Rabu, 24 April 2013

Wayang Kulit Diorak-arik Kahanan, Apa Tenan?

Salah satunggaling warisan budaya ingkang kasebat kondhang lan nedahaken bilih bangsa Indonesia menika sugih tembunge, wibawa solahe, inggih Pagelaran Wayang Kulit. Nalika Jaman taksih pinayungan kanjeng sunan, Wayang Kulit menika minangka sarana kangge nepangaken ajaran islam ingkang ancasipun ngowahi kahanan gesangipun masyarakat ingkang ketingal blawur kaliyan agama. Awit saking menika wayang salajengipun dipunwastani tontonan ingkang ngandhut tuntunan.

Ubek ogaking budaya asing wontening jaman samenika, kasebat ndamel ajrih bilih kawontenan wayang saged katindhih owahing kahanan menika. Jumbuh kaliyan menapa ingkang dipunraosaken dening kawula mudha ingkang mrihatosaken babagan perkawis menika, pramila BEM FBS UNY kerja sama kaliyan HIMA JAWA ngawontenaken “Bincang Bimbang Mahasiswa” mapan ing Pendhapa Teja FBS.

Kangmas Hendro (Korbid Pedhalangan Kamasetra 2012) minangka pamedhar sabda wontening adicara menika ngendikakaken bilih wayang kulit menika, sejatosipun badhe tetep wonten ing kalampahan gesang menika, awit saking pamirsanipun ingkang ugi taksih ngremenaken bilih wayang kulit menika dipunpentasaken. Ing pangertosan, bilih tanggel jawab dhalang menika, kedah saged narik pamirsanipun supados langkung remen kaliyan wayang kulit.

Adicara ingkang kalaksanan ing dinten Rebo Pon, surya kaping 24 April 2013 tabuh 19.30 WIB menika, ugi mbikak dhiskusi kaliyan Dr. Suwardi, M.Hum minangka Pangarsa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah UNY. Saking pangandikanipun Bapa Suwardi, bilih kahanan ingkang ndamel owah lan gingsiripun kawontenan wayang salah satunggalipun, inggih persepsi bilih wayang menika paring tuladha kekerasan dhumateng para mudha, awit wonten sarantaman pasugatan wayang menika wonten adhegan perang antawisipun satriya kaliyan buta. Ananging, kasunyatan menika namung katilik saking sudut pandang ingkang setengah-setengah. Sejatosipun mbok bilih kersa ndhedhah babagan saking lampah lakunipun Arjuna wontening pewayangan menika estunipun kathah filosofi-filosofi ingkang paring piwucal unggah-ungguh.

“eee.. bleg geduwek uget-uget” wuda raosipun Bapa Suwardi ngregengaken swasana.

Ing pungkasan, bilih wayang kulit ing wekdal sakmenika gadhah panggadhang-gadhang mboten namung paring tontonan ananging ugi kedah saged ndherek nyengkuyung pendidikan karakter kangge para mudha.









[winarni]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar