Kamis, 29 September 2011

Nyasar Jurusan?

Taun menika jurusan Pendidikan Bahasa Daerah UNY nampi 125 mahasiswa enggal. 125 mahasiswa enggal menika kapilih sasampunipun nyingkiraken pendaftar-pendaftar sanesipun ingkang uga badhe mlebet jurusan Pendidikan Bahasa Daerah UNY. Mlebet jurusan menika kalebet angel, amerga sainganipun kathah. Nanging, sanajan sampun kapilih mlebet jurusan menika, biyasanipun kathah ingkang dereng mantep. Kathah ingkang mlebet jurusan menika amerga dipun-peksa tiyang sepuhipun, wonten uga ingkang mlebet amerga boten ketampa wonten jurusan sanesipun, dadosipun tinimbang boten kuliah, banjur kepeksa kuliah wonten jurusan Pendidikan Bahasa Daerah UNY.
            Birokrasi uga gadhah peran ngengingi babagan kathah mahasiswa ingkang nyasar jurusan menika. Format pendaftaran universitas ingkang ngangsalaken calon mahasiswa milih 2 utawi 3 pilihan jurusan nyebabaken kathah mahasiswa ingkang ketampa wonten jurusan pilihan nomer 2 utawi 3 ingkang sanes jurusan prioritas nomer 1 para calon mahasiswa.
            Cariyos boten mantep utawa istilahipun nyasar wonten jurusan menika boten namung dipun-alami mahasiswa enggal angkatan menika, saben taun wonten ingkang ngalami nyasar jurusan menika. Ketua HIMA JAWA taun 2011 menika uga rumiyin sempet ngrasa nyasar wonten  jurusan Pendidikan Bahasa Daerah. “Bapak ingkang gadhah usul kula mlebet Bahasa Jawa, nanging kula karepipun mlebet jurusan ekonomi,” ujaripun Juang Jatmiko ketua HIMA JAWA taun menika. Mas Juang nambahaken menawi nyasar jurusan sampun nganthos dangu-dangu anggenipun gela, sampun kebacut mlebet jurusan menika sampun nganthos ngambek lan ora sinau. “Menawi ngangge istilah menika wis kebacut teles ya nyemplung renang sekaliyan,” miturute Mas Juang yan dipun-istilahkaken.
            Krasa nyasar jurusan uga dialami Yosep Wijaya, ketua OSPEK MAKRAB HIMA JAWA 2011. Saderengipun dipun-tampi wonten jurusan Pendidikan Bahasa Daerah UNY menika, Mas Yosep langkung rumiyin dipun-tampi wonten jurusan Hukum UII. “Kula awalipun sampun dipun-tampi wonten hukum UII, nanging ibu ngusulaken supados kula ndaftar Pendidikan Bahasa Jawa UNY,” cariyosipun Mas Yosep. Sasampunipun wonten woro-woro bilih piyambakipun dipun-tampi wonten pendidikan Bahasa Jawa UNY menika, Mas Yosep bingung. “Awalipun kula bingung sasampunipun mriksani menawi kula dipun-tampi UNY, ananging angsal pamrayogi saking sederek-sederek kula supados mundhut ingkang Pendidikan Bahasa Jawa UNY mawon,” cariyosipun Mas Yosep malih. Sasampunipun mlebet jurusan menika, Mas Yosep dereng mantep sanget, lajeng Mas Yosep gadhah prinsip menawi nindakaken pagaweyan menika kedhah tenanan boten pareng setengah-setengah supados asilipun bingahaken.
            Nyasar jurusan boten namung dipun-alami mahasiswa angkatan 2009, mahasiswa angkatan 2008 kadosta Mas Aji ingkang ugi mantan ketua HIMA JAWA periode kepengker ugi mlebet jurusan Pendidikan Bahasa Daerah awalipun amerga kesasar. “Amerga rikala SMA kula saking jurusan IPA, menawi kuliah kula kepengen mlebet Fisika,” cariyosipun Mas Aji. Mahasiswa ingkang samenika ugi dados wakil ketua BEM FBS menika mlebet jurusan Pendidikan Bahasa Daerah amargi pikanthuk pamrayogi saking gurunipun wonten SMA supados mlebet jurusan Pendidikan Bahasa Daerah.
            Senajan nyasar mlebet wonten jurusan Pendidikan Bahasa Daerah menika sampun  lumrah, ananging nyasar jurusan menika sampun nganthos ngakibataken mahasiswa dados males anggenipun kuliah. Cariyosipun mahasiswa wonten nginggil menika saged dipun-dadosaken tuladha ingkang sae ngingingi babagan nyasar mlebet jurusan menika. Taksih kathah mahasiswa lentipun ingkang awalipun krasa nyasar mlebet jurusan Pendidikan bahasa Daerah menika ingkang akhiripun sukses, nanging boten sekedhik ugi ingkang akhiripun gagal, samenika gumanthung panjenengan piyambak badhe nderek ingkang pundi.
A. F. Amin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar