Kamis, 14 Januari 2016

drama Nelangsa kang Ngayawara

NELANGSA KANG NGAYAWARA
Dening :
Miftachul Jannah
Novi Nur Utami
Rahmawati Ulfah Oktavia


Tokoh dan Penokohan :
1. Pak Prapto : grusa-grusu, pikirane cekak, ora sareh, ora tegelan.
2. Bu Prapto : sabar, bisa momong keluwarga.
3. Sri Ningsih : sabar.
4. Budiman : manutan.
5. Pak Wardi : ora sabar, gampang tetulung.
6. Bu Wardi : ora sabar, gampang tetulung.
7. Anakke Pak Wardi
8. Pak Lurah
9. Polisi
10. Parlan
11. Dhokter Dina
12. Dhokter Bedah
13. Renternir : sabar, tlaten
14. Warga

SINOPSIS
Keluarga kang nandang sungkawa, wis tiba ketiban andha. Pak Prapto sing sipate grusah grusuh ra bisa mikir dawa, pungkasan gela. Anak lanang nandang kacilakan, ketabrak motor. Dene anak wedok sing arep nerusake sekolah ing SMA mbutuhake biyaya kang ora sitik. Pak Prapto bingung kudu kepiye, akhire dhewekke utang ana ing renternir. Wektu bayar utang urung ana dhuwit, nalika ditagih isane amung ndhelik-ndhelik supaya ora ketemu karo renternir.
Nalika wayah kang wis ora bisa kaulur maneh, pungkasan Pak Prapto adol lemah sing ana ing buri omahe. Lemah iku adoh seka cukup kanggo bayar utang. Saking cuntheling pikir Pak Prapta njupuk dhuwit gone kangmase, ananging konangan anakke kangmase. Pak Prapto digawa ana ing pihak berwajib utawi penjara, dikunjara wektune 10 tahun.
Ngerteni kahanan kaya mangkono Bu Prapto gerah jantung, ranyangka omah kang dienggoni sak lawase iku wis disita karo renternir, sertifikat omah wis digadhekake karo Pak Prapto. Bu Prapto sing nadang gerah jantung akhire seda. Anak-anake loro pada lunga menyang Jakarta ngadu nasib ning kana pada ketemu ibune kancane Sri Ningsih. Suwe-suwene dina Sri Ningsing nyambut gawe nganti bisa nyekolahke adhine lan tuku omah ana ing Jakarta. Sakwise bapakne metu saka penjara dipapak karo Sri Ningsih lan urip bareng ana ing Jakarta.

NASAH DRAMA
NELANGSA KANG NGAYAWARA

BABAK 1
Wayah esuk, sawise subuh, sautara jam lima esuk Pak Prapto karo Bu Prapto lagi rampung anggone shalat subuh. Bu Prapto lagi nglempiti rukuhe sanalika karo guneman.
Bu Prapto : “Pak, sedhelo engkas awakdhewe kudu cepak-cepak biaya kanggo nerusake sekolah Sri Nigsih. Iki wis ngancik UAS.” Ngendikane Bu Prapto sinambi nglempiti rukuhhe.
Pak Prapto : “Lhayo Bu, aku ki ya sakjane wis mikir tekan semono, wiwit dina iki, ayo padha ngirit supaya dhuwite ki isa kanggo nerusake sekolahe Sri Ningsih Bu.” Panyaure Pak Prapto sinambi nglempit sajadah.
Bu Prapto : “Eh engko disik Pak, ngendikane jenengan wingi, entuk bonusan honor seka juragane beras, gek entuk pira?”
Pak Prapto : “ O iya Bu, lhayo dhuwit kuwi ameh taksimpen kanggo sekolahe Sriningsih. Ya lumayan iki entuk rongatus seket ewu.”
Bu Prapto : “E ya sukur Pak, iya Pak disimpen wae. Iki dhuwit sek jenengan nyukani wingi ya isih nak mung nggo mangan sautara seminggu iki.”
Pak Prapto : “Ngirit wae lho ya Bu.”
Bu Prapto : “Iya Pak.”


BABAK 2
Wayah awan. Krompyang!!! Panci sing digawa Bu Prapto sing ameh kanggo wadhah jangan bening, tiba. Untunge urung isiapa-apa dadi ora wutah.
Bu Prapto : “Dhuh Gusti, ana apa iki.” Guneme Bu Prapto karo njupuk mancine. “Prasangkaku kok wis ra kepenak, mugia ora ana kedadean apa-apa.”
Pak Prapto : “Eneng apa Bu? Kok patingklonthang.” (Panyarwene Pak Praptoseka ruwang tamu langsung mlebu pawon marga keprungu suwara kang pating klonthang saka pawon)
Bu Prapto : “Eh Bapak wis kundur ta, iki amung tiba pancine, natab pawonan dadi patingklonthang.”
Pak Prapto : “O ya syukur, dakkira ana apa-apa.”
Ora let suwe Parlan mlayu-mlayu langsung mlebu omah tanpa kulanuwun.
Parlan : “Lek.. lek.. jenengan nengdi? (karo menggeh-menggeh)
Pak Prapto : “Ana apa Lan? Iki aku ning pawon, renea.”
Parlan : “Kae mau, Budiman lek, kena pralaya ketab.. (ngomong kanthi usaha manah kang sareh)
Bu Prapto : “Innalillah.. ee kena apa anakku lanang?”
Parlan : “Sik.. sik lek, disarehne sik manahmu. Ayo melua aku ninggone Dhokter Dina, sakiki bocahe ana kono.”
Bu Prapto : “Astagfirullah lelakon apa iki.” (karo brebes mili)
Pak Prapto : “Wis Bu,ayo ndang budhal.”
Sanalika iku kakarone padha budhal marani Budiman. Bu Prapto turut dalan nangis sesenggukan karo dirempek Pak Prapto.

BABAK 3
Sawise tekan ana ing griyane Dhokter Dina, omahe suwung. Amung rewange sing ana ing ngarep omah.
Rewang : “Menika keluwarganipun Budiman nggih?”
Pak Prapto : “Leres Bu.”
Rewang : “Gangsal menit wau budhal dhateng rumah sakit. Soale bocahe ngedalaken rah kang kathah ing sirahipun. Nggih lajeng dipun bekta rs mawon mbangane kasep.”
Parlan :Nggih sampun Bu, maturnuwun. Yo lek ndang budhal ing rumah sakit.
Sawise tekan rumah sakit, ketemu Dhokter Dina, karo nangis sesenggukan Bu Prapto ngendika karo Dhokter Dina.
Bu Prapto : “Bu, kados pundi menika? Pripun kaananipun anak kula? Pitakone karo nangis.
Dhokter Dina : “Sampun Bu ampun dipenggalih sanget. Nggih menika amung saged dedonga, mugia enggal siuman. Samenika saweg wonten ICU.
Saknalika dhokter bedah metu seka ruang ICU. Ngerti mangkono Pak Prapto langsung marani dhoktere.
Dhokter Bedah : “Menika keluwarganipun Budiman?”
Pak Prapto : “Leres Pak. Pripun Pak putra kula?”
Dhokter Bedah : “Mangga wonten ruwangan kula rumiyin.”
Bu Prapto : “Kados pundi Dok kaananipun anak kula?”
Dhokter Bedah : “Mekaten Pak Bu, samenika Budiman saweg kenging pendharahan wonten sirahipun, wonten rumah sakit mriki wonten cadangan darah, dados sampun dipuntransfusikaken. Lajeng wonten tangan sisih kiwanipun patah, kedhah dipun operasi samenika. Pripun?
Pak Prapto : “Astagfirullah, menawi kedah mekaten, kula amung manut mawon Dhok.” (lungguh karo dhungkluk)
Dhokter Bedah : “Ananging kedah nglunasi biaya administrasi rumiyin Pak.”
Pak Prapto : “Nggih Pak kula ajeng mantuk rumiyin mendhet arta.”

BABAK 4
Mulih saka rumah sakit Pak Prapto bingung arep golek silihan dhuwit ana ngendi. Pak Prapto uwis ora duwe pilihan akhire dheweke mutuske nyilih dhuwit neng renternir sing ana ing desane. Utang neng renternir ya ora gampang nyaure, saben telat pirang dina wae uwis ditambah bunga pirang persen, apa maneh kanggo ngijoli dhuwite ya luwih akeh sing balekake amarga uwis enek perjanjian sak durunge. Awan kuwi Pak Prapto nunggu renternir neng ngarep ngomah sing biyasane mubeng desane.
Pak Prapto : “Mas reneasadhela! (akone Pak Prapto karo ngawe renternir)
Renternir : “Nggih Pak sekedap kula mriku.” (karo nuntun motor)
Pak prapto : “Seumpomo ameh nyileh dhuwit syarate apa wae yo mas?”
Renternir : “Badhe nyambut pinten nggih pak jenengan?”
Pak prapto : “10 juta wae mas, soale aku lagi butuh banget dhuwit kanggo bayar rumah sakite anakku sing ameh operasi.”
Renternir : “Syaratipun namung foto copy ktp Pak, artanipun badhe dipendhet sakniki menapa kapan nggih pak?”
Pak Prapto : “Iki aku uwis duwe foto copyan ktpku Mas, nek bisa ya saiki Mas soale aku gelak bali neng rumah sakit maneh uwis ditunggu ameh go bayar operasi.”
Renternir : “Artanipun sampun wonten Pak menawi 10 juta, ananging menika perjanjianipun mangga jenengan waos rumiyin lajeng dipuntapakasmani panjenengan Pak.” (karo duduhke berkas-berkas perjanjian )
Pak Prapto : “Uwis ora perlu tak waca Mas aku manut wae perjanjiane kepiye, aku langsung tanda tangan wae soale uwis ora ana wektu maneh.”
Renternir : “Nggih sampun menawi mekaten Pak, kula sampun ngemutaken dhateng Bapak, menawi mangkih wonten masalah boten nyalahke kula. Menika Pak artane” ( karo ngulungke dhuwit)
Pak Prapto : “Nuwun ya Mas, aku tak langsung neng rumah sakit berkas perjanjiane delehna neng kene wae ora papa ora bakal ilang.”

BABAK 5
Pak Prapto banjur lunga menyang rumah sakit ninggalke renternir sing isih ana ing ngarep ngomahe. Tekan rumah sakit Pak Prapto banjur bayar administrasi rumah sakit. Anake banjur dioperasi, perasaane Pak Prapto karo Bu Prapto ora karuan, amung bisa ndongakake sing apik kanggo anake moga lancar operasine. Sak jam wektune oprasi uwis rampung, alhamdulilah operasi bisa lancar. Telung dina anake dirawat ana ing rumah sakit, Pak Prapto uwis ora duwe dhuwit maneh kanggo bayar biyaya rumah sakit, dhuwit silian wingi ya mung kanggo bayar operasi karo nginep telung dina, akhire Pak Prapto jaluk rawat jalan.
Bali seka rumah sakit anake wedok uwis ngadang ana ing ngarep ngomah. Jebule anake wedok ngadang ora merga pengen nyambut adine sing uwis metu seka rumah sakit ananging jaluk dhuwit kanggo bayar sekolah kang telat-telate sesuk esuk menawa ora bisa bayar dewekke ora oleh mlebu sekolah.
Sri Ningsih : “Pak benjing kula kedah bayar, menawi boten kula boten angsal mlebet sekolah.”
Pak Prapto : “Ya sek ndhuk Bapak tak lungguh-lungguh sik Bapak lagi wae tekan omah.”
Sri Ningsih : “Nggih Pak.”
Pak Prapto : “Butuhe piro tho ndhuk kanggo bayar?”
Sri Ningsih : “2,5 juta Pak, menika kangge bayar uang gedung rumiyen kedah dipun lunasi benjing, boten angsal mundur amargi kagem syarat angsal kursi.”
Pak Prapto : “Kok ya akeh ya dhuk, bapak lagi ora nyekel dhuwit tenan saiki wingi wae bapak yoabar utang kanggo bayar operasine adimu.”
Bu Prapto : “Lha terus piye pak bayar sekolahe, apa ibuk sing golek silian genten?”
Pak Prapta : “Uwis rasah buk, engko tak bapak wae sing golek silihan. Saiki pada ngaso sikik wae pada kesel ta.”
Bu Prapto lan anak-anake banjur mlebu ana kamare dhewe-dhewe. Pak prapto sing isih lungguh ana ngarep ngomahe mikir kepiye carane entuk dhuwit kanggo bayar sekolah sesuk esuk. Oralet suwe dheweke lungguh, mas-mas tukang renternir sing diutangi wingi lewat maneh, Pak Prapto banjur akon mandek.
Pak Prapto : “Mas mrenea!” (karo ngawe)
Renternir : “Wonten menapa nggih Pak?”
Pak Prapto : “Aku ameh njilih dhuwit maneh isoh ora mas?”
Renternir : “Saged Pak, jenengan kala wingi nggih sampun nyambut ananging dereng nyicil. Dados syaratipun beda kaliyan ingkang sepisanan.”
Pak Prapto : “Syarate apa mas? sesuk nek aku wis duwe rezeki tak saur sisan karo sing iki Mas.”
Renternir : “Kedah wonten jaminanipun supados bapak saged dipunpercaya menawi badhem bangsulaken artanipun.”
Pak Prapto : “Lemah sing ana ning buri omahku iki tak dadekake jaminan, engko surat tanahe gawanen mas, tapi dhuwite saiki wes ana tho?”
Renternir : “Bapak betahaken pinten? Kula namung beta sekedik?”
Pak Prapto : “2,5 mas” (karo ngulungake surat tanah lemah ning buri omahe)
Renternir : “Nggih menika wonten pak, mangga artanipun.”
Esuke dhuwite banjur dikeke anake Sri Ningsih kanggo bayar sekolah. Ibune sing ora ngerti bapakne oleh dhuwit seka ngendi ya gur isoh meneng ora takon seko ngendi olehe dhuwit kuwi. Let pirang sasi anake lanang uwis mari seka larane uwis bisangapa-ngapa dhewe ora perlu ditunggoni karo ibune. Awan kuwi renternire mara ana ing ngomah goleki Pak Prapto ananging sing ana mung anake lanang.
Renternir : “Le bapakmu ana ora?”
Anak lanang : “Ora ki mas, bapakku lagi lunga. La kepiye mas?”
Renternir : “Ora papa le, engko nek wes muleh ngomong karo bapkmu wae goleki mase renternir ameh naggih utang.”
Anak lanang : “O.a yo mas engko tak omongke karo bapak.”

BABAK 6
Sore kuwi anakke lanang ngomong karo bapakne yen digoleki karo mas-mase renternir. Pak Prapto banjur bingung menawa sesuk mase moro mrene meneh mesthi ameh nagih dhuwit sing disilih, padahal dheweke durung nyekel dhuwit blas lan drung ana gawean sing dilakoni. Pak Prapto banjur ngomong karo anake menawa sesuk mase renternir mara mrene dikon ngomong yen bapake lagi kerjagolek dhuwit ana ing luar kota. Dina liyane renternire teka goleki bapakne maneh, ananging sing ana ning ngomah Sri Ningsih. Sri Ninggih banjur dititipi pesen supaya bapake nyaur utang, menawa ora nyaur utang lemahe bakal disita. Pesen saka renternir disampekke Sri Ningsih ana bapake, ananging bapake amung nanggepi biasa. Pendak dina renternir kuwi goleki Pak Prapto ananging ora tau ketemu. Pak prapto angger wayah esuk tekan sore lungo ora ana ing ngomah supaya ora ketemu karo renternire.
BABAK 7
Sawise Pak Prapto ditagih utang lan kudu gage dibayar, penggalihe Pak Prapto ora karuan. Neng sirah anane mung carut marut. Nganti ing salah sawijining dina Pak Wardi jaluk tulung marang Pak Prapto yaiku titip kunci omah supaya yen putrane Pak Wardi teka ora usah ndadak ngenteni Pak Wardi. Pak Wardi karo garwane ameh tuku pedhet, dhuwit asil adol sapi arep dinggo tuku pedhet. Dhuwit asil adol sapi mau ora kabeh digawa, salong ditinggal ana ngomah.
Pak Wardi : “To, awakmu rak ora nang ngendi-ngendi ta dina iki?”
Pak Prapto : “Ora Mas. Aku mung nang ngomah. Ana apa mas?”
Pak Wardi : “Iki aku ameh lunga karo bojoku, ameh tuku pedhet.”
Pak Prapto : “Wah iki, nanjakake dhuwit adol sapi wingi ta Mas?”
Pak Wardi : “Iya. Aku jaluk tulung, mengko nek anakku mulih omongke yen aku lagi tuku pedhet ngono ya, karo iki aku titip kunci omah mengko wenehno anakku. Ameh tak deleh ngisor keset kok ora penak atiku.” (sinambi ngelungke kunci omah)
Pak Prapto : (Sinambi nrima kunci omah) “Ooo iya Mas. Iya mengko tak omongane anakmu.”
Pak Wardi : “Matur nuwun ya. Yowis yen mangkona aku tak budhal dhisik ndak selak udan.”
Pak Prapto : “Iya Mas. Ati-ati ya Mas.”
Pak Prapto bibar nampani kunci mau banjur lungguh ana ngarep omah. Ngalamun mikirake kepiye carane oleh dhuwit kanggo bayar utang. Ora ngira Pak Prapto oleh pikiran mlebu omahe Pak Wardi.
Pak Prapto : “Eee..daripada nglangut kaya mangkene mending delok-delok omehe Mas Wardi.” (Sinambi mlaku tumuju omahe Pak Wardi kang mapan ana samping omahe)

BABAK 8
Tekan ngarep kebone gone Pak Wardi, Pak Prapto langsung mlaku-mlaku ndhelok uwit pelem sing lagi awoh. Saktengahe ndhelok Pak Prapto kelingan karo utang-utange, ora dinyana-nyana Pak Prapto duwe pikiran njupuk dhuwite Pak Wardi asil adol sapi sing isih disimpen ana ngomah. Pak Prapto tumuju ana ngarep lawang banjur mbukak lawang. Sing dituju dhisik dhewe kamare Pak Wardi. Lemari-lemari dibukai lan diudhal-udhal, ketemu kothak warna coklat banjur dibukak. Ora nyana isine dhuwit sakgepok.
Pak Prapto : (Sinambi nyekel dhuwit) “Wah iki bisa kanggo bayar utang-utangku supaya omahku ora disita.”
Ora let suwe anake Pak Wardi teka. Dheweke langsung mlebu ngomah, arep tumuju ana kolah arep salin. Dhalan sing dilewati ya kudu liwat kamare Pak Wardi. Dheweke langsung kaget ora nyana.
Anake Pak Wardi : “Pak Lek? Jenengan ngapa Pak Lik kok ngudhal-udhal lemarine Bapak?”
Pak Prapto : “Anu…anu…anu.”
Anake Pak Wardi : “Jenengan mendhet artane Bapak ta?” (Swarane sereng)
Pak Prapto ora bisa jawab, amung dhungkluk.
Anake Pak Wardi : “Maling…maling…maling”
Krungu bengokane anake Pak Wardi mau tangga-tangga padha metu seka omah, tumuju ana ing omahe Pak Wardi. Garwane Pak Prapto uga melu menyang omahe Pak Wardi. Tekan omahe Pak Wardi, tangga-tangga padha nggebuki Pak Prapto nganti buncur. Garwane Pak Prapto lan Sri Ningsih ndhelok karo nangis gero-gero.
Sri Ningsih : “Bapak kenapa njupuk dhuwite Pakdhe!” (suarane sereng sinambi nangis gero-gero)
Bu Prapto : “Kenging menapa Pak jenengan nglakoni iki?” (Suarane sereng patrape karo nesu)
Pak Prapto amung ndhungkluk lan brebes mili. Ora let suwe Pak Wardi lan garwane teka, kaget tekan kebon kok ndelok rame-rame kaya tawuran.
Pak Wardi : “Ana apa iki bu kok omah rame tenan?”
Bu Wardi : “Lha mbuh ki Pak. Ayo Pak gage mrana.”
Tekan jero omah Pak Wardi kaget ndhelok adhine digebuki tangga-tangga banjur dipisah.
Pak Wardi : “Uwis…uwis iki ana apa?”
Anake Pak Wardi : “Menika wau Pak Lik Prapto keconangan mendhet artanipun Bapak inkang wonten kothak coklat Pak.”
Pak Wardi : “Apa? Kowe tak titipi omah malah kaya mangkene To? Aku iki kurang apa yen ra duwe dhuwit awakmu ya tak jilihi ngapa kowe tegel maling nggone kakangmu dhewe?” (patrape nesu, tangane nuding-nuding Pak Prapto)
Pak Prapto : “Anu…Kang. Aku ameh njilih dhuwit meneh pekewuh amarga aku kerep njilih dhuwitmu..”
Pak Wardi : “Wis saiki aku raisoh ngapura kowe, ndak tuman yen mangkene. Ayo nang gone Pak lurah dirampungke ana kana.”
Saking kuciwa kaliyan adhinipun Pak Wardi lajeng bekta Pak Prapto wonten ing Pak Lurah. Wonten mrika Pak Lurah damaikaken ananging Pak Wardi boten purun maringi pangpura lajeng nglibataken pihak polisi.
Pak Lurah : “Sampun Pak menika nggih adhikipun panjenengan sampun paringi pangapura kemawon.”
Pak Wardi : “Boten mekaten Pak! Arepa menika adhi kula piyambak, piyambake nggih tega maling wonten griya kula. Mpun sakniki ajeng kula laporaken Polisi!” (patrape karo nesu)
Pak Lurah boten saged menapa-menapa. Pak Prapto ugi pasrah karo keputusane Pak Wardi sinambi ngampet tatu-tatu neng raine. Ora let suwe Polisi teka langsung nggeret Pak Prapto. Garwa lan anak-anake Pak Prapto amung bisa nangis ngguguk weruh Pak Prapto digeret Polisi lan dipenjara.

BABAK 9
Sawise Pak Prapto dipenjara keluargane Pak Prapto ora karuan kahanane. Garwane saya rekasa anggone golek dhuwit saben dina seka bangun tekan bengi ora tau leren, nggolek dhuwit kanggo nyukupi kebutuhan. Sakwijining dina nalika Bu Prapto lagi umbah-umbah ana sumur Sri Ningsih ngomong karo ibune supaya ibune leren mundhak lara.
Sri Ningsih : “Bu, jenengan ampun kesel-kesel Bu mundhak sakit.”
Bu Prapto : “Iya Sri. Iki aku ya isih kuwat.”
Sri Ningsih : “Bu kok Pakdhe Wardi nggih tega ya Bu menjarake Bapak. Ora mesake yen kaya mangkene sing rekasa kan Ibu.”
Bu Prapto ; “Uwis Nduk. Sing ikhlas, iki kabeh ya jenenge lelakon saka Gusti kudu dilakoni. Mungkin awakdhewe saiki lagi rekasa muga sesuk bakal bisa mulya Ndhuk.”
Sri Ningsih : “Iya Bu. Aamiin.”
Setengahe Sri Ningsih guneman karo Bu Prapto, tanggane sing diutangi Pak Prapto teka karo wong loro awake gedhe-gedhe ana ing burine.
Renternir : “Piye iki Bu utange kok durung dibayar-bayar, wis telat pirang sasi iki.”
Bu Prapto : (kaget, lan wedi) “Anu Pak. Kula dereng gadhah arta.”
Renternir : “Kat kae ora duwe dhuwit. Aku ya lagi butuh dhuwit iki! Wis pokoke dina iki awakmu karo anak-anakmu lunga seka omah iki. Isih eling ta apa sing kanggo jaminan utang biyen!”
Bu Prapto : “Ampun Pak. Sukani kula wekdal setunggal minggu Pak kula.”
Renternir : “Ora bisa! Aku wis ora bisa nunggu! Barang-barang ana jero ditokake kabeh kae!” (Akon wong gedhe-gedhe loro)
Bu Prapto : “Ampun Pak, ampun…ampun jenengan tundhung Pak. Mangkih kula kaliyan putra-putra ajeng wonten pundi.” (Bu Prapto nangis gero-gero sinambi simpuh ngrangkul sikile renternir)
Renternir : “Ora bisa!” (Suarane sereng karo ngendo njejak Bu Prapto)
Bu Prapto sanalika langsung semaput. Sri Ningsih sing ana ing kono nangis karo marani ibune. Ditapuki pipine sire ben supaya sadar.
Sri Ningsih : “Bu sadar bu…sadar bu…” (Nangis sesenggukan karo napuki pipine ibune)
Krungu rame-rame Budiman metu saka omah, ing ngarep lawang papas an karo bocah sing awake gedhe-gedhe mau arep mlebu omahe. Budiman ngulatke polahe wong mau karo minggir-minggir.
Budiman : “Kowe ki sapa? Ngapa mlebu omahku!”
Bodyguard : “Heh cah cilik kana minggir!” (sinambi njorokake Budiman)
Budiman langsung mlayu tumuju Sri Ningsih sinambi nangis.
Budiman : “Ibu kenapa mbak? Ibu kenapa?” (nangis sesenggukan)
Sri Ningsih : “ Aku ya ora mudeng Le. Tulung…tulung…tulung” (Sri Ningsih bengok-bengok niate supaya ana wong sing nulungi ibune)
Pak Wardi sing lagi maca koran ing ruang tamu krungu suara bengokane Sri Ningsih, Pak Wardi langsung mlayu metu saka omah. Tekan kebon omah Pak Wardi ndelok Sri Ningsih, Budiman, lan Bu Prapto sing lagi gumletaking emperan uga enek wong lanang ngadeg ing sajejere.
Pak Wardi : “Ana apa iki Sih?”
Sri Ningsih : “Niki Pakdhe Ibu semaput amargi dipuntendang renternir niku.” (karo nangis)
Pak Wardi : “Ana apa iki Pak?’
Renternir : “Sampun jenengan boten sah dherek urusan. Niki urusan kula kaliyan keluarga Pak Prapto.”
Gandheng Pak Wardi nyawang Bu Prapto mesakake langsung ora gagas omongane renternir. Dheweke langsung gawa Bu Prapto ing rumah sakit karo Bu Wardi, Sri Ningsih, lan Budiman. Ana kana dhokter langsung nangani ananging uwis telat Bu Prapto wis ora ana.
Dhokter : “Nyuwun agunging pangapunten Pak kula boten saged nulung. Ibu sampun kapundhut ing ngarsanipun Gusti Pangeran.”
Sri Ningsih sing ana ing jejere Pak Wardi ora bisa mbendung ilu, mangkono uga Budiman.
Sri Ningsih : “Ibu…ibu…ibu boten pejah. Ibu taksih wonten.” (nangis gero-gero sinambi ndlosor ana jobin rumah sakit)

BABAK 10
Cekake Bu Prapto langsung dikubur. Omahe Sri Ningsih saiki wis disita karo renternir, sementara dheweke karo Budiman nunut ana ing omahe Pak Wardi. Nanging Sri Ningsih ya ngrumangsani nek ing omahe Pak wardi dheweke ora penak, saha kelingan lakune Pak Wardi sing tegel njeblosake bapakne ana ing penjara. Sawijining dina Sri Ningsih duwe penggalih ameh ngedu nasib ing ibukota karo Budiman diajak. Sakdurunge lungan menyang Jakarta dheweke lan Budiman nemoni bapakne ana penjara saperlu njaluk pamit lan restu.
Sri Ningsih : “Pripun Pak kabaripun?”
Pak Prapto : “Alhamdulillah apik Ndhuk. Lha kowe piye? Budiman piye Bud apik ta.”
Sri Ningsih : “Sae Pak.”
Budiman : “Sae Pak.”
Pak Prapto : “Ya syukur yen mangkono. Kok iki ndadak gawa tas gedhe-gedhe ameh ngapa kowe?”
Sri Ningsih : “Mekaten Pak. Kula mriki saperlu pamit ajeng wonten Jakarta Pak. Kula boten betah menawi wonten ing griyanipun Pakdhe.”
Pak Prapto : “Lha eneng apa? Kowe disengeni? Iya Ndhuk?”
Sri Ningsih : “Boten Pak. Boten saestu boten.”
Pak Prapto : “Nek kowe ameh neng Jakarta ki terus melu sapa ndhuk? Kowe iki isih cilik. Adhimu ya isih cilik. Bapak ora tega ngeculake kowe lan adhimu.”
Sri Ningsih : “ Mangkih kula dherek Ibunipun kanca sekolah kula Pak. Kula sampun dipunsukani alamatipun, lan wonten mrika kula sampun dipunparingi kerja kanthi ijasah SMP kula.”
Pak Prapto : “Tenan ndhuk? Kowe wis yakin?”
Sri Ningsih : “Inggih Pak. Kula nyuwun donganipun lan nyuwun pangestu kemawon. Mangkih menawi sampun sukses lan Bapak sampun medal saking penjara kula bakal mapak Bapak. Kita urip sareng-sareng malih Pak.”
Pak Prapto : “Yowes yen mangkono. Bapak ya mung bisa dongake muga slamet. Dijaga adhine ya.”
Sri Ningsih : “Nggih sampun Pak kula pamit mundak ketinggalan bis.”
Sri Ningsih lan Budiman menyang Jakarta numpak bis. Tekan kana dheweke dipetuk ibune kancane lan diwenehi gawean dadi buruh pabrik ing pabrike ibune kancane. Limang tahun suwene Sri Ningsih wis sukses nganti bisa tuku omah ana ing Jakarta, Budiman uga disekolahke Sri Ningsih. Sri Ningsih ora lali karo janjine marang bapakne yen ameh mapak. Ing tanggal bapakne bebas seka penjara Sri Ningsih langsung mapak Bapakne lan digawa ing Jakarta numpak kereta bisnis sing tikete regane larang. Tekan Jakarta Bapakne ngrasa seneng lan ayem merga suksese Sri Ningsih.
Pak Prapto : “Duh Gusti…omahmu apik tenan ndhuk.”
Sri Ningsih : “Alhamdulillah Pak nggih niki asil kerja kula Pak.”
Pak Prapro : “Ora nyana ndhuk awakmu bisa sukses kaya mangkene. Sepurane Bapak ya ndhuk ora bisa ngekeki apa-apa amung bisa numpang ana kene.”
Sri Ningsih : “Ya Allah Pak kula remen Bapak kersa wonten mriki Pak. Kula gadhah pepningin kita urip sareng-sareng malih.’
Pak Prapto : “Iya ndhuk Alhamdulillah.” (karo ngrangkul Sri Ningsih lan brebes mili)
TAMAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar