Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan

Rabu, 02 Maret 2016

geguritan kawruh sejati

Kawruh Sejati
Dening : Rio Viya Wahyusandy

Sumilir angin kang kerasa panas
Sweda tumetes pratandha sulayaning tyas
Lelakon urip kang sarwa nggragas
Kaya ngenteni netesing banyu ing padhas

Kaumpaman wong sajagad raya
Rebut rinebut bandha lan kuwasa
Aja ngimpi swarga
Yen isih lena gumerlaping donya

Kabeh padha luput
Luput yen urip mung sedilut
Bandha donya agawe pikiran ciyut
Iki mono jaman sarwa mawut
Amung nggayuh donya lan sapiturut

Apa iki kang sinebut urip sejati
Apa iki kang sinebut ilmu migunani
Ananging ati ora eling mring gusti
Lathi amung kanggo ngapusi

He... elinga manungsa jaman saiki
Eling kapitujon urip sejati
Aja luput marang kapitayan kang sayekti
Tan gawe dukaning Gusti
Mula wiwit resiking ati
Waos Salajengipungeguritan kawruh sejati

Senin, 29 Februari 2016

Rikala Grimis

Rikala Grimis Dening : Tri Puji Lestari Rikala grimisiki Kang kadulu paningal sipitmu Luhmu tumetes ing pipimu Lathimu katon bisu Rikala grimis wingi Sewu tembang wus karinonce Sewu tembung wus kaaturan Nanging lathimu saya bisu Lumampahan apa kang pinuju Nganti ati agawe cidra Sliramu among ing awang-awang Kelaran ati kasandhang Saiki sliramu lunga tan paswara Katresnan iki saya ora cetha Aku mung bisa pasrah Amarga kabeh wus bubrah
Waos SalajengipunRikala Grimis

Senin, 04 Januari 2016

eling piweling

Eling Piweling 14-11-2015 dening Merwan Ardi Widanto Nduk….. Le…. Coba deloken! Sawangen! Bangsa kang jare mardika nanging adus waspa Nagri kang sarwa duweni nanging mbrebes mili Nemoni samubarang kasunyatan ing jaman iki Jare mudha? Jare mudha nanging padha lali marang budaya Nduk….. Le…. Rumatana! Openana! Iki bandha! Iki bandha kang nora kaitung rega Iki warisan! Iki warisan kang nora bisa kaejol recehan Iku piwelingmu Bu… Bakal dak tindakna nadyan angele sepira Iki tekadku Bu… Kudu tresna marang budayaku Kudu nguri-uri budaya nagri Iki nora among waton kecap Nanging kabeh bakal kocap Nadyan awak ajur dadi sawur Nadyan yusawa isih kaitung kala Nanging tekadku ngluwihi gedhening arga Bayu, maruta, samirana kang anatap tekadku Tan bisa gawe rubuh pangajabku Agni kang dadi pralambang tekad Kobare kang bisa anggambarake Tekad kang bisa nulad Isin yen mudha lali marang budaya Isin yen nduweni nanging nora ngopeni Nguri, ngurip kui kang lanthip Eling piweling kang kudu dieling Kecap nanging kudu kocap Yaiku mudha kang bisa nuladha
Waos Salajengipuneling piweling

Selasa, 01 Desember 2015

geguritan

Mudha Taruna kang Kuwat Drajad Dhuh, Bapa Biyung…, Mulat mobat mabiting rat Lampu disco gumebyar aneng pratiwi Sinawung pramudha ngalasake negara Hana jalu nda juwita agawe geger Keh tanaya tanpa yayah Duk nala ing dur wus aglar Ahrang susila ing gesang Samsaya ingak-ingak pager arang Jejel riyel rebutan raja brana Tarup-tarup metani cacading lyan Mratah ngembrah sami padu Dhuh, Pramudha…, Jer jagat wus peteng lelimengan Tanana pepadhang kang sumambirat Karana dianggreg-anggregi nom jail, cethil,methakil Ywa, Aywa sira kadi kuwe Wataking yaksa singkirana Gya nuladha prasatria Yeku luhuring akrami adi sucipta Marta wit nandyang dhuhkita Dhemen tetulung mring lyan Runtuh atine yan upiksa anu sungkawa Tandange cukat kadya kilat, kasit kadya thathit Den ngati-ati nastiti tata titi tutug tatag Yitna yuwana mati lena Pragnya utamaning laku Sarwendah karma anteng jatmika lawan mandraguna Yan hyun pagawe wirang,sigra emut-emut Gusti Antrakusuma antuk swargaloka Iti araneki pramudha sayekti kang kuwat drajat Uninga lukita upakara prasatria Mrih bisa amerta paramita Jiwa mudha among praja Lumakweng gilig tekade prapta murud Kawangwang janaloka lir nirmala Dening : Puji Lestari Cahyaningsih PBD A 2014
Waos Salajengipungeguritan

Sabtu, 06 April 2013

Lakone Negara

Wus kedaden lakon bangsa nandhang sungkawa

Konangan ing kanyatan

Eluh getihe wong cilik muspra aji

Ketenggel salaku jantrane kang murba wisesa

Rumangsa melu handarbeni

Sakabeh-kabeh dikukuti

Among nguja awake dhewe

Tan kena kendat lan cinegah

Dening apa kang dadi darmane

Yen wis tiba wancine

Kang salah bakal seleh

Nadyanta wus sinebat satria kondhang kuncara

Iku mung amarga durung wayahe kangerten

Laku hambeging dasamuka

S e r a k a h!

kanyatan, rakyat ora bisa ngonangi kanthi mata kentara

Ananging, rasa kapidhak, katindhas ukum welut negara

nyata krasa nekak gulu,

durung garing koreng wingi sore

malah reka-reka katindhih maneh banyu tremos ngutahi

ora beda kaya dene watak sengkuni

lamis, umuk!!!

yen panguwasa nagara kelakon ngrubengi akal okole para kurawa
bakal panggih wancine
negara ambruk amarga penuwune dhewe.



-Winwin Onora-
Waos SalajengipunLakone Negara