Rabu, 22 Juni 2011

UDYANA edisi I Tahun VI Sampun Terbit

Puji syukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Asih, ingkang sampun paring kanugrahan tuwin kabagaswarasan, saengga Buletin UDYANA Edisi I taun 2011 saged terbit. Agunging panuwun katur dhumateng para dosen tuwin kanca-kanca mahasiswa PBD ingkang sampun nyengkuyung terbitipun buletin menika.
Buletin UDYANA minangka salah satunggaling program kerja divisi PENA gadhah pangajab saged dados wadhah kangge para kadang mahasiswa, tuwin sinten kemawon ingkang gadhah karya kadosta cerkak, geguritan, macapat, lan sanesipun.
Buletin UDYANA edisi I taun 2011 menika gadhah tema “Nguri-Nguri Kabudayan Jawa”. Tema
menika dipun-pilih amargi wonten jaman modern samenika, generasi-generasi anem sampun kathah ingkang boten mangertosi Budaya Jawa. Lumantar buletin menika redaksi nyengkuyung kanca-kanca supados nguri-nguri kabudayan Jawa.
Nanging buletin menika tamtu kemawon taksih gadhah kekirangan. Pramila, sedaya panyaruwe lan pamrayogi badhe katampi kanthi leganing manah sarta panuwun ingkang tanpa upami. Menawi wonten salebeting buletin menika kathah kekirangan anggenipun nyerat, minangka redaksi nyuwun lumunturing samudra pangaksami.
Nuwun.

1 komentar:

  1. Eh... aku kok durung ngrasa nyekel udyana edisi iki ya??? ra kebagean pa ya?? (-_-)"
    Nyuwun softFile-e wae wis... hihi

    BalasHapus