Rabu, 27 Januari 2016

Ngelmu Debog

Biodata Panganggit

Nama : Novita Suryaningtyas Sitoresmi
Kelas : B/PBD 2014
NIM : 14205241077
Alamat : Kayen 01/043, Condongcatur, Depok, Sleman, Yogyakarta
Judul Cerkak : “Ngelmu Debog”







Kurang luwih wis setaun iki Robby ora sowan ana daleme Pakdhene. Pancen dheweke saiki uwis dadi mahasiswa ing salah sawijining Perguruan Tinggi Negeri ing Kutha Ngayogyakarta. Dheweke kuliah njupuk jurusan Teknologi Informatika sing gaweane saben dina tansah nguthek-uthek komputer. Anggone kuliah ora mung sinau wae, nanging dheweke uga melu kegiatan kampus sing maneka warna. Dadi wektune entek neng kampus. Nanging preinan semester iki dheweke rumangsa kepingin sowan Pakdhene sing daleme ana ing Sragen. Anggone mrana, Robby nunggang pit montore. Udakara rong jam, Robby wis tekan ana Daleme Pakdhene.
“Assalamu’alaikum. Kula nuwun Pakdhe.” Robby uluk salam ana ngarep pager daleme Pakdhene. Ora let suwe keprungu swara wong lanang kang mangsuli uluk salame Robby. Sing mangsuli ora liya ya Pakdhene dhewe.
“Wa’alaikumsalam. Weh? Kowe ta le? Lha kok ndhang tekan. Mangkat jam pira mau?” Pakdhene banjur mbukakake lawang gerbang sing ora patia dhuwur kuwi.
“Inggih Pakdhe. Saking griya wau jam 10. Lajeng mampir Jum’atan wonten daerah Klaten riyin.” Wangsulane Robby sinambi ngaras astane Pakdhene.
“Ya wis kene ndang mlebu, le. Galo kae wis dimasakke budhemu ro adhimu wedok. Kawit mau do diarep-arep.”
“O inggih Pakdhe. Cocok menika. Keleresan, weteng kula nggih sampun keroncongan. Hehehe.” Sawise salin lan mangan, Robby diajak Pakdhene niliki buri omah. Ora entek rasa gumune Robby nyawang kahanan buri omahe Pakdhene saiki. Kahanane wis beda karo setaun kepungkur. Lemah kosong ing buri daleme Pakdhene sing setaun kepungkur amung ditanduri wit gedhang lan wit jambu. Dene turahane dinggo pemean klambi. Saiki malih dadi saya asri. Biyen kebon kono kuwi isih akeh nggon kang kosong, kajaba sing wis dinggo nanduri wit-wit mau lan dinggo pemean klambi. Nanging saiki kebone wis kebak tur katon adhem.
Robby weruh maneka warna tanduran kayata sawi, loncang, lan lombok ditandur kanthi cara kang unik. Anggone nandur ditata ana watang pring kang uwis dibolongi kanthi posisi horisontal, banjur digantung rapi ing wesi kang bentuke kaya mistar gawang. Ora mung kuwi wae, Pakdhene uga gawe maneka warna pot kayata saka botol-botol plastik, lan bathok kambil kang isih ana sepete. Pot-pot kuwi pating grandul ing tembok kang ngupengi kebon. Sing ditandur mung sayur-sayuran kang prasaja kayata sawi, loncang, lombok, tomat, selada, lan kemangi. Sakliyane kuwi uga ana wit woh-wohan lokal kayata kates, gedhang, jambu, lan srikaya. Neng kono uga ana bibit-bibit wit kang isih ana polybag kayata wit pelem, wit rambutan, lan wit kelengkeng.
Saka kabeh kuwi ana siji kang gawe Robby penasaran, yaiku debog gedhang kang ditata ana kayu kang digawe undhak-undhakan lan dhuwure debog thukul tanduran sawi. Lagi iki dheweke meruhi.
“Pakdhe menika rak debog ta?” pitakonane Robby kanggo nglegani penasarane.
“Iya debog, tok kira apa? Rung tau weruh ya yen debog bisa dadi media tanam?”
“Inggih Pakdhe, kula nembe sumerep sakmenika. Damele pripun menika Pakdhe?”
“Gampang le. Kuwi ya mung nganggo deboge dhewe kok, mbangane diguwang trus mung bosok. Carane ki pisanan debog kae mau dibolongi saukuran gelas aqua sing jembare 15 cm lan jerone 10 cm nganggo peso. Nah, lete antarane bolongan kae mau udakara 15-20 cm. Sakdebog bisa digawe 2 lajur, utawa gampange rong shaf. Hehe. Bar kuwi bolongan-bolongan mau dileboni lemah utawa sampah organik. Yen uwis, dinengke 2-3 dina trus lagi ditanduri winih.”
“Gampang nggih, Pakdhe. Ckckckc. Kula boten nglegewa menawi debog menika saged kangge nanem tetuwuhan. Menika manfaate menapa, Pakdhe?”
“Oh, akeh le. Debog iku kandhungan pathine rak akeh. Pathi iku fungsine minangka sumber nutrisi tanduran. Terus mikroorganisme ing jeroning debog uga bisa ndadekake media tanam kang diseleh nalika ditandur suwe-suwe dadi kompos. Sakliyane kuwi debog iku duweni senyawa penting kayata antrakuino, saponin, lan flavanoid. Senyawa antrakuinon kuwi yen neng manungsa manfaate kanggo nyuburke rambut dene neng tanduran bisa nyuburke thukuling wulu-wulu oyot kang gunane ngewangi tanduran nyerep unsur-unsur hara. Oh iya, sakliyane kuwi debog uga ngandhut 80% banyu. Kandhungan glukosa debog uga bisa nyokong kebutuhane tanduran. Ngono kuwi le.”
“Wah wah wah. Pakdhe ngertos sedaya wau saking pundi? Kok ilmiah sanget.”
“Wah lha kowe ki piye e? Jarene mahasiswa IT, jarene cah enom jaman saiki, trus jarene meneh saranane wis canggih-canggih lha ning perkara nandur nganggo debog wae ora ngerti. Lha ya mbok kuwi hapemu sing apik tur larang dinggo golek informasi nggon babagan teknologi tetanen. Ora mung ngegame utawa pesbukan wae.”
“Hehe, inggih Pakdhe. Kula lingsem kalih pakdhe. Atase cah nom, tur kepama alat-alat teknologi malah boten saged manfaatke kanthi sae. Ning nggih matur nuwun sanget pakdhe, ngelmu kula malah tambah sakmenika. O nggih, ingkang dados pitakenan kula kenging menapa panjenengan sakmenika giat sanget anggenipun nanem tetuwuhan? Kamangka setaun kepengker kawontenanipun dereng kados mekaten.”
“Nah apik kuwi pitakonanmu le. Sakjane kabeh iki ki tuwuh saka rasa prihatin. Prihatin marang lingkungane dhewe. Ana sampah plastik kang kerep diarani sampah anorganik lan sampah saka tanduran utawa kang kerep diarani sampah organik. Nah iki mau njalari rasa penginku kanggo manfaatku sampah-sampah kae mau supaya migunani. Ndilalah kebon buri omah rada jembar tur durung bisa menehi manfaat kang gedhe. Pakdhe uga wis suwe kepingin nandur-nandur. Mula wiwit setaun wingi sawise pensiun, Pakdhe duwe nyinau bab olah tetanen lewat internet. Trus Pakdhe oleh ide saka internet uga kanggo gawe media tanam saka barang-barang bekas kayata botol plastik, pring, lan debog. Ya wis bar ditlateni ya dadine kaya ngene ki.”
“Wah, Pakdhe mangke kula dituturi carane damel media tanam menika nggih pakdhe. Kula ugi kepengin nanem tetuwuhan wonten griyam supados ibu saged ngirit anggene blanja sayuran, hehe. Kaleresan griya kula rak boten gadhah latar wiyar, dadose miturut kula media menika jumbuh sanget, Pakdhe.”
“Oke siap le. Mengko tak ajari wis. Pokoke pesene Pakdhe, apa kang ana ing sakiwa tengenmu kuwi dimanfaatke kanthi becik supaya bisa migunani tumrap awakmu dhewe utawa uwong liya. Wis saiki wis sore, Pakdhe direwangi nyirami ya le?”
“Inggih, Pakdhe. Siap 86!!!!’

Tidak ada komentar:

Posting Komentar