Kamis, 10 Maret 2016

Cerkak Tresnaku ora kalah karo Jembaring Samudra

Tresnaku Ora Kalah karo Jembaring Samodra
Jam papat esuk jago-jago padha kluruk, nandakake wayah uwis esuk. Banjur Rini digugah ibune kon sholat shubuh. Sakwise sholat, Rini ngewangi ibune masak ning pawon. Pancen saben dinane Rini ngewangi masak kanggo dodolan ning pasar. Ora dikira wis jam enem, Rini siap-siap menyang ning sekolah. Jam setengah pitu Rini menyang sekolah karo Danu. Rini karo Danu uwis kekancan suwe, wiwit cilik tekan gedhe, wiwit TK tekan SMA saiki. Rini karo Danu uwis kaya kakang adhi, nandi-nandi mesthi bebarengan. Omahe Danu ora adoh seka omahe Rini, mung sak kilometer seka omahe Rini. Wong tuane Danu ya wis padha kenal karo wong tuane Rini, dadi wis padha-padha akrabe. Rini lan Danu saiki kelas 3 SMA ning SMA Tanjungmalik, sing jarakke lumayan adoh seka omahe Rini. Aggone menyang sekolah numpak motore Danu.
Jam pitu kurang lima menit, Rini lan Danu tekan anggone golek ngelmu. Banjur padha lungguh ning panggone dhewe-dhewe. Let pirang menit ana siswa anyar mlebu kelas. Rini bingung lan mbatin:
“kayake aku ora duwe kanca sing bagus kaya ngunu, apa siswa anyar ya?”
Anggone Rini nyawang ngasi ora kedep, banjur ditablek karo Danu. Mung kacek sak menit Bu Guru rawuh, lan ngenalke siswa anyar mau. Siswa mau jenenge Bagus, pindahan seka pulo liya. Bagus kui mau yaiku prunane Pak Kepala Sekolah. Sakwise perkenalane rampung, Bagus lungguh ning kursi kosong mburine Rini.
Jam ngaso muni, para siswa metu dhewe-dhewe seka kelas. Ing dina iki Rini pisah terus karo Danu, merga ana tugas sing beda-beda. Ning kelas mung ana Rini karo Bagus, banjur Bagus nyerak lungguh ning kursi cerake Rini. Seprapat jam dinggo Rini karo Bagus omong-omongan, ngomongke ngalor ngidul. Budal sekolah Rini lan Bagus kansen muleh bebarengan. Omahe Bagus sedalan karo omahe Rini. Rini yaiku kanca pisanan sing kenalan karo Bagus. Lagi wae kenal, nanging Rini lan Bagus kaya wis kenal suwe. Tekan ngomah Rini langsung bukak lawang karo ngguya-ngguyu kaya wong lagi kasmaran. Pancene Rini lagi kasmaran, kaya istilah “cinta pada pandangan pertama” kanggo wong enom jaman saiki. Ora kelingan yen dheweke mau ninggal Danu sing urung dipamiti. Banjur Rini bukak hp, ana tulisan “10 panggilan tidak terjawab” lan “5 pesan diterima” ing hpne. Rini ora kepenak karo Danu, lagi pisan iki dheweke ninggal Danu lan ora ngenei kabar sakdurunge. Durung sempet salin, Rini langsung metu seka kamar mlayu tumuju omahe Danu. Ibune Rini bingung, kena apa ta anake wedok kae? Tekan ning omahe Danu, Rini langsung nemoni Danu. Danu metu seka kamar.
“ana apa Rin kok menggeh-menggeh? O.. ya syukur nek kowe wis muleh.” (takonne Danu)
“walah, sorry Nu kowe mau malah tak tinggal. Aku babar blas lali ora ngabari kowe.” (karo sakjake menggeh-menggeh)
“iya ora apa-apa Rin. Aku mau ya bingung anggone nggoleki kowe, nanging Tifa kanda yen kowe wis muleh karo Bagus.” (wangsulane kanthi polos)
Rini njelaske sebab-sebabe dheweke ninggal Danu. Saktenane Danu ora seneng yen Rini cerak-cerak karo Bagus, amarga dheweke tresna marang Rini. Sanajan Rini lan Danu kekancan uwis suwe lan padha-padha nganggep sedulur antarane siji lan sijine, ananging rasa sing dirasakake Danu saiki wis beda karo biyen. Danu uwis nulis layang kanggo Rini, merga dheweke ora wani ngomong langsung karo Rini lan dheweke ora gelem ngrusak anggone kekancan kang wis kabangun suwe iku. Layang sing wis Danu kirim marang Rini cacahe ana lima lan kembang mawar sing dikirim cacahe genep sepuluh, nanging Rini babar blas ora ngerti yen sing ngirim iku mau Danu. Isining layang mau babagan panyerat tresna tenan marang Rini lan panyerat kepengin ana ning sandhinge Rini sateruse. Rini bungah banget yen ana sing wis nggatekake dheweke. Anggone Rini crita marang Danu, babagan layang lan kembang mau, Danu mung meneng lan mangsuli ora ngerti sapa sing ngirim. Danu uga ngomong yen sing ngirim layang mau pancen tresna marang Rini lan dheweke urung iso ngomong langsung.
Ing dina minggu esuk, Rini ngewangi ibune dodolan ning pasar. Ing cedhake uga ana Danu sing biyasane ngewangi ibune. Ibune Rini dodolan bubur lan ibune Danu dodolan jajanan pasar. Ana ing ngarep dodolan, Rini sibuk smsan karo ngguya ngguyu. Rini crita marang Danu yen dheweke lagi bungah. Danu mung iso menehi piweling, anggone Rini kekancan sing ati-ati, aja gampang percaya karo wong sing lagi dikenal. Rini uga ngrungokke piwelinge Danu. Wayah wis sore, wong-wong sing ning pasar padha muleh dhewe-dhewe. Rini, ibune Rini, Danu lan ibune Danu uga muleh.
Tekan ing ngomah, ibune Rini nemokake kembang mawar ning ngisor cendelane Rini. Sakdurunge menyang pasar, Danu mampir ning omahe Rini lan ora ana wong sing reti tekanne Danu iku mau. Ibune Rini bola-bali takon marang Rini, sapa sing ngenehi kembang iku. Nanging Rini uga ora ngerti. Penampane dheweke yen sing ngenehi layang lan kembang mawar kui si Bagus, sing lagi cerak seminggu karo Rini. Ananging tekane layang lan kembang mawar liyane iku wis ana rong sasi wutuh sak durunge kenal karo Bagus. Pikiran wong lagi kasmaran ora nyandhak tekan sakmunu, ngertine Rini mung Bagus sing ngenehi.
Anggone Rini kenal karo Bagus wis ana rong minggu. Ing dina setu, tepate malem minggu Rini dijak dolan karo Bagus. Dheweke bingung, pengen dolan ananging wedi yen didukani bapak ibuk. Akhire Rini ijin arep lunga karo Danu. Lagi pisan iki Rini ngapusi wong tuane kanggo iso seneng-seneng. Jam setengah pitu, Danu methuk Rini lan ngeterke tekan omahe Bagus. Danu nglelakne apa wae kanggo Rini asal iso gawe dheweke bungah, senajan ati ngampet lara.
Ana ing Bukit Bintang Bagus ngejak Rini dolan. Jam 9 bengi Bagus karo Rini lagi bali. Bagus ngeterke Rini tekan ngomah, anggone Rini mlebu liwat jendela sing mau sengaja ora dikancing. Rini mlaku alon-alon, aja nganti konangan karo bapak ibuk. Lagi bukak hp, Danu sms yen muleh aja wengi-wengi. Rini uga crita babagan apa sing lagi wae gawe dheweke bungah. Nanging sms seka Rini mau ora diwales karo Danu.
Wayah wis esuk, dina iki padhang banget kaya padhange atine Rini sing lagi bungah. wiwit saiki anggone Rini menyang sekolah wis ora karo Danu. Tekan ing sekolahan uga wis beda karo biyasane. Danu wis ngadoh seka Rini, Rini bingung kena apa kancane kae kok sipate dadi beda. Nalika Rini takon marang Danu, mung mesem tok.
Dina-dina wis kaliwatan, Rini karo Danu uwis adoh tenanan. Saiki wis ora ana maneh layang lan kembang mawar sing dikirim marang Rini. Banjur Rini takon karo Bagus kok akhir-akhir iki wis ra tau ngirim layang lan kembang mawar maneh. Bagus semaur kanthi bingung, dheweke ora rumangsa yen tau ngenehi layang lan kembang mawar marang Rini. Rini satemene bingung, sapa sing ngenehi layang lan kembang mau, lan ngapa anggone menehi mandheg pas wayah Rini karo Bagus lekas bebarengan. Rini saya bingung, dheweke arep takon lan crita karo sapa maneh. Kancane siji sing mesthi ana kanggo dheweke wis adoh tanpa ana sebabe.
Masalah iku mau wes ora dipikir karo Rini, wayahe dheweke mikir UAN sing bakal dilakoni. Sak wise UAN banjur nunggu wara-wara biji lan medhune ijazah. Sakbanjure wes lulus, kanca-kancane wis padha sibuk dhewe-dhewe. Ana sing daftar dadi polisi, kuliah, lan ana sing makaryo. Kabare Bagus saya rakaruan, dheweke ngadoh seka Rini merga wis rumangsa ora ana urusan maneh karo Rini. Rini kaya tebu, entek lagine terus ampase dibuang. Bagus nyedhaki Rini mung ana perlune.
Dina-dinane Rini anyep nalika ditinggal Bagus. Wayah susah wis ora ana sing ngancani maneh. Rini uga etuk kabar yen Danu arep menyang ning Taiwan, saya rakaruan hawa atine Rini. Sakdurunge Danu menyang ning Taiwan, dheweke mampir ning omahe Rini. Danu njaluk ngapura merga wis ngadoh seka Rini tanpa ngenei alesane, uga dheweke ora iso omong langsung marang Rini babagan layang lan kembang mawar iku mau. Rini kaget tenan, lan ora percaya yen sing ngirim layang lan kembang mau Danu, kancane dhewe sing saben dina awor dheweke. Danu pisan maneh njaluk ngapura, dheweke uga janji yen bakal mbuktekke apa sing wis diucapne lan bakal nglamar Rini sakwise muleh seka Taiwan. Ananging Rini urung iso nrima Danu amarga dheweke urung iso tresna marang Danu lan dheweke ijih trauma karo sing jenenge wong lanang.
“sesuk bakal tak buktekke Rin, yen aku pancen tresna karo kowe. Entenana aku Rin, aku bakal bali nggawa mas kawin sing bakal tak gawa karo bapak ibukku tumuju omahmu”
Rini mung iso mesem, dheweke ora iso ngapa-ngapa maneh. Saktemene dheweke uga susah ditinggal kanca cilikane iku. Sasi-sasi wis kaliwatan, Rini saiki kuliah ana ing Universitas Satya Wardama. Danu sing ana ning Taiwan makaryo kanthi tenanan kanggo nglamar Rini lan nerusake sekolah ning Indonesia. Wiwit saiki Rini lan Danu wis sibuk dhewe-dhewe lan mung iso komunikasi liwat hp utawa layang. (red)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar