Kamis, 31 Mei 2018

Juara II Lomba Kepenulisan Hima Jawa

SINAU BASA, NEKUK ILAT

Basa Jawi inggih menika basa ingkang dipunginakaken kangge wicantenan saben dinten wonten ing tlatah Jawi, mliginipun Jawi Tengah (Hermadi, 2010). Basa Jawi dipunperang dados tiga inggih menika Basa Jawi Kuna, Basa Jawi Pertengahan, lan Basa Jawi Modern. Basa Jawi Kuna inggih menika Basa Jawi ingkang dipunginakaken nalika jaman kerajaan kuna. Basa Jawi Pertengahan diginakaken wiwit jaman Kerajaan Mataram Kuna, lan Basa Jawi Moderen dipunginakaken wiwit ambrukipun Kerajaan Mataram ngantos dumugi wekdal sakmenika. Pangrembakanipun basa jawi samenika sampun dumugi daerah – daerah ing njawi tlatah Jawa. Kathah tiyang sanes ingkang saking njawi kados ta Palembang, Banten, mliginipun Serang, Cilegon, lan Tangerang kaliyan Jawa Barat mliginipun Karawang, Subang, Indramayu, Cirebon, lan sanesipun migunakaken basa Jawi kangge wicantenan saben dinten. Perkawis menika dipunjalari saking program transmigrasi tiyang Jawi ingkang sami nyambut damel wonten ing mrika. Tansaya dangu tiyang jawi lajeng mbangun griya mapan ing saperangan tlatah menika.
Basa Jawi enggal, mliginipun ragam ngoko samenika kawastanan ngrembaka panganggenipun saha sampun nemahi ewah-ewahan. Perkawis menika saged dipunpanggihaken wonten ing padintenan saking lelagon ingkang nembe kondhang ing setengahing masarakat, kados ta: tembang Sayang Via Valen saha tembang Bojo Galak. Lare alit ingkang saben dintenipun ngginakaken basa Indonesia, gadhah raos remen nyekar menika awit saking kondhangipun tembang kekalih menika. Sinaosa mekaten, wonten ing cak-cakanipun Basa Jawi ragam krama sekedhik mbaka sekedhik sampun dipuntilaraken dening lare mudha. Awit wonten pamanggih bilih basa Jawi krama menika awrat sanget. Pramila, perkawis menika njalari tuwuhipun raos ajrih tumrap para mudha kangge  ngginakaken basa krama. 
Ing kulawarga, kathah bapak ibu ingkang ngginakaken basa Indonesia, alesanipun inggih menika menawi nyaosi tuladha kangge lare nalika matur dhateng tiyang sanes, langkung gampil ngginakaken basa Indonesia. Wonten ugi ingkang gadhah pamanggih bilih basa Jawi menika sampun mboten njamani, awit ingkang langkung dipunbektahaken saha dipunajeni menika basa Inggris. Ananging sinaosa mekaten, nalika sesrawungan wonten ing sekolah saha ing masarakat, taksih kathah ingkang ngginakaken basa Jawi, sinaosa namung basa Jawi ragam ngoko. Pramila,  tantangan kangge para mudha samenika inggih kados pundi saged nglestantunaken saha ngrukti basa Jawi wonten ing masarakat, mliginipun ragam krama.
Ing wekdal samenika, kathah kabudayan saking njawi ingkang mlebet kanthi bebas lan caos pengaruh tumrap para mudha. Nguri-uri Basa Jawi langkung prayogi dipuntindakaken wiwit taksih alit, para bapak ibu ing ndalem kedah nyaosi tuladha kados pundi matur ngginakaken basa Jawi krama ingkang leres nalika sesambetan utawi wicantenan dhateng tiyang sanes ing pasrawungan. Bapak lan ibu kedah nggatosaken kados pundi unggah-ungguh, tata krama lan pitutur lare dhateng tiyang sanes. Nalika wonten ing sekolah, piwulangan Basa Jawi ugi kedah dipunwucalaken kanthi saestu lan para siswa kedah nggatosaken nalika piwulangan Basa Jawi. Sinau basa Jawi menika ugi kedah sinau budaya Jawi, awit wonten ing budaya Jawi watak adiluhung saha unggah-ungguh menika langkung dipuntengenaken. Basa Jawi sakmenika sampun mrihatosaken sanget panganggenipun dening generasi mudha, pramila generasi mudha kedah ngupiyakaken nguri – nguri Basa Jawi ing kulawarga, sekolah, lan masyarakat.
Upiya ingkang saged dipuntindakaken wonten ing sekolah amrih basa Jawi saged lestari inggih menika gladhen matur basa Jawi ingkang sae, caos pendidikan karakter mawi lomba seni kethoprak, lomba geguritan, lomba sesorah Basa Jawi. Nalika wonten ing masyarakat, nguri-uri Basa Jawa saged dipuncakaken nalika sesrawungan dhateng sedherek  lan kanca-kanca. Kedah saged mbedakaken pundi basa ingkang trep saha leres nalika matur dhateng kanca utawi tiyang ingkang langkung sepuh. Tata krama ngendika ing kulawarga, sekolah, lan masyarakat menika dados salah satunggaling upiya kangge  nguri-uri  basa Jawi. 
Basa Jawi menika wigatos sanget, mboten namung minangka identitas bangsa saha warisan budaya, ananging ugi ngemot piwulang adiluhung ingkang saged nyengkuyung mbentuk karakter bangsa ingkang luhur. Panganggening Basa Jawi saged nambah nilai-nilai karakter tumrap generasi mudha ing wekdal globalisasi menika. Para mudha samenika kedah saged nekuk ilat utawi saged ngginakaken basa krama dhateng tiyang sanes. Para mudha kedah mangertosi wekdal kapan ngginakaken basa ngoko lan kapan kedah ngginakaken basa krama. Tuladhanipun nalika matur dhateng simbah utawi bapak ibu, basa ingkang leres dipunginakaken inggih menika basa krama amargi simbah utawi bapak ibu menika tiyang ingkang langkung sepuh. Nalika sesrawungan lan matur dhateng kanca–kanca, basa ingkang dipunginakaken saged basa ngoko saha krama. Ingkang baken, kita sedaya kedah saged empan papan, tegesipun kedah saged mapanaken sedaya perkawis kanthi papan ingkang trep. Wonten ing sekolah menapa dene ing masarakat, nguri-nguri basa Jawi saged diterapaken nalika wicantenan saha sesrawungan dhateng warga sekolah kaliyan tangga tepalih ing sakiwa tengenipun. Kados paribasan, witing tresna jalaran saka kulina, sok sintena ingkang kulina gladhen, mboten mokal menawi mbenjang saged lanyah anggenipun micara ngangge basa Jawi, langkung-langkung ragam krama. 











Nami Kula Mas’udin Nur Hidayat, saged dipuntimbali Masud utawi Masudin. Kula miyos ing Sleman, 26 November 2000. Umur kula sampun 17 taun. Griya Kula ing Balerante Sempu, RT 007 RW 007, Wonokerto, Turi, Sleman, Yogyakarta. Kula sekolah ing SMK N 2 Depok Sleman utawi STM Pembangunan Yogyakarta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar