Rabu, 24 April 2013

Wayang Kulit Diorak-arik Kahanan, Apa Tenan?

Salah satunggaling warisan budaya ingkang kasebat kondhang lan nedahaken bilih bangsa Indonesia menika sugih tembunge, wibawa solahe, inggih Pagelaran Wayang Kulit. Nalika Jaman taksih pinayungan kanjeng sunan, Wayang Kulit menika minangka sarana kangge nepangaken ajaran islam ingkang ancasipun ngowahi kahanan gesangipun masyarakat ingkang ketingal blawur kaliyan agama. Awit saking menika wayang salajengipun dipunwastani tontonan ingkang ngandhut tuntunan.

Ubek ogaking budaya asing wontening jaman samenika, kasebat ndamel ajrih bilih kawontenan wayang saged katindhih owahing kahanan menika. Jumbuh kaliyan menapa ingkang dipunraosaken dening kawula mudha ingkang mrihatosaken babagan perkawis menika, pramila BEM FBS UNY kerja sama kaliyan HIMA JAWA ngawontenaken “Bincang Bimbang Mahasiswa” mapan ing Pendhapa Teja FBS.

Kangmas Hendro (Korbid Pedhalangan Kamasetra 2012) minangka pamedhar sabda wontening adicara menika ngendikakaken bilih wayang kulit menika, sejatosipun badhe tetep wonten ing kalampahan gesang menika, awit saking pamirsanipun ingkang ugi taksih ngremenaken bilih wayang kulit menika dipunpentasaken. Ing pangertosan, bilih tanggel jawab dhalang menika, kedah saged narik pamirsanipun supados langkung remen kaliyan wayang kulit.

Adicara ingkang kalaksanan ing dinten Rebo Pon, surya kaping 24 April 2013 tabuh 19.30 WIB menika, ugi mbikak dhiskusi kaliyan Dr. Suwardi, M.Hum minangka Pangarsa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah UNY. Saking pangandikanipun Bapa Suwardi, bilih kahanan ingkang ndamel owah lan gingsiripun kawontenan wayang salah satunggalipun, inggih persepsi bilih wayang menika paring tuladha kekerasan dhumateng para mudha, awit wonten sarantaman pasugatan wayang menika wonten adhegan perang antawisipun satriya kaliyan buta. Ananging, kasunyatan menika namung katilik saking sudut pandang ingkang setengah-setengah. Sejatosipun mbok bilih kersa ndhedhah babagan saking lampah lakunipun Arjuna wontening pewayangan menika estunipun kathah filosofi-filosofi ingkang paring piwucal unggah-ungguh.

“eee.. bleg geduwek uget-uget” wuda raosipun Bapa Suwardi ngregengaken swasana.

Ing pungkasan, bilih wayang kulit ing wekdal sakmenika gadhah panggadhang-gadhang mboten namung paring tontonan ananging ugi kedah saged ndherek nyengkuyung pendidikan karakter kangge para mudha.









[winarni]
Waos SalajengipunWayang Kulit Diorak-arik Kahanan, Apa Tenan?

Sabtu, 06 April 2013

Lakone Negara

Wus kedaden lakon bangsa nandhang sungkawa

Konangan ing kanyatan

Eluh getihe wong cilik muspra aji

Ketenggel salaku jantrane kang murba wisesa

Rumangsa melu handarbeni

Sakabeh-kabeh dikukuti

Among nguja awake dhewe

Tan kena kendat lan cinegah

Dening apa kang dadi darmane

Yen wis tiba wancine

Kang salah bakal seleh

Nadyanta wus sinebat satria kondhang kuncara

Iku mung amarga durung wayahe kangerten

Laku hambeging dasamuka

S e r a k a h!

kanyatan, rakyat ora bisa ngonangi kanthi mata kentara

Ananging, rasa kapidhak, katindhas ukum welut negara

nyata krasa nekak gulu,

durung garing koreng wingi sore

malah reka-reka katindhih maneh banyu tremos ngutahi

ora beda kaya dene watak sengkuni

lamis, umuk!!!

yen panguwasa nagara kelakon ngrubengi akal okole para kurawa
bakal panggih wancine
negara ambruk amarga penuwune dhewe.



-Winwin Onora-
Waos SalajengipunLakone Negara