Senin, 29 Februari 2016

Rikala Grimis

Rikala Grimis Dening : Tri Puji Lestari Rikala grimisiki Kang kadulu paningal sipitmu Luhmu tumetes ing pipimu Lathimu katon bisu Rikala grimis wingi Sewu tembang wus karinonce Sewu tembung wus kaaturan Nanging lathimu saya bisu Lumampahan apa kang pinuju Nganti ati agawe cidra Sliramu among ing awang-awang Kelaran ati kasandhang Saiki sliramu lunga tan paswara Katresnan iki saya ora cetha Aku mung bisa pasrah Amarga kabeh wus bubrah
Waos SalajengipunRikala Grimis

Jumat, 26 Februari 2016

Surup ing Stasiun Jebres

Surup ing Stasiun Jebres
(Dening: Maratun Nabilah)
Gajah-gajah mrene tak kandhani jah.
Mata kaya laron, siung loro, kuping gedhe.
Kathik nganggo tlale
Buntut cilik, tansah kopat-kapit.
Sikil kaya bumbung. Mung mlakumu megal-megol

Aku kelingan jaman isih cilik. Wayah sore, dolanan ing lapangan sacedhake sawah karo Mbak Tatik lan Dhik Marni, yen lagi ngenteni simbok ngasak pari kanggo mangan bengi. Nanging saiki, kabeh mau namung ana ing awang-awang. Simbok wis katimbalan dening Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Lan bapak, embuh ana ngendi bapak saiki. Pamite lunga menyang Batam kerja golek dhuwit kanggo ragad sekolah, nanging nyatane babar blas ora ana kabare.
“Mbak Minah, kok Mbak Tatik sampun dangu boten wonten kabar? Samenika nyambut damel menapa nggih Mbak dhateng Jakarta? Biasane, rutin paring kabar. Sawise Ibu tilar donya, sampun boten wonten kabar malih saking Mbak Tatik. Kula kangen, lan kula ugi kuwatos.”
“Apa sing perlu dikuwatirake? Sapa ngerti yen Mbak Tatik pancen lagi repot, Ni. Awake dhewe ora perlu mikir sing ora-ora marang Mbak Tatik.”
Sadulurku cacahe ana telu. Sing mbarep Mbak Tatik, aku, lan Marni. Mbak Tatik saiki urip ing Jakarta, dadi pramusaji ing sawijining restoran ing Jakarta. Adhikku Marni dadi buruh umbah-umbah ing sawijining Laundry ing kutha. Lan aku, tunggu warung cilik tinggalane ibu nalika isih sugeng.
Sawijining dina, awake Marni panas, lan watuk getih. Sawise dipriksa, dheweke kena lara pneumonia utawa kang asring kasebut lara paru-paru, lan kudu cepet-cepet nebus obat. Regane obat kuwi ora kaya regane es kucir. Apa aku kudu adol omah tinggalane simbok iki kanggo nebus obate Marni? Banjur aku arep menyang ngendi yen omah iki didol? Dhuh Gusti, pacoban menapa malih menika Gusti? Paringi dalan padhang, Gusti.
“Mbak, sampun. Boten sah dipun penggalih nemen-nemen. Boten perlu nebus obat menika. Kula tak pados jamu kemawon. Marni ngawiti pacelathon.
“Ya aja kaya mangkono, Ni. Wis, aja kuwatir. Aku sesok tak menyang Jakarta nyusul Mbak Tatik. Tak melu kerja ing kana, golek dhuwit kanggo tuku obat. Mengko, kowe dakitipake ing daleme budhe Tugi ya. Aku janji ora bakal lali marang kowe. Lungaku iki mung kanggo kowe, Ni. Ben kowe bisa mari, ya?”
“Boten Mbak. Kula ajrih menawi panjenengan tinggal dhateng Jakarta. Kula piyambakan dhateng mriki.”
“Ora, Ni. Kowe ora dhewe. Kowe karo ngancani budhe Tugi. Budhe Tugi lak ya dhewean ta ing omah? Budhe Tugi ya wis sarujuk menawa kowe daktitipake ing kana.”
“Nggih sampun, Mbak.
Esuk mruput aku mangkat menyang Jakarta. Saka desa, aku nunut colt sing arep menyang pasar Sima. Banjur, golek bus menyang Sala. Teka Jebres, lagi numpak sepur menyang Jakarta. Begjane isih ana tiket sepur kanggo dina iku, amarga aku durung tau numpak sepur, mikirku ya bisa tuku tiket dina iku terus langsung mangkat. Jebul yen numpak sepur kudu pesen tiket dhisik.
Aku ora ngerti ngendi-ngendi, namung nggawa kertas cilik kang isine alamat papan panggonan nyambut gawene Mbak Tatik. Teka kana, aku takon marang satpam sing ana ing stasiun. Satpame apikan, gelem ngudihi alamat ing kertas sing tak gawa. Jebul ora adoh saka stasiun kono. Aku mlaku wae, pikirku. Bareng wis teka ing alamat kuwi, aku takon marang mbak-mbak sing ana ing ngarep restoran, banjur aku takon apa Mbak Tatik ana ing kono? Nanging atiku gela. Amarga mbak-mbak mau ora kenal karo Mbak Tatik, banjur aku mlebu restoran kang sarwa endah perabotane mau. Karepku nggoleki juragan sing nduwe restoran kuwi. Nanging aku malah ditundhung saka kono. Dikira aku arep ngemis. Aku tetep ngeyel mlebu nggoleki Mbak Tatik. Banjur ana wanita ayu marani aku, tibake dheweke juragan ing restoran kuwi. Bareng aku takon, wangsulane, ya ora weruh. Banjur tak terangake ciri-cirine. Wanita ayu kuwi mau manthuk-manthuk. Dheweke banjur cerita yen biyen ana karyawan kono jenenge Atik. Nanging saiki wis ora nyambut gawe ing kono maneh. Banjur wanita mau menehi kertas cilik isine alamat omahe mbak Tatik.
Sawise oleh alamat omahe Mbak Tatik, ngalor ngidul lakuku nggoleki alamat kuwi. Bareng wis pethuk, aku kaget. Lho, kok panggonan kaya mangkene. Ana wong lanang sing metu saka kono katon mabuk, karo digandheng wanita kang ayu praupane. Kayane aku ngerti wanita kuwi. Lho, kuwi lak Mbak Tatik.
“Mbak, mbak Tatik. Mbak.” Aku mbengok saisaku nyeluk mbakyuku. Nanging, Mbak Tatik malah mlaku cepet, nggruketake tangane ing pundhake wong lanang mau, banjur mlebu mobil Daihatsu Xenia. Tak tututi. Tak dhodhoki kaca mobile, banjur Mbak Tatik mbukak kaca mobil.
“Ana apa kowe mrene? Yen perkara dhuwit, sesok dakkirim liwat Western Union. Saiki balia menyang desa!”
“Boten mekaten, Mbak. Samenika Marni nembe sakit paru-paru Mbak, mbetahaken bea ingkang boten sekedhik. Marni ugi kangen panjenengan. Kula kepengin panjenengan kondur dhateng Cengklik.”
“Ora, Nah. Aku nyambut gawe ing kene. Aku golek dhuwit kanggo kasenenganku dhewe. Bapak wae ya wegah bali ing desa ta? Arep ngapa ing desa? Dadi buruh? Babu? Aku wegah Nah. Aku wis kepenak urip ing kene. Apa kowe gelem melu aku nyambut gawe ing kene? Gajine gedhe, bisa nuku omahe Pak Lurah Cengklik, bisa nuku samubarang.”
“Nyambut damel menapa, Mbak?”
“Gaweanmu mung leladi sing penak kok. Ora perlu sekolah dhuwur, wis bisa ngasilake dhuwit akeh. Durung mesti sing sekolah dhuwur kae bisa entuk dhuwit akeh kaya aku iki.”
Atiku panas ngerti kahanane mbak Tatik sing kaya mangkono. “Boten, Mbak. Menika haram. Dilarang agama. Luwih becik kula bali ing desa kemawon Mbak. Nyambut damel sing halal. Boten kados panjenengan.”
Banjur aku milih ngalih saka papan haram kuwi. Ninggalake Mbak Tatik. Aku bali menyang desa. Bali tunggu warung, yen sore dadi guru ngaji ing langgar. Aku percaya bakal ana dalan pepadhang saka Gusti. Surup iki, stasiun Jebres iki dadi saksine janjiku marang awakku, bakal nggolekake tamba Marni, lan ora ngarep-arep Mbak Tatik maneh.
Waos SalajengipunSurup ing Stasiun Jebres