Selasa, 01 Desember 2015

geguritan

Mudha Taruna kang Kuwat Drajad Dhuh, Bapa Biyung…, Mulat mobat mabiting rat Lampu disco gumebyar aneng pratiwi Sinawung pramudha ngalasake negara Hana jalu nda juwita agawe geger Keh tanaya tanpa yayah Duk nala ing dur wus aglar Ahrang susila ing gesang Samsaya ingak-ingak pager arang Jejel riyel rebutan raja brana Tarup-tarup metani cacading lyan Mratah ngembrah sami padu Dhuh, Pramudha…, Jer jagat wus peteng lelimengan Tanana pepadhang kang sumambirat Karana dianggreg-anggregi nom jail, cethil,methakil Ywa, Aywa sira kadi kuwe Wataking yaksa singkirana Gya nuladha prasatria Yeku luhuring akrami adi sucipta Marta wit nandyang dhuhkita Dhemen tetulung mring lyan Runtuh atine yan upiksa anu sungkawa Tandange cukat kadya kilat, kasit kadya thathit Den ngati-ati nastiti tata titi tutug tatag Yitna yuwana mati lena Pragnya utamaning laku Sarwendah karma anteng jatmika lawan mandraguna Yan hyun pagawe wirang,sigra emut-emut Gusti Antrakusuma antuk swargaloka Iti araneki pramudha sayekti kang kuwat drajat Uninga lukita upakara prasatria Mrih bisa amerta paramita Jiwa mudha among praja Lumakweng gilig tekade prapta murud Kawangwang janaloka lir nirmala Dening : Puji Lestari Cahyaningsih PBD A 2014
Waos Salajengipungeguritan