Kamis, 31 Mei 2018

Juara 1 Lomba Kepenulisan Hima Jawa

NGUPIYA KIDS JAMAN NOW INGKANG NJAWANI

Basa Jawi inggih menika basa ingkang dipunangge wonten ing tlatah Jawi, mliginipun tiyang Jawi piyambak ingkang kagungan dalem utawi masyarakat ingkang gesangipun wonten ing Jogja mangetan. Bilih dipunpirsani mawi kacamata umum, estunipun basa Jawi menika sami kemawon kaliyan basa-basa sanesipun. Ananging bilih dipunsinauni kanthi langkung prayogi, basa Jawi menika minangka basa ingkang adiluhung. Boten namung saking subasitanipun ingkang kenthel saha ingkang inggil, ananging endahipun basa Jawi menika ingkang kaetang jempolan boten wonten ingkang saged nyaingi. Menika boten amargi raos saha patrap ingkang ala, ananging menika wujud raos bombong birawaning manah kaliyan basa Jawi ingkang edi peni. Bilih dipunpirsani saking subasitanipun ingkang inggil, saged kabuktekaken bilih basa Jawi menika mbedakaken tumrap tiyang sepuh menapa tumrap tiyang enem. Bilih tiyang sepuh menika anggenipun ngendikan mawi basa Jawi ngoko, bilih tiyang enem anggenipun ngendikan kaliyan tiyang sepuh ngginakaken basa Jawi krama inggil. Menika minangka kodrat bilih tiyang enem menika limrahipun ngurmati kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh. Pramila wonten ing basa jawi menika anggenipun ngendikan saben tataran menika dipunbedakaken supados boten ngirangi raos kurmat dhumateng tiyang sanes, langkung-langkung dhumateng tiyang sepuh. 
Basa Jawi minangka basa ingkang adiluhung, samenika unen-unen punika namung kangge masyarakat Jawi minoritas. Mayoritas tiyang Jawi sampun boten mangertosi babagan basanipun piyambak. Sinaosa tasih kathah ingkang saged basa Jawi, ananging kathah ugi ingkang sasar-susur anggenipun sami ngendikan.  Kids jaman now minangka generasi mudha langkung mrihatinaken, samenika sampun sami boten saged basa kanthi sae, langkung-langkung ngendikan ngginakake basa Jawi. Generasi mudha menika sami gadhah pamanggih bilih basa Jawi sampun katilar jaman, sampun boten saged dados tren, langkung-langkung malah nglingsemaken manah. Ingkang langkung dipununggul-unggulaken basa-basa saking njawi, inggih menika basa saking mancanegara. Basa menika kadosta basa internasional, basa Inggris ingkang samenika saweg kawentar wonten ing masyarakat. Basa menika kados kabetahan, amargi wonten ing jaman globalisasi menika, sedayanipun boten saged tebih saking basa Inggris. Pramila basa Inggris saged dados basa ingkang wonten sanginggilipun basa Jawi, basa ingkang langkung pokok wonten ing gesang bebrayanipun manungsa. Boten namung sewates basa Inggris kemawon, ingkang celak inggih menika basa Indonesia. Tiyang sepuh jaman now, kagungan pamanggih bilih putranipun langkung sae saha langkung gaul bilih anggenipun ngendikan mawi basa Indonesia. Menika keraos langkung mbombongaken manah ugi keraos langkung nginggilaken pangkatipun tiyang sepuh. 
Pamanggih tiyang sepuh kados wonten ing nginggil menika estunipun boten leres. Amargi basa Jawi menika ugi wujud peranganing budaya Jawi ingkang kedah dipunjagi saha dipunuri-uri supados saged lestantun dugi samangkeh. Ananging wonten ing praktekipun boten sami kaliyan ing teorinipun. Sedayanipun boten sinkron, tiyang sepuh malah ugi derek lingsem kaliyan basa Jawi. Kedahipun tiyang sepuh menika dados tonggak awal ingkang njagi saha nglestantunaken basa Jawi. Cara ingkang gampil menika kanthi nggulawenthah putranipun wiwit alit ngginakaken basa Jawi. Anggenipun sami ngendikan dipunkulintenaken ngginakaken basa Jawi ingkang sae ugi leres. Kanthi cara menika samangkeh putra saged ngendikan mawi basa Jawi ingkang sae ugi leres saha samangkih boten wonten raos lingsem wonten ing manah. Menika cara ingkang efektif supados putra menika samangkih boten ical ugi boten tebih saking budaya Jawi. 
Basa Jawi minangka basa lokal, basa kagunganipun tiyang Jawi piyambak, basa kang endah, edi peni, basa ingkang adiluhung ingkang kedah dipunuri-uri saha dipunlestantunaken supados boten ical. Pramila sumangga kula panjenengan sedaya minangka tiyang Jawi, minangka para mudha ingkang kagungan tanggel jawab kados pundi supados basa Jawi menika saged lestantun dugi samangkih. Wiwit samenika langkung saged menggalih malih bilih basa Jawi menika sanget wigatos. Basa ingkang adiluhung ingkang boten wonten tandinganipun. Basa Jawi menika boten namung wujud basa kemawon, ananging ugi saged dados wadah kula saha panjengan sedaya anggenipun sinau babagan karakter. Kanthi spontan bilih panjenengan wasis babagan basa Jawi, estunipun karakter panjenengan saged langkung sae. Kenging menapa saged kados menika? Amargi bilih panjenengan kulinten ngginakaken basa Jawi ingkang sae pramila panjenengan ugi kulinten ngginakaken subasita ingkang sae ugi. Mawi teges bilih karakter sae menika sampun tercetak saha melekat wonten panjenengan piyambak. Dados wonten ing gesang bebrayan saben dinten sampun kulinten ugi ngginakakaken subasita ingkang sae ugi. 
Awit saking menika sumangga sesareng sami jawil jinawil, sami dipunsangga sesarengan kados pundi caranipun nglestantunaken basa Jawi ingkang adiluhung menika. Ampun ngantos samangkih kebacut ical, nembe getun saha nandang sungkawa amargi sampun boten saged nguri-uri saha sampun boten saged nduweni malih. Langkung-langkung malah dipunpendet kaliyan tiyang-tiyang saking mancanegara. Menika budaya kula panjenengan minangka tiyang Jawi, pramila tanggel jawab lestantunipun basa Jawi ugi wonten ing tiyang Jawi piyambak. Sumangga sami dipunwiwiti saderengipun tiyang saking mancanegara ancang-ancang miwiti. 




Nama : Umu Arifatul Syifa
Kelas : X
Sekolah Asal : SMK N 1 Kalasan
Email : umuarifatuls@gmail.com
TTL : Sleman, 01 Oktober 2002
Alamat : jl. Kaliurang km 12,5 klembon RT 003/ RW 029
  Sukoharjo Ngaglik Sleman Yogyakarta 55581

Tidak ada komentar:

Posting Komentar