Pentas akhir kepengurusan utawi biyasa dipun sebat PAK inggih menika salah satunggaling program kegiatan saking Pangemban Hima Jawa.Adicara menika gadhah ancas kangge langkung ngraketaken sedaya warga pendidikan bahasa daerah kalebet pangemban saha anggotanipun.Pentas menika ugi dados sarana pengembangan mahasiswa ingkang gandrung dhateng kesenian saha budaya luhur jawi.