Senin, 04 Januari 2016

eling piweling

Eling Piweling 14-11-2015 dening Merwan Ardi Widanto Nduk….. Le…. Coba deloken! Sawangen! Bangsa kang jare mardika nanging adus waspa Nagri kang sarwa duweni nanging mbrebes mili Nemoni samubarang kasunyatan ing jaman iki Jare mudha? Jare mudha nanging padha lali marang budaya Nduk….. Le…. Rumatana! Openana! Iki bandha! Iki bandha kang nora kaitung rega Iki warisan! Iki warisan kang nora bisa kaejol recehan Iku piwelingmu Bu… Bakal dak tindakna nadyan angele sepira Iki tekadku Bu… Kudu tresna marang budayaku Kudu nguri-uri budaya nagri Iki nora among waton kecap Nanging kabeh bakal kocap Nadyan awak ajur dadi sawur Nadyan yusawa isih kaitung kala Nanging tekadku ngluwihi gedhening arga Bayu, maruta, samirana kang anatap tekadku Tan bisa gawe rubuh pangajabku Agni kang dadi pralambang tekad Kobare kang bisa anggambarake Tekad kang bisa nulad Isin yen mudha lali marang budaya Isin yen nduweni nanging nora ngopeni Nguri, ngurip kui kang lanthip Eling piweling kang kudu dieling Kecap nanging kudu kocap Yaiku mudha kang bisa nuladha

Tidak ada komentar:

Posting Komentar