Selasa, 15 Januari 2013

Keli Ning Aja Ngeli

kautaman piwulang adiluhung
ketenggel kelawan kang murba misesa
nalika sruning budaya lan sastra 

sirna ngeli sinebut kari separo
sajroning ati mung ngudarasa
apa iki pancen wis tumeka ramalan Prabu Jayabaya
wong jawa kari separo
wong jawa ilang jawane

aku iki ditundhung minggat 
saka lemahku dhewe
gremat-gremet ngudhali kawruhing budaya
kono kene mung sinawang blawur
Ah iyo,
Karepe ben diarani modern
Nanging ngertiya, dhewe iki ketinggalan jaman iya, kelangan jawa iya uga.
---------------------------------------------------------------------------------

Jawa Geger? Ketaman saweg nandhang gela, amargi salah satunggaling unsur budaya jawa, inggih menika basa jawa badhe dipunpegat kawontenanipun dening ingkang mengku kuwasa pamarintahan. Kados pundi bangsa Indonesia menika badhe dipunajeni dening bangsa sanes, menawi kanyata piyambakipun mawon mboten kersa ngajeni dhumateng awakipun piyambak. 

Ketingal saking wacana Menteri Pendidikan, Muhammad Nuh ingkang badhe nilaraken basa daerah wonten sakjroning kurikulum. Ing wekdal samenika, lumrah kemawon mbok bilih dereng rumaos kelangan menapa ingkang saged dipungadhang-gadhang dados identitas bangsa Indonesia menika ing mancanegara, ananging lelampahan kalawau badhe cetha gawang-gawang ngalarani ati ing wekdal samangke, menawi kita nemahi bilih Jawa sampun mboten gadhah menapa-napa malih, ateges, budaya ingkang dados ciri kapribaden Jawa menika sampun tilar. Bhinneka Tunggal Eka, ingkang nedahaken bilih Indonesia menika gadhah mawarni-warni kabudayan ugi saged lengser, saking lelenggahipun minangka semboyan kanegaran ingkang sampun ndamel kondhang Indonesia wonten ing mancanegara. Kaluhuran budi pekerti saha kautaman piwulang jawa, kanyatan ilang muspra menawi kabudayan lokal menika mboten dipunuri-uri malih. 

Wacana pemerintah ingkang karangkum wontening kurikulum 2013 kalawau sampun dipunuji publik, mbok bilih samangke respon sarujuk menika langkung kathah, saged kadadosan menawi basa daerah menika, mliginipun basa jawa estu dipunicali saking bangku sekolah, amargi kawontenan jam mucal menika dipunewahi langkung sekedhik. 

Bilih kabudayan nasional menika kempalan kabudayan daerah, sejatosipun namung badhe dados angen-angen kemawon, menawi wacana kurikulum 2013 ingkang ngrembag kawontenan basa daerah kalawau estu dipunlampahaken ing taun ngajeng. Amargi kawontenan wekdal mucal ingkang sakedhik, andadosaken upaya nepangaken budaya jawa kawastan kirang utawi langkung kirang jangkep.

Forum Peduli Bahasa Daerah ingkang dipunmandegani dening Mahasiswa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Universitas Negeri Yogyakarta, dinten Selasa surya kaping 15 Januari 2013 nindakaken aksi dhateng Kantor DPRD Provinsi DI. Yogyakarta. Saperlu caos panyaruwe dhumateng para wakil rakyat, bilih para kadang mahasiswa menika ajrih menawi basa daerah menika dipunicali saking kurikulum 2013. Pramila, saperangan saking wakil mahasiswa kaliyan Bapak Ibu Dosen katimbalan supados ndherek audiensi wontening salebetipun ruang sidang. Asiling jejak dengar pendapat kaliyan anggota dewan, inggih menika DPRD Provinsi segah bilih basa daerah, mliginipun basa Jawa kedah mlebet kurikulum kanthi paugeran ukum ingkang dipundamel kaliyan pemerintah daerah ingkang awujud PERDA. [winarni]

1 komentar: