Jumat, 10 Juni 2011

Saktlemik Proker lan Pengurus HIMA Jawa UNY 2011


Pengurus HIMA JAWA UNY periode 2011 ampun dipun-bentuk nalika tanggal ...... kepengurusan enggal ingkang dipun-ketuai dening Juang Jatmika saking angkatan 2009 menika nggadhahi 40an pengurus. Saben kalih minggu sepisan, program kerja pengurus inti ngawontenaken temu kangen kangge mbahas lan laporan kamajenganipun proker saben divisi lan kangge ngraketaken pasedherekan dhateng pengurus sesami. Nanging boten namung kempal-kempal rapat kemawon, ananging wonten ing madyaning pakempalan menika ugi dipun-wontenaken arisan. Menika kangge medalaken krenteg saking sedaya pengurus supados tansah sregep anggenipun dhateng temu kangen.
Kados dene warsa kapengker, kepengurusan periode menika ugi nggadhahi sekawan divisi. Divisi ingkang sepisan nun inggih divisi Bakmi (Bakat lan Minat). Divisi ingkang dipun-koordinasi dening Romadhona menika nggadhahi proker-proker ingkang antawisipun sate (sanggar teater), sarimi (sanggar tari), es campur (pelatihan geguritan, karawitan, seni tradisi). Kajawi saking maneka warnining tetedhan menika, Bakmi ugi nggadhahi program Paku (Pentas Akhir Kepengurusan), Job Insidental lan HUT ingkang sampun dipun-lampahi.
Divisi ingkang kaping kalih nun inggih saking divisi kesra. Divisi ingkang dipun-koordinasi dening Endra wijaya menika nggadhahi wolung program kerja, nun inggih ospek-makrab, box aspirasi, AMT, KPU, identitas, dialog jurusan, lomba akademik lan lomba futsal. Kangge identitas, sampun sepakat ndamel blazer. Boten namung sepakat, ananging kala tanggal 7 April kapengker sedaya mahasiswa ingkang tumut nyengkuyung program kerja menika ugi sampun ngukur. Kangge lomba akademik lan futsal, lan lomba-lomba akademik ingkang dados rentedan acara HUT. Lomba akademik-ipun inggih menika lomba teater kalihan lomba kakang mbakyu ingkang dipun-adani rikala tanggal 14 Mei siang. Dialog jurusan ugi dados setunggal kalihan acara HUT ingkang dipun-adani wonten ing tanggal 19 Mei.
Divisi saklajengipun inggih menika divisi Pena. Divisi menika nggadhahi program kerja antawisipun udyana menika. Wonten pameran buku ingkang sampun dipun-adani inggih sareng kalihan acara HUT inggih tanggal 11-14 Mei ingkang mapan wonten ing ngajeng Lab. Karawitan. Kajawi program kerja ingkang dipun-adani wonten ing rentetan HUT menika, divisi ingkang dipun-koordinasi dening Eka Siwi menika ugi ngrancangaken wonten mading, perpustakaan, anjangsana, sarasehan, media informasi wonten ing facebook lan blog, kaliyan seminar. Kangge para pamaos, manawi badhe nyengkuyung program kerja Pena babagan Udyana lan Majalah Dinding saged ngirimaken karya panjenengan wonten ing facebook “hima jawa uny” utawi saged dipun-paringaken dening redaktur udyana.
Divisi ingkang pungkasan inggih menika Kerohanian. Divisi ingkang remen nguyak-uyak saben pengurus kelas supados ngempalaken infaq menika dipun-pandhegani dening Chory. Kejawi infaq, divisi menika ugi badhe ngawontenaken BakSos, syawalan, lan buber...
_echaKD_

Tidak ada komentar:

Posting Komentar