Senin, 11 Januari 2016

cerkak

Lelakoning Sambikala
Dening : Rio Viya Wahyusandy

Dina iki luwih panas tinimbang wingi. Jam setengah loro awan aku lagi wae bali saka sekolahan. Aku bali mlaku turut dalan sing biasane tak nggo mangkat mulih. SMA ku ora pati adoh saka omahku, mung kira-kira sekilonan. Kebul saka knalpot motor lan mobil gawe wusanane saya panas. Jaman saiki wis arang ana wong numpak pit. Beda nalika jaman aku isih SD biyen. Motor lan mobil rung pati akeh, dadi ora gawe dalan macet. Ya piye maneh, jaman saya suwi saya maju, awake dheweuga ora bisa ketinggalan jaman ananging ya kudu isa nglestarekake kearifan lokal. Lagi wae tak tinggal nglamun sikil iki wis tekan ngarep omah. “Assalamualikum.”
“Walaikumsalam.” Wangsulane si Mbah
“Pak’e sampun mlampah to mbah ?” Pitakonku karo delehne tas ning kamar.
“Ya uwis to le, jam 1 mau wonge wis mangkat.”
“Gek ndang gek wisuh, gek sholat kana.” Perintahe si Mbah
“Nggih mbah sekedhap.” Aku ganti mangsuli karo mlaku ning kamar mandi.
Bapak ku gaweane mung serabutan, nanging saiki lagi usum panen dadi wonge oleh gawean panen ning nggone Pak Bardjo. Sarampunge sholat lan mangan aku banjur siap-siap menyang sawah gawakke Pak’e dhaharan lan uga ngrewangi panen. Ya ngene iki gaweanku, bali sekolah kudu ngrewangi Bapak nyambut damel. Amarga sing dadi tulang punggung keluarga ya mung Bapak, Ibuku ya wis seda. Aku uga anak tunggal. Nanging kabeh tak lakoni kanthi iklhas lan tulus.
“Pak ?”
“Ning kene le aku.” Wangsulane Bapak
“Menika kula bektakne dhaharan.” Karo delehne sega ning sandhing pit e.
“Walah kebeneran iki, pas wis luwe aku”
“Mangga njenengan dhahar rumiyin, kersane kula lajengaken macule” Karo nyandhak pacul.
“Kana lho le, sish wetan pojok durung rampung.”
“Nggih pak.”
Ora kerasa wis surup, gaweanku lan Bapak sedilut maneh rampung. Aku uga nata barang-barang sing arep digawa bali. Sadurunge bali ning omah, Bapak mampir ning omahe Pak Bardjo dhisik. Jaluk jatah bayaran dina iki mau. Ananging sawah sing digarap durung rampung. Sesuk isuk arep diteruske maneh.
Sabanjure tekan omah, aku adus lan rampung adus banjur tata-tata buku kanggo ulangan sesuk. Ora lali sianu. Sesuk wayahe ulangan Biologi salah sijining pelajaran kang aku isa lan tak senengi.
“Wis sinau durung le ?” Pitakone Bapak saka jaba kamar.
“Menika nembe sianu Pak.”
“Sinau sing sregep supaya besuk dadi wong pangkat.”
“Nggih Pak, nyuwun dongane supados benjing lancar.” Wangsulanku.
“Nek mung donga aku ora tau lali” Karo mlaku metu ning emeper omah.
“rungakna kandhane bapakmu kuwi.” Si Mbah nambahi
“Nggih Mbah.”
Isuk-isuk mruput jago wis kluruk. Aku langsung tangi mak krekal. Tak sawang si Mbah lagi masak lan Bapak uga wis arep mangkat ning sawah. Jam setengah pitu wis siap mangkat, ora lali jungkasan mlipis. Bapak meling marang aku yen garap soal ulangan dipikir sing tenanan, ora usah kesusu, lan ora usah nyonto kancane. Percaya marang awake dhewe wae. Si Mbah uga menehi aku gembolan. Ananging duduk gembolan jimat, yaiku awujud sangu dhuwit kanggo jajan. Bubar pamitan karo si Mbah aku banjur mangkat. Wis jam pitu kurang limalas, nek ku mlaku rada tak cepetne, sakjane aku wedi yen telat.
“Theng, theng, theng.” Bel sekolahku muni.
Slamet – slamet untung ora telat. Ora let suwi aku tekan kelas. Ananging ana sing aneh, abngkune buri wis padha dikebaki. Mung kari sing ana ning ngarepe guru. Welah, iso mati kaku iki.
“Woe le !” Swarane Bendot
“Ngapa ndot ?” Pitakonku
“Pokoke aku mengko nyonto kowe, awas nek nganti ora oleh.” Tangane karo ngepel.
“Nek aku wegah kowe arep ngapa ?”
“Malah nantang, didelok wae suk.”
Ujug-ujug bocah-bocah padha meneng. Bu Guru wis rawuh. Soale langsung dibagi. Tanganku gemeter, keringet ku netes deres. Nadyan durung buka soal, nanging rasane kaya pingin bali mulih. Soal tak bukak byak.
“Alhamdulillah” Batinku soal sing wingi tak sianu metu kabeh. Wah leresan alias kebetulan, padhang dalane iki.
“Woe, woe, sssstttt, ssssttt.” Swarane Bendot nyeluk aku.
“Ngapae garap dhewe-dhewe.” Wangsulanku
“Kalau mau ramai silahkan keluar !” Swarane Bu Guru kaya bledheg nyamber sirah.
Bocah – bocah langsung meneng cep. Alhamdulillah aku garap kanthi lancar. 2 minggu sawise ulangan, bijine wis metu. Alhamdulillah Gusti paring panerang. Bijiku rata-rata wolu lan sanga. Ananging ana sing ora terima yen bijiku apik. Yaiku Bendot, amarga ora tak contoni nalika ulangan dheweke gething marang aku. Banjur Bendot gawe pawarta kang ora bener. Dheweke muni yen aku oleh biji apik amarga aku jiplak buku. Wayah ana ing kantin aku ketemu Bendot.
“Hoe ! bala mangan balane ya kowe kuwi !” Omonganku nggetak.
“Ngomong apa kowe ?” Pitakone Bendot.
“sing gawe pawarta ora bener yen aku jiplak buku rak ya kowe ?”
“Aja gawe-gawe kowe.” Eyelane Bendot
“Halah ! wis ngaku wae sadurunge tak antem ndhasmu !” aku wis gethem-gethem
“Saiki coba pikiren maneh cah, apa ya mungkin anake buruh biji ulangane oleh apik ?” Pitakone Bendot marang kanca-kancane.
Omongan kuwi sing ora isa tak ngapura. Ora kakean omong banjur tak dugang cengele Bendot.
“Keparat kowe !”
“Gludhaak.” Swara awake Bnedot tiba nabrak meja.
“Tampanana kepelanku.” Bendot ganti bales.
“Ana apa iki ? Bubar-bubar.” Pak Katija guru olahraga sing nglereni geger iki.
Aku lan Bendot digawa menyang ruang BK. Ning ruang BK aku diwenehi peringatan keras supaya ora baleni maneh. Sabanjur kuwi mau aku bali. Lagi wae tekan omah, aku dikandhani si Mbah yen Bapak tiba ana ing sawah lan saiki lagi dirawat ing rumah sakit. Miturut dokter, Bapak kena serangan jantung. Kamangka yuswane
Bapak uwis sepuh. Amarga kahanan kuwi gelem ora gelem aku kudu kerja ganteni Bapak ku ing sawah. Kanggo tuku sega sak pulukan lan kanggo tuku obate Bapak.
Uwis seminggunan aku ora mlebu sekolah, para guru ing sekolahku wis mangerteni kahanan keluargaku. Dadi ana pengecualian kanggo aku.
“Sekolah kok ning sawah.” Swarane kancaku krungu saka kadohan kang maido kahananku.
Swara-swara saru kaya ngono amung dadi coba yen tinampa kanthi legawa. Suwene –suwe, aku uga ngrasa kesel nglakoni urip kang sarwa kebak alangan. Nalika sore bubar kerja, aku diceluk si Mbahku.
“Le reneo tak kandhani”
“Nggih Mbah, wonten menapa?” Pitakonku
“Bapak mu tekan seprene yo durung mari saka larane, kowe dadi bocah kudu sabar.” Kandhane si Mbah
“Nggih Mbah, manawi kula nggih tansah sabar terus.”
“Gegaraning urip kuwi duduk mung kanggo golek bandha donya, urip kang sejati iku mung kanggo dalan tumuju alam kelanggengan. Mula kudu sareh, eling lan waspada. Ora gampang lena marang gumerlaping donya.”
“Nggih Mbah, matur nuwun sampun disukani pitedah.”
Dina kuwi aku ngrasa alangan urip kang tak rasakke iku mung kanggo gemblengan marang awaku dhewe.
Rikala isih isuk, ana kabar saka rumah sakit panggone Bapak dirawat. Yen Bapak uwis seda tumuju alam kelanggengan. Kaya disamber bledheg ing awan-awan. Apa iki bener kasunyatan? Sing dadi pitakon ing atiku. Bapak ku sing tekan seprene menehi aku, ngelmu kanggo nglakoni urip kang mituhu uwis ora ana. Akeh kang dadi ganejelan ing atiku. Kepiye cara supaya aku bias neruske sekolah ?. awane jenazahe Bapak ku rampung dikubur.
“sing tabah ya le.” Swarane Pak kepala sekolahku
“Nggih Pak.” Wangsulanku
“Wis kowe ora usah bingung maneh mikir bayar sekolah, wingi kowe klebu murid kang oleh beasiswa ngnati tekan perguruan tinggi. Amarga prestasimu sing apik tenan.”
“Saestu Pak ?” Rasane aku kaya urung percaya.
“Iya kowe mulai minggu ngarep wis isa mlebu sekolah kaya biasane.”
“Matur nuwun sanget pak.” Atiku sing maune peteng surem dadi padhang ngalahi lintang.
Sepira aboting sengsara yen tinampa amung dadi coba. Jebul ana ing sawalike musibah ana hikmah kang agung kanggo sapa wae kang bersyukur. Akhire aku bisa mlebu sekolah maneh.
Waos Salajengipuncerkak

Senin, 04 Januari 2016

eling piweling

Eling Piweling 14-11-2015 dening Merwan Ardi Widanto Nduk….. Le…. Coba deloken! Sawangen! Bangsa kang jare mardika nanging adus waspa Nagri kang sarwa duweni nanging mbrebes mili Nemoni samubarang kasunyatan ing jaman iki Jare mudha? Jare mudha nanging padha lali marang budaya Nduk….. Le…. Rumatana! Openana! Iki bandha! Iki bandha kang nora kaitung rega Iki warisan! Iki warisan kang nora bisa kaejol recehan Iku piwelingmu Bu… Bakal dak tindakna nadyan angele sepira Iki tekadku Bu… Kudu tresna marang budayaku Kudu nguri-uri budaya nagri Iki nora among waton kecap Nanging kabeh bakal kocap Nadyan awak ajur dadi sawur Nadyan yusawa isih kaitung kala Nanging tekadku ngluwihi gedhening arga Bayu, maruta, samirana kang anatap tekadku Tan bisa gawe rubuh pangajabku Agni kang dadi pralambang tekad Kobare kang bisa anggambarake Tekad kang bisa nulad Isin yen mudha lali marang budaya Isin yen nduweni nanging nora ngopeni Nguri, ngurip kui kang lanthip Eling piweling kang kudu dieling Kecap nanging kudu kocap Yaiku mudha kang bisa nuladha
Waos Salajengipuneling piweling

Selasa, 01 Desember 2015

geguritan

Mudha Taruna kang Kuwat Drajad Dhuh, Bapa Biyung…, Mulat mobat mabiting rat Lampu disco gumebyar aneng pratiwi Sinawung pramudha ngalasake negara Hana jalu nda juwita agawe geger Keh tanaya tanpa yayah Duk nala ing dur wus aglar Ahrang susila ing gesang Samsaya ingak-ingak pager arang Jejel riyel rebutan raja brana Tarup-tarup metani cacading lyan Mratah ngembrah sami padu Dhuh, Pramudha…, Jer jagat wus peteng lelimengan Tanana pepadhang kang sumambirat Karana dianggreg-anggregi nom jail, cethil,methakil Ywa, Aywa sira kadi kuwe Wataking yaksa singkirana Gya nuladha prasatria Yeku luhuring akrami adi sucipta Marta wit nandyang dhuhkita Dhemen tetulung mring lyan Runtuh atine yan upiksa anu sungkawa Tandange cukat kadya kilat, kasit kadya thathit Den ngati-ati nastiti tata titi tutug tatag Yitna yuwana mati lena Pragnya utamaning laku Sarwendah karma anteng jatmika lawan mandraguna Yan hyun pagawe wirang,sigra emut-emut Gusti Antrakusuma antuk swargaloka Iti araneki pramudha sayekti kang kuwat drajat Uninga lukita upakara prasatria Mrih bisa amerta paramita Jiwa mudha among praja Lumakweng gilig tekade prapta murud Kawangwang janaloka lir nirmala Dening : Puji Lestari Cahyaningsih PBD A 2014
Waos Salajengipungeguritan

Rabu, 09 September 2015

komik tema ospek 2015

Komik
Dening : Slamet Widodo
Waos Salajengipunkomik tema ospek 2015

Senin, 07 September 2015

Komik Tema Ospek

Komik kanthi tema ospek
Dening : Slamet Widodo
Waos SalajengipunKomik Tema Ospek

Selasa, 09 Juni 2015

Formulir Oprec Kepanitiaan OSPEK PBD FBS UNY 2015

Sumangga, kangge kanca-kanca Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah angkatan 2013/2014 ingkang ngersakaken dados panitia OSPEK lan Sikrab/Makrab 2015, saged ndherek Oprec menika. Formulir saged dipunundhuh ing link ing ngandhap menika :
Waos SalajengipunFormulir Oprec Kepanitiaan OSPEK PBD FBS UNY 2015