Minggu, 22 April 2012

HUT HIMA 2012


Dumateng para sanak kadang ingkang minulya,  wonten  pawartos ingkang badhe kula andharaken inggih menika babagan HUT hima jawa UNY ingkang badhe kalaksanan . reroncening adicara HUT hima badhe kawiwitan saking tanggal 18 mei dumugi 24 Mei. Wonten ing reroncening acara menika ngawontenaken kathah sanger lomba-lomba lan pameran buku, sarto bakti sosial,lsp. Ing ngandap menika jadwal adicara HUT HIMA Pendidikan Bahasa Daerah tahun 2012
MEI
Senin
Selasa
Rabu
Kamis
Jum’at
Sabtu
Minggu
Tgl.18.
Sonten :
Kangmas Mbakyu
Ndalu:
Karawitan
Tgl.19.
Futsal
Tgl.20.
Futsal
Tgl.21.
Sonten:
Kaligrafi Jawa, (Ngempalaken Bakti sosial)
Tgl.22.
Sonten :
Pameran buku
Ndalu :
Dialog jurusan
Tgl. 23.
Sonten :
Pameran buku
Tgl.24.
Sonten :
Pameran buku
Ndalu :
PUNCAKING HUT
Katrangan :
1. Lomba kakang mbakyu, karawitan lan Futsal saben kelas wajib ndherek lan ngirimaken perwakilan saking kelas. 
2. Kaligrafi Jawa sasaranipun kangge sedaya mahasiswa UNY.
3. Pameran buku saged dipun pirsani wonteng ing ngajeng GK I.
4.  Dialog Jurusan kawontenaken wonten ing ruang seminar GK I lantai 2.
5. PUNCAKING HUT wonten ing Lab Karawitan nginggil.
6. Pendaftaran lomba HUT tanggal 23 – 25 April...
7. Pendaftaran Kaligrafi tanggal 1-10 Mei.
8. menawi wonten Info salajengipun nyusul
NUWUNNNNNN. . . . . . .#HUMAS HIMA
Waos SalajengipunHUT HIMA 2012

mading bulan April 2012

 sakmenika mading bulan April 2012, mading menika proker saking divisi Humas. mading menika dipun tempel wonten ing ngajeng jurusan PBD saben satunggal sasi pisan, ananging saben 3 sasi pisan majalah Udyana medal, menawi majalah Udyana medal mading istirahat rumiyin. Nyuwun pangapunten menawi mading wonten sasi kepengker kesupen kula lebetaken. . .nuwun......
Waos Salajengipunmading bulan April 2012

Jumat, 06 Januari 2012

Buletin UDYANA Taun Menika


Menika sedaya koleksi buletin UDYANA taun menika, saking edisi 1 ngantos dumugi edisi pungkasan taun menika, Sumangga ingkang dereng maos, lajeng badhe maos, saged langsung dipun-download kemawon :
1. udyana edisi 1.pdf
2. udyana edisi 2.pdf
3. udyana edisi 3.pdf.
Waos SalajengipunBuletin UDYANA Taun Menika

Senin, 02 Januari 2012

Laporan Infak Hima Jawa

Kangge ngajengaken kepengurusan HIMA JAWA ingkang tranparan, khususipun babagan Infak, menika laporan infak saking Divisi Kerohanian wiwit wulan Maret ngantos Desember 2011, ananging dereng kalebet infak kangge takziyah bapakipun ibu Sri Harti Widiyastuti, M. Hum ingkang seda wonten akhir Desember 2011. sumangga dipun-prisani :
Mugi-mugi sedaya keikhlasan saking sedaya mahasiswa Pendidikan Bahasa Jawa sedaya angkatan ingkang sampun ikhlas maringaken infakipun pinaringan piwalesan saking Gusti Allah ingkang langkung kathah lan barokah, amin.
Waos SalajengipunLaporan Infak Hima Jawa

Kamis, 08 Desember 2011

Mading Hima Jawa UNY


Mading Hima Jawa UNY sampun terbit. Manggenipun wonten papan sisih wetan gedung C 13 FBS UNY. Mading minangka proker saking divisi PENA Hima Jawa UNY menika ngemot babagan maneka warni.  Ingkang dados headline wonten mading samenika inggih menika pawartos-pawartos babagan proker-proker Hima Jawa ingkang nembe mawon sampun kalampahan kadosta PAK Hima Jawa UNY ingkang pungkasaning adicara inggih menika wayangan ingkang dalangipun Mas Rendy saking mahasiswa Pendidikan Bahasa Jawa angkatan 2008. Pawartos babagan PAK Hima Jawa menika ugi dipun-jangkepi kaliyan foto-foto dokumentasi adicara PAK menika.
Waos SalajengipunMading Hima Jawa UNY

Selasa, 22 November 2011

Bazar Pasar Rakyat Hima Jawa 2011

Sumangga enggal-enggal dhateng wonten ngajeng Gedung Kuliah I FBS, UNY. Wonten menapa? Ing mriku wonten pasar rakyat Hima Jawa UNY. Pasar rakyat Hima Jawa menika proker saking Hima Jawa UNY kangge mangeti datengipun akhir taun ingkang ugi akhir kepengurusan kangge pengurus Hima Jawa periode 2011. Pasar rakyat menika dipun-wontenaken saben taun, kangge taun menika dipun-wontenaken wonten ngajeng Gedung Kuliah I FBS, UNY. Pasar rakyat Hima Jawa taun menika sampun wonten wiwit dinten senin, 21 Nopember 2011. Wonten pasar rakyat Hima Jawa dipun-sade maneka warni barang sadenan, kadosta kerajinan-kerajinan tangan saking Kabupaten Gunungkidul, wonten ugi bazar buku-buku murah, menawi badhe njajan wonten mriku ugi wonten sadenan jajanan kadosta snack-snack alit, ingkang sepesial wonten jajanan maneka warni jamur, saking jamur goreng, kripik jamur, lsp. Menawi wonten ingkang badhe tumbas motor, wonten mriku ugi wonten pameran motor saking Honda, wonten stand Honda panjenengan saged nyuwun pirsa regi-reginipun motor Honda, utawi menawi badhe nyuwun pirsa babagan motor-motor enggal saking Honda menika menapa mawon.
Waos SalajengipunBazar Pasar Rakyat Hima Jawa 2011

Voli Minangka Keraketan

Wiwit dinten Jumat 11 Nopember 2011, rerangkening adicara Akhir Taun Hima Jawa kawiwitan. Adicara akhir taun Hima Jawa kawiwitan kaliyan kagiyatan Lomba Voli. Lomba Voli dipun-wontenaken antaraning sedaya kelas wonten jurusan Pendidikan Bahasa Jawa saking angkatan 2009 dumugi angkatan 2011. Adicara menika pancen boten wonten gegayutanipun kaliyan ngelmu ingkang dipunrembag wonten kuliah inggih menika ngelmu babagan Jawa, ananging saking lomba voli menika Hima Jawa gadhah ancas sedaya warga khususipun mahasiswa Pendidikan Bahasa Jawa saking sedaya angkatan saged tepang langkung malih saged reket anggenipun kekancan.
Waos SalajengipunVoli Minangka Keraketan