi pihak kulawarga kang ditinggal saged ikhlas lan sabar.” Unine wanita kuwi. Juna nangis. Telpone kang digawa mau tiba ana ing jogan. Juna wis ora sadar maneh.
Tirjo sing krungu bab yen garwane Juna kacelakaan langsung marani ana ing omahe Juna, nulungi Juna kang ngglethak ana ing latare. Juna ditangekake lan diterake ana ing rumah sakit sawise atine rada kepenak.
Setahun sawise garwane seda, Juna cerak maneh karo Tirjo. Saben dina Tirjo methuk Juna mangkat kerja lan ngeterake baline. Tirjo sing isih seneng karo Juna duwe rencana bakalan nglamar Juna. Ing dinten Setu sore, Tirjo ngampiri Juna ngajak dolan metu. Sakeloron padha seneng. Rasa tresnane Juna marang Tirrjo sing wis tau sirna saiki wis balik meneh. Sawektu sakelorone padha rampung mangan, Tirjo menehi cincin marang Juna.
“Dhik, patang tahun aku nunggu sliramu. Saiki apa sampeyan taksih purun nrima rasa tresnaku?”, pitakone Tirjo marang Juna.
Juna mesem lan nganggukake sirahe, tandha yen dheweke gelem nrima Tirjo amarga tiyang sepuhe uga sampun padha rukun malih. Amarga Darsih saiki wis sadar yen anake kuwi pancen amung bisa seneng karo Juna, ora ana wanita liya maneh sing isa narik atine Tirjo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar